SOLOPOS.COM - Gubernur DKI Jakarta, Joko Widodo (Jokowi), wawangunem kalawan warga Kelurahan Bukit Duri, Jakarta Selatan, Slasa, 16 Oktober 2012.

Gubernur DKI Jakarta, Joko Widodo (Jokowi), wawangunem kalawan warga Kelurahan Bukit Duri, Jakarta Selatan, Slasa, 16 Oktober 2012.

Sawijining bakul beras ing Kaliurang, Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta ngadeg ing pinggir dalan. Ora let suwe ana jip liwat. Bakul beras mau nyegat jip kuwi sing arahe pancen nuju pasar. Bakul kasebut mrentah supaya sopir jip gelem ngunggahake beras-beras montor kuwi.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Tekan pasar, sopir jip kasebut ngudhunake beras sing diwadhahi bagor. ”Iki dhuwite,” kandhane bakul beras mau sinambing ngulungake upah  marang sopir jip mau. Nanging, sopir jip mau ora gelem. Bakul beras malah nesu, rumangsa dhuwite sithik. Ora suwe, sopir mau nyetater montore, banjur lunga.

Sawijining polisi ing pasar kuwi kandha marang bakul beras mau ”Mbakyu, apa njenengan ngerti sapa sopir mau?” pitakone polisi. ”Sopir ya sopir. Aku ora prelu jenenge. Pancen sopir mau aneh,” kandhane bakul beras kuwi. “Sopir mau Sri Sultan Hamengku Buwono IX, Raja Ngayogyakarta,” pratelane polisi. Krungu kandhane polisi mau, bakul beras mau malah semaput.

Ekspedisi Mudik 2024

Crita sing sumebar ing tlatah DIY wiwit puluhan taun kapungkur  kuwi dipratelakake dening Dosen Filsafat Ilmu ing Universitas Sebelas Maret, Oesman Arif, nalika disowani Espos, Senen (21/1/2013) kapungkur. Miturut Oesman crita kasebut nggambarake pemimpin kang cedhak lan rakyate. Pemimpin kang ora rumangsa ora kajen lamung mudhun lan srawung kalawan rakyat.

”Pemimpin lan panguwasa kuwi beda. Pemimpin kuwi ngerti kahanan rakyate lan tansah nyambut gawe kanggo mujudake apa sing dikarepake rakyate,” piterange Oesman. Dene panguwasa, miturut Oesman, racake ora ngerti lan ora gelem preduli marang kahanan rakyate. Rakyate makmur utawa sengsara panguwasa ora preduli. Sing dipikir mung awake dhewe, kulawargane lan kanca-kancane dhewe.

Cara supaya sawijining pemimpin bisa ngerti kahanan rakyat kang sejati, kang satemene, yakuwi kanthi pakarti blusukan. Blusukan yakuwi nekani papan-papan tinamtu kanthi pangajab mangerteni apa kang sejatine dumadi ing papan-papan kuwi. Blusukan uga ngandhut teges ngudi sisik melik tumrap apa kang dumadi ing papan kang ditekani.

”Nalika sawijining pemimpin blusukan, ya ora ana protokoler utawa wara-wara. Blusukan kuwi dadakan tanpa rancangan, tanpa target, wredine ya nekani sawijining papan murih ngerti apa kang sejatine dumadi ing papan kuwi,” pratelane Oesman.

Miturut Oesman, Sri Sultan Hamengku Buwono IX pancen kondhang minangka pemimpin kang seneng blusukan. Bab iki bisa didhudhah saka baka Tahta untuk Rakyat, Celah-Celah Kehidupan Sultan Hamengku Buwono IX, weton Gramedia, 1982. Jaman biyen, ing tlatah Yogyakarta kerep ana crita menawa Sri Sultan HB IX nembe wae njajah desa milang kori ing tlatah kabupaten tinamtu kang wusana dari pancadan kanggo netepake kawicaksanan pembangunan. Akeh crita sing dadi gotheking wong akeh ing tlatah Yogyakarta kang wose nyritakake pengalamane rakyat cilik nalika ketemu Sri Sultan HB IX sing kerep blusukan kuwi.

Pemimpin kang seneng blusukan mratandhani duwe rasa preduli lan tresna marang rakyat. Ora kabeh pemimpin seneng blusukan, amarga saben wong duwe cakepan dhewe-dhewe. Nanging, miturut Oesman, pemimpin sing ora seneng blusukan bakal ora ngerti kasunyatan kahanan rakyat.

Nalika pemimpin ora gelem blusukan, dheweke bisa wae diwenehi data kang palsu supaya seneng lan rumangsa bisa dadi pemimpin kang adil. Pemimpin sing seneng blusukan bakal kalis saka lapiran andhahane sing sok-sok mung waton lapor kanthi pamrih supaya pandhuwurane marem lan seneng. Mula, paedah pemimpin sing seneng blusukan yaiku pemimpin kuwi bisa diapusi dening andhahane babagan kahanan rakyate.

”Ing jaman biyen, jaman krajan, sadurunge dadi raja, pangeran pati kudu sinau ing padhepokan sing mapan tengah-tengahe rakyat cilik. Pamrihe supaya calon raja kuwi ngerti kahanan. Lan, nalika dadi raja kaajab dheweke bakal dadi pemimpin sing adil,” piterange Oesman.

Blusukan mono ora mung wates tilik kahanan. Kanthi blusukan, sapa wae—mligine pemimpin–bisa ngangsu kawruh saka rakyat lan saka sapa wae kang ditemoni nalika blusukan. Tangeh lamun sawijining pemimpin ing jaman modheren iki bisa nguwasani sakahebe. Pemimpin kang becik kudu gelem lan kerep sinau, ngangsu kawruh, saka rakyate.

”Rakyat kuwi akeh sing pinter. Pemimpin ya kudu golek cara supaya bisa nimba ngelmu saakeh-akehe saka sapa wae, mligine saka rakyat. Blusukan, njajah desa milang kori, kuwi sekolahan sing becik dhewe tumrap pemimpin,” piterange Oesman.

Pemimpin kang seneng blusukan bakal cedhak marang rakyate. Rakyat sing rumangsa cedhak marang pemimpin bakal percaya marang pemimpin kuwi, nyengkuyung kridhane, nyengkuyung kawicaksanane lamun katujokake kanggi ningkatake drajat uripe rakyat murih sansaya raharja.

Ing jaman kawuri, KGPAA Mangkunagoro VII mujudake pemimpin sing seneng lan kerep blusukan. Meh saben seminggu, Mangkunagoro VII nunggang jaran mlaku-mlaku ing tlatah Mangkunegaran. Nunggang jaran mlebu-metu desa supaya ngerti kahanan kang dumadi lan ngraketake sesambungan kalawan kawulane.

”Mangkunagoro VII seneng lan kerep mlebu-metu karang pradesan tanpa sinartan prajurit, swasanane nonformal, rakyat bisa cedhak lan ana sesambungan raket antarane raja lan rakyat,” pratelane Heri Priyatmoko, panaliti sejarah Solo jaman kawuri kang isih sinau ing Pascasarjana Ilmu Sejarah Universitas Gadjah Mada Yogyakarta. Mangkunagoro VII mujudake pemimpin kang cedhak kalawan rakyat lan kasil mimpin rakyate.

Ing jaman Mangkunagoro VII kuwi ing tlatah Mangkunegaran dibangun maneka rupa fasilitas umum kang jumbuh panjaluk lan kabutuhane rakyat ing tlatah-tlatah tinamtu. Pakarti blusukan jaman Mangkunagoro VII kuwi lumrah sinebut mider praja utawa njajah desa milang kori.

Mider praja yakuwi tembung kang nelakake pakartine raja utawa pemimpin kang nemoni rakyate kanthi cara tumeka ing papan dununge rakyat kuwi. Dene blusukan kuwi tembung kang katumrapake kanggo wong cilik, nadyan pakartine padha yakuwi nekani papan-papan tinamtu.  Tembung blusukan lan mider praja iki yektine duwe teges kang beda.

Mula, miturut Heri, Gubernur DKI Jakarta, Joko Widodo (Jokowi),  milih nggunakake tenbung blusukan ing pangangkah bisa cedhak temen-temen kalawan rakyat Jakarta. ”Ing Jakarta ora ana perbawane panguwasa Jawa, ora trep lamun nggunakake tembung mider praja. Mula, tembung blusukan pancen trep lan pas,” pratelane Heri.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya