SOLOPOS.COM - Lumrahe wong urip bebrayan tansah srawung marang tangga teparo, salah sijine kanthi nekani layatan utawa jagong. (FOTO: Agoes Rudianto/JIBI/SOLOPOS)

Lumrahe wong urip bebrayan tansah srawung marang tangga teparo, salah sijine kanthi nekani layatan utawa jagong. (FOTO: Agoes Rudianto/JIBI/SOLOPOS)

Urip ing jaman modheren, babagan njaga baya bisa diowahi, carane yaiku kanthi ngadegake omah tingkat, tembok dhuwur lan mbayar petugas utawa satpam. Mula, apa isih trep karo rembakane jaman bab pager mangkok luwih kuwat tinimbang pager tembok ing jaman saiki?

Promosi Piala Dunia 2026 dan Memori Indah Hindia Belanda

Miturut dhosen Sastra Dhaerah FSSR UNS, Imam Sutardjo, pager mangkok bisa tetep digunakake lan isih relevan. Pager mangkok pancen dadi salah sijine budaya kang ana sesambungane karo bab keslametan. Saliyane iku, uga menehi piguna tumrap kemasarakatan.

“Masarakat kutha kang ribut tumandang ing gawe, tetep bisa srawung marang tangga senadyan mung sedhela. Ing pomahan mesthi ana klumpukan tingkat RT utawa RW. Ing rapat kuwi bisa melu senadyan sedela, banjur pamit amarga isih ana urusan gaweyan. Para tangga ing kiwa-tengene bakal ngerti lan maklum,” kandhane Imam Sutardjo, Rebo (25/7).

Saliyane rapat RT, uga ana arisan lan rondha kang bisa dadi wadhah sesrawungane warga ing tlatah kasebut. Nanging, wus dadi pakulinan, nalika ana wong sugih sing ora saguh melu rondha, malah menehi dhuwit kanggo kas RT. “Kuwi bisa, nanging ora lumrah lan ora umum. Kuwi dudu prakara dhuwit, nanging sesrawungane para tangga ing pomahan utawa kampung,” ujare piyambake. Sing paling wigati yakuwi kudu srawung senadyanta repote kaya apa, kudu tepung lan cedhak karo tanggane.

Nalika ana wong kang ora sesrawungan karo tangga, senadyan sugih lan menehi dhuwit akeh kanggo kas RT, tetep bakal dianggep kurang becik dening warga masarakat. “Paling ora, LSJ, yakuwi layatan, sesrawungan lan jagong. Telung bab iki bisa dilakoni supaya dadi perangan kang becik ing masarakat,” kandhane.

Kegiyatan ing RT utawa RW contone kerja bakti, uga bisa dijadwal saben wayah prei nyambut gawe, bisa sesasi sepisan utawa luwih. Gunane kanggo ngraketake paseduluran ing lingkungan kuwi.

Miturut salah sijine pamerti budaya, Heri Priyatmoko, ing jaman modheren prinsip pager mangkok uga digunakake kanggo nyolong dhuwite rakyat dening para pejabat lan panguwasa. Praktekke yaiku nalika sing duwe pangkat dhuwur korupsi, ngisorane diwenehi dhuwit supaya meneng. Yen sing duwe pangkat dhuwur kasebut mlebu kunjara, ora bakal dhewekan. “Weweh ing sesanti pager mangkok kuwi umume sithik-sithik, kaya panganan utawa oleh-oleh saka piknik,” kandhane Heri.

“Nalika diwenehi dhuwit utawa bandha kang gedhe sing cacahe bisa yutanan rupiah, kudune nyalawadi asale dhuwit kuwi lan apa patute?” ujare.

Sebabe weweh sing gedhe kasebut bisa dadi bebaya ing dina mburine. Weweh kuwi gumantung ing niyate. Niyate samesthine kanggo sesrawungan lan ngraketake paseduluran. Ora ing urusan barang kang ala, kaya korupsi.

“Nalika wus srawung apik karo tangga, lunga mudhik ora bakal susah, amarga duwe tangga kang wus nganggep dheweke sedulur. Malah ana sing nitipake kunci omah marang tanggane kanggo nguripake utawa mateni diyan. Ora ana rasa nyalawadi babar pisan amarga wus kaya sedulur dhewe. Beda yen duwe tangga sing ora sesrawungan, nalika lunga suwe bakal wedi keslametan bandhane. Malah bisa wae ana tanggane sing ora seneng lan tumindak ala marang dheweke.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya