SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Bocah wadon sangang taun, Chyarla, ngiyup ing tritisan warung nalika srengenge nyunar ing dhuwur sirah. Dikancani biyunge, Selvi, 42, Chyarla nunggu giliran munggah panggung nuduhake tari bondan kendi. Chyarla lan kanca barakan melu kagiyatan Apresiasi Seni Bersama Sanggar Seni Metta Budaya Solo ing Joglo Sriwedari Solo, Setu (14/4) awan. Chyarla katon ayu lan manis nalika didandani sanggul lan busana adat Jawa.

“Seneng tari, amargo seneng lan akeh kancane,” ujare Chyarla nalika ditemoni Espos, Setu wingi. Deweke uwis melu sanggar tari wiwit umure enem taun utawa telung taun kepungkur. Selvi crita nalika anake isih cilik, Chyarla seneng nonton babagan tari budaya Jawa. Deweke malah ora seneng tari modheren saka Korea utawa Amerika kaya jejogedan sing saiki lagi ngetren ing TV lan ditresnani para diwasa. “Chyarla senenge tari Jawa, emoh tari saka manca nagara,” critane Selvi.

Promosi Tragedi Kartini dan Perjuangan Emansipasi Perempuan di Indonesia

Selvi kandha yen Chyarla mlebu ing sanggar tari amarga papenginan bocahe dewe, ora dipeksa karo abah biyunge. Saengga, deweke akeh ngucap sokur amarga anak wadon ragil kuwi mau dadi bocah sing kalem, uga ngarep-arep dadi anak ingkang nurut lan pinter. “Tinimbang wektune kanggo deleng TV utawa melu jejogedan kaya saka manca nagara, luwih becik sinau budaya Jawa, melu nari ing sanggar tari, akeh kabecikane lan miguna,” piterange Selvi. Kabecikane kaya uwis thukul sipat alus lan feminim.

Uga duwe tatakrama lan kurmat marang wong tuwa. Sipat-sipat iku amarga ing sekolahan lan sanggar tari diwulang babagan tatakrama. Selvi uga duwe tanggung jawab nuladhani marang anak-anake, utamane anak wadon babagan andhap asor lan tatakrama Jawa. “Ing omah uga dikandani sareh jatmika, kaya maem ora karo ngomong, bocah wadon lungguh sopan kuwi kudu rapet lan liya-liyane,” ujare. Mumpung isih bocah, luwih gampang nangkep piwulang babagan tatakrama.

Semono uga Sukma, 32, marang anak wadone, Ratih, bocah limang taun. Wiwit isih bocah, anak wadon kudu luwih di ayomi lan diwulang tatakrama. Ratih uga gandrung kalian seni tari. Deweke uwis setahun melu sanggar tari. Sukma uga ora peksa anake kudu melu sanggar tari. Lha piyambake uga ora bisa lan ora seneng nari. “Mengko yen uwis jeleh bocahe dhewe,” piterange Sukma. Sukma luwih seneng bocah wadone dhuwe kagiyatan ing jaba, ananging deweke kudu tetep bisa ngawasi. Prinsipe kagiyatan kuwi bisa miguna lan ora ana alane.

Selvi lan Sukma ngakoni prihatin deleng kahanan sing uwis tansah bubrah babagan piwulang tatakrama Jawa, luwih-luwih tumrap anak wadon. Jaman saiki, pasrawungan bocah lanang lan wadon uwis kebablasan. Luwihe bocah utawa diwasa sing isih sekolah. “Kabeh biyung mesti wedi lan prihatin. Mangkane kawit isih bocah, kudu uwis diajari babagan tatakrama, ngerti batasane pasrawungan wong wadon lan lanang,” critane Selvi. Ngulang bocah kuwi paribasan ngukir tulisan ing dhuwur watu, banjur ngulang wong tuwa paribasan ngukir tulisan ing banyu. 

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya