SOLOPOS.COM - Espos/Ahmad Hartanto

Espos/Ahmad Hartanto

Awake lemu ginuk-ginuk tur kulite kuning resik. Saben melu wayang wong, dheweke mesthi didhapuk dadi buta. Upamane Dursasana, mesthi wis dadi lengganan. Jenenge Billy, siswa Kelas XI Jurusan Tari SMKN 8 Solo. Dheweke wis maragani wayang wong wiwit Kelas IV SD. “Wis pitung taun nglakoni dadi paraga wayang wong, dina Selasa lan Setu tampil ing Sriwedari, liyane kuwi kanggo sinau,” ujare Willy nalika ditemoni ing sawijining kalodhangan ing Lorin Spa and Resort, durung suwe iki.

Promosi Moncernya Industri Gaming, Indonesia Juara Asia dan Libas Kejuaraan Dunia

Kanoman sing jeneng asline Benedictus Billyaldy Kusuma iki duwe pangarep-arep dadi seniman wayang wong kang profesional. Dheweke duwe keyakinan yen duwe niyat apik kuwi kudu dilakoni kanthi tumemen lan sregep. Saengga, niyat mau bakale bisa dadi kasunyatan. “Urip ora gur golek dhuwit lan dhuwit, ananging uga golek tentrem ing ati lan migunani tumrap liyan. Apa maneh bisa nglestarekake kabudayan Jawa,” ujare.

Duwe pengalaman pitung taun dadi paraga wayang wong, Billy uga bisa lelungan adoh kanggo manggung. “Salah sijine pengalamane yaiku ing Kalimantan. Wiwit kuwi aku dadi tambah greget nglakoni dadi paraga wayang wong,” ujare.

Billy dudu bocah sing lair saka kulawarga seniman utawa wayang wong. Bapa biyunge utawa simbahe dadi wiraswasta. Ananging Billy malah dijurung dening bapa-biyunge lan kabeh kulawargane.

Saben dina sakbubare sekolah, dheweke nyelakke gladhen beksa lan wayang wong karo kanca-kancane, uga karo seniman ing Solo. Billy ora rumangsa rugi senajan ora bisa dolan kaya bocah nom sakbarakane. Dheweke malah seneng wektune kanggo gladhen, bisa kumpul lan tambah ilmu ngenani wayang wong lan kasenian karo para paraga sing wis akeh pangalamane. “Kaya-kaya ora duwe susah yen wis gladhen lan ing dhuwur panggung dadi buta kaya Dursasana,” ujare.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya