SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

 Dinding Sugiyantoro SS MSi

 

Promosi Vonis Bebas Haris-Fatia di Tengah Kebebasan Sipil dan Budaya Politik yang Buruk

Basa susastra tegese basa kang endah, bisa gawe sengsem lan reseping ati. Satemene nganggo basa susastra ing padinan kuwi gampang. Migunakake basa susastra ing padinan ora kudu nganggo tembung utawa ukara susastra sing angel dingerteni apadene ditegesi, amarga akeh nganggo basa kawine. Ananging basa susastra sing samadya lan wis dadi pacelathon ing saben dina. Basa susastra kang gampang dipraktekke lan ditrepke ing padinan kayata parikan, wangsalan paribasan utawa bebasan lan basa blenderan.

Manawa durung dilakoni katone angel, ndadak mikir dawa, jalari ora sranta apa kang arep dikandhakake. Ananging sejatine yen wis kulina mengko dadi gampang. Nganggo basa susastra ing padinan bisa diwiwiti ing pacelathon saben dina lumrahe basa padinan. Tuladha basa susastra ing basa padinan kaya ta parikan sing wis kerep dirungu, “Nyebar godhong kara, sabar sawetara.” Lemah teles, gusti Allah sing mbales.”

Nganggo basa susastra ing padinan bisa dadi nambahi regenge pasrawungan, pacelathon bisa luwih kapenak amarga bisa guyon maton. Manawa arep nuturi, ngandhani utawa nyemoni ora anjalareni dadi gela, cuwa, nesu utawa runtiking ati. Nganggo basa susastra ing padinan kuwi migunani utawa maedahi; sapisan, ndadekake kreatif, manawa arep ngomong kang sajak wigati ing sela-selaning ukara diseseli nganggo tembung sing endah utawa kang mengku pasemon. Supaya antuk kawigaten lan gampang dadi pepeling kanggo sing diajak guneman. Kanthi cara mangkono sing arep ngomong dadi kreatif golek tembung-tembung kang trep.

Tuladhane wae guru-guru kang ngelingake marang murid-muride kareben ora turunan utawa njaplak olehe ujian, kanthi ukara; “Wajik klethik wedange ronde, luwih becik percaya awake dhewe.” Manawa arep ngelingake supaya anake utawa muride tansah kelingan marang dhawuhe, kanthi wangsalan; “Glali jenang gula lho cah, ngerti apa ora?” Manawa murid-muride jawab ora ngerti, banjur dikandhani; “Jenang gula tegese glali, dadi ojo lali ya!” Mangkono lan sabanjure.

Akeh sing kandha bocah saiki ora mudheng yen disemoni, malah sangsaya ndadra. Panemu kang mangkono ora kabeh bener ananging mbok menawa carane nyemoni sing durung trep, wantah banget. Tuladhane manawa meruhi anake utawa muride ngrokok banjur disemoni kanthi cara menehi dhuwit kanggo tuku rokok apadene nyawisi rokok kanggo bocah dikon ngentekke. Pasemon kang mangkono bocah rumangsa ditantang, dadi ing kalodhangan liya tetep isih ngrokok maneh. Ora nlesih sing anjalari bocah mau nyoba ngrokok.

Ananging manawa pasemon mau diwiwiti kanthi dialembana nganggo ukara wangsalan. Tuladhane mangkene: “Merek permen, bagus tenan anakku, wis ajar ngrokok ben gagah kaya Raden Werkudara ya.” Sabanjure wong tuwa takon marang anake apa alesane ngrokok. Sapa sing ngajari utawa sapa sing kepengin ditiru, kapan wiwit ngrokok. Sabanjure bisa nuturi bahayane rokok marang bocah.

Kanthi ukara mangkono bocah ora lara atine, amalah bisa uga bocah mau kepranan marang ukarane wong tuwane sing ngemu basa susastra mau. Lan bisa uga banjur mikir, apa sing dikarepke merk permen? Sapa Raden Werkudara? Lan ing wektu kelodhangan liya yen ora nemu mesthi bakal nggoleki utawa takon tegese, bisa takon kancane, nggoleki liwat internet, takon marang wong tuwane apadene gurune sing nyemoni mau. Kanthi cara mangkono bisa dadi rakete sesambungan antaraning anak kalawan wong tuwa apadene guru. Ing kene basa susastra minangka sawijing miwiti pacelathon kaya dene cara konseling.

Paedah nganggo basa susastra kang kapindho; dadi sareh lan sabar, tembung lan ukara sing arep diucapke ditata dhisik. Sanajan lagi gela, nesu ananging bisa ngendhaleni dhiri. Tuladhane, Manawa ora kabeneran marang andhahane utawa kancane sing nyambut gawe marga kurang trenginas, klelat-klelet ora rampung-rampung. Kanthi ukara sing ana tembung-tembung paribasan; “Aku nunggu gaweyanmu, atiku bebasan krungune swara mercon dag dig dug der, gek suk kapan rampunge?”

Ukara kang mangkono nuduhake supaya rasa kuatire bisa dirasakake marang andhahane utawa kancane mau lan enggal-enggal cekat-ceket olehe nyambut gawe. Bisa uga duweni kekarepan supaya andhahan utawa kancane bakal mangsuli kapan gaweyan mau arep dirampungke. Ukara kang mangkono ora dadi kuciwaning andhahan utawa kancana marga rumangsa ora pinercaya gaweyane.

Bisa uga nanawa arep ngandharake rasa anyel lan mangkel dadi pasemon kang endah malah bisa nganggo parikan basa gaul pisan. Tuladhane “Dlanggu Kartosuro, kesuwen nunggu Coy”, “Kabul dadi pulisi, jebul ngapusi”, “Ngombe es neng cedhak wit tales, diesemes ora tau dibales.” Manawa kaprungu tembung-tembung kang mangkono sing disemoni mesthi bakal gemuyu, ngrumangsani salahe lan kapenak ing sakabehe.

Paedah kaping telu, bisa duweni nalar lan rasa positif. Kaya sing wis diandharake ing dhuwur, wong kang arep migunakake basa susastra mesthi arep gawe tembung utawa ukara kang kepenak. Ora waton ngomong. Kanthi mangkono manawa arep ngomong dinalar lan dirasa dhisik. Ora waton ngucap sing tundhone dadi njalari gela, cuwa apadene laraning ati wong liya. Tuladha ing kapisan lan kapindho ing dhuwur uga minangka nuduhake paedah kang kaping telu.

Bisa uga nganggo basa blenderan, ya kuwi basa sing diplesedake marang teges liya supaya kang krungu bisa anyel ananging ora dadi nesu malah dadi gumuyu. Basa blenderan becik kanggo nyemoni marang kanca yen awake dhewe ora sarujuk marang panemu. Tuladhane; manawa ana kanca sing ngomong; “Ing jaman saiki, sapa wonge sing ora doyan dhuwit,” becik manawa diwangsuli “Aku dhuwit ora doyan, marga aku dudu rayap, apa maneh dhuwit sing receh, bisa prothol kabeh untuku mengko.” Basa blenderan becik kanggo ngowahi panemu min dadi ples, aura negatif dadi positif.

Kanthi cara mangkono mau uga nggladhi anggone ulah basa supaya dadi kepenak basane, lantip pikire, ngerti marang pasemon ing sabanjure gampang tanggap sasmita. Sing dadi cirine wong Jawa, yakuwi: janma lipat seprapat tamat. Sapa sing arep nyoba? Sumangga. “Bocah pang (punk) rambute kribo, gampang to brow.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya