SOLOPOS.COM - Espos/Agus Rudiyanto

Espos/Agus Rudiyanto

Sapa sing maido marang kawasisane manahe Srikandi? Kapinterane manah garwane Arjuna iku pancen ora tinandhing. Saking pintere, ana unen-unen yen Srikandi bisa manah ngenani sakler rambut. Nalika Arjuna pengin duwe garwa Larasati, Srikandi banjur umuk lang kepengin ngerti kaya apa kapinterane manah Larasati. Srikandi banjur nantang Larasati uji kapinteran manah. Dheweke rumangsa ora ana sing bisa nandhingi, apa maneh amung Larasati.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

“Srikandi pancen pinter, nanging amarga dheweke umuk lan ora waspada, dheweke wusanane teluk dening Larasati,” ujare salah sijine pambeksa, Neneng Yuniati nalika ditemoni Espos ing Pendhapa Agung Pura Mangkunegaran nalika adicara Mangkunegaran Performing Arts, Jemuah (11/5) wengi.

Neneng dadi salah sijine pambeksa kang mbabar beksa Srikandi-Larasati. Dheweke kedhapuk maragani Srikandi. Miturut Neneng, Srikandi pancen luwih kuwat, tenagane rosa. Dene Larasati luwih luwes lan alus. “Srikandi duwe sipat tengah-tengahe wong lanang lan wadon, alus nanging kuwat,” kandhane Neneng kang lulus saka Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, 2005 kepungkur iku.

Dadi pambeksa kang maragani Srikandi iku ora gampang. Jarene, ora cukup sinau ngobahake awak lan ngapalke lakune tangan lan sikil. Nanging sing luwih baku, kudu ngerti sipate Srikandi. “Njoged dadi Srikandi kuwi kudu ngerti kapribaden, tindak tanduk solah bawaning Srikandi. Contone, carane mlaku, ndhingkluk, obahe tangan iku uga beda karo liyane,” piterange.

MBABAR BEKSA--Pambeksa mbabar beksa Srikandhi-Larasati jroning Mangkunegaran Performing Arts, Jemuwah (11/5) wengi. (Espos/Agus Rudiyanto)

Nalika njoged beksa Srikandi-Larasati, ujare Neneng, Srikandi kudu digambarake minangkan wanita kang kuwat, saengga pambeksane kudu bisa ngobahake awak kanthi jejeg. Mripat uga ora oleh ndeleng ngisor, amarga Srikandi diwiwiti duwe sipat umuk lan rumangsa bakal bisa nelukake Larasati. “Nalika Srikandi teluk, mripate nembe nyawang ngisor, rumangsa isin lan ora jumbuh kaya ing ngarep kasebut,” ujare Neneng.

Ing Pura Mangkunegaran, saliyane dibabar beksa Srikandi-Larasati, masarakat pandhemen seni budaya uga antuk panglipur lan suguhan maneka warna jinis beksan, kayata Gambyong Retna Kusuma, beksa Wirapratama, beksa Golek Mantra, lan beksan Wireng Bandabaya.

Miturut Pengageng Reksa Budaya Pura Mangkunegaran, GPH Herwasto Kusumo, uga kababar beksa jaranan, Puspita Retna, Manupuri, Karno Tandhing, Kembang Ngargoyoso lan Panembrama. “Beksan iku dibabar dening siswa ASGA Solo, Langenpraja Pura Mangkunegaran lan Sanggar Tari Soeryo Soemirat,” ujare.

Pangarsa Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Solo, Widdi Srihanto, mratelakake Mangkunegaran Performing Arts dadi adicara kang bisa kanggo nguri-uri budaya lan nuduhake beksan klasik Mangkunegaran.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya