SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Putut Setya/Dhosen Unwidha Klaten

Saking basa, tiyang mangertosi kabudayan masarakatipun. Wontenipun kabudayan Jawi, Sunda, Batak, utawi Bali saged dipunmangertosi saking basa ingkang dipunginakaken masarakat kalawau.

Promosi Ada BDSM di Kasus Pembunuhan Sadis Mahasiswa UMY

Wonten salah satunggalipun nimpuna basa, Sapir lan Whorf, ingkang nyebataken bilih basa ingkang dipunagem salah satunggalipun masarakat saged ndadosaken caranipun masarakat nanggapi lingkunganipun. Dados basa saged nemtokaken mboten namung budaya, ananging ugi cara lan konsep pikiran ingkang mboten sami. Kanthi makaten saged dipundudut bilih salah satunggaling bangsa ingkang benten basanipun ugi badhe nggadhahi kabudayan ingkang ugi benten. Minangka conto, tiyang Jawi ingkang nggadhahi basa ingkang benten kaliyan tiyang Sunda utawi Bali nggadhahi kabudayan ingkang ugi benten.

Menawi kita ngungak basa Jawi kita badhe mangertosi bilih basa Jawi nggadhahi tata basa ingkang benten kaliyan basa dhaerah sanesipun wonten ing Nuswantara. Wonten salebetipun basa Jawi kita mangertosi wontenipun unggah-ungguh basa, ingkang mboten wonten ing basa sanesipun. Miturut bausastra Poerwadarminta dipunsebataken bilih unggah-ungguh inggih punika tata pranataning basa miturut lenggahing tata krami. Tata pranataning basa ingkang dipunkinten inggih punika wontenipun paugeran tata basa ingkang dipunsambungaken kaliyan tata krami utawi unggah-ungguhing gunem tuwin tindak-tanduk.  Pangertosan sanesipun unggah-ungguh ugi dipunmaknani tata krami utawi sopan-santun.

Basa punika minangka simbul kabudayan. Wonten ing tata basa Jawi semanten ugi ngandhut wontenipun simbul kabudayan kalawau. Wondene simbul kasebut arupi unggah-ungguh utawi tata krami Jawi. Tata krami punika saged dipunpirsani saking wontenipun tata basa Jawi ingkang nggadhahi ciri wontenipun undha-usuk utawi tingkat tutur. Undha-usuk wonten ing basa Jawi werni-werni. Wonten ingkang nyebataken tiga inggih punika ngoko, madya lan krama. Wonten ugi ingkang namung nyebataken kalih inggih punika ngoko lan krama. Saking pamanggih kalawau taksih dipunpantha-pantha malih dados werni-werni, wonten ngoko lugu lan ngoko andhap, madya ngoko, madyantara, madyakrama, krama inggil, krama andhap, lsp. Tingkat tutur kalawau mujudaken wontenipun kacabenggala tumrapipun kabudayan tiyang Jawi ingkang ugi nggadhahi undha-usuk.

Wondene kabudayan ingkang undha-usuk kalawau  nedahaken bilih wonten ing salebeting tata basa wonten konsep filsafat ingkang magepokan kaliyan tata krami wonten ing salebetipun gesang bebrayan masarakat Jawi. Dados, masarakat utawi tiyang Jawi punika sanget-sanget nggatosaken wontenipun tata krami utawi unggah-ungguh wonten ing salebetipun gesang bebrayan. Unggah-ungguh kalawau dipunsimbulaken wonten ing tata basa Jawi. Dados menawi tiyang Jawi wawanpangandikan, kedah mangertosi utaminipun sinten lan pinten yuswanipun mitrawawanpangandikan kita. Menawi tiyang enem wawan pangandikan dhumateng tiyang sepuh utawi tiyang ingkang dipunanggep sesepuh tata karaminipun ngginakaken ragam basa krama, kosok wangsulipun menawi tiyang sepuh ngendikan dhumateng ingkang enem ngginakake ragam basa ngoko.

Leksikon utawi kosa kata (tembung) ingkang dipunpilih ugi kedah leres. Tumrap tiyang ingkang micara  mboten pikantuk menawi ngginakaken kosa kata krama inggil kangge diri pribadi. Nalika tiyang enem wicantenan dhumateng tiyang sepuh kedah nggatosaken kosa kata ingkang dipun pilih. Mboten sedaya kosa kata kedah dipunkramekaken. Pilihan krama inggil namung dipunginakaken tumrap mitrawicara. Dados ngginakaken basa krama inggil ugi mboten waton ngginakaken. Umpaminipun nalika tiyang enem wicantenan dhumateng tiyang sepuh kedah ngginakaken ragam krama inggil, ananging mboten lajeng sedaya kosa kata dipundadosaken krama inggil. Contonipun:  mangan lan turu basa kramanipun dhahar lan sare. Menawi wicantenan kaliyan tiyang sepuh, lajeng matur: Kula badhe dhahar, utawi Kula badhe sare miturut tata krami utawi unggah-ungguhing basa, punika mboten leres. Ingkang leres Kula badhe nedhi, utawi Kula badhe tilem.

Tata krami utawi unggah-ungguh ngginakaken basa punika ugi dipuntrapaken wonten ing gesang bebrayan. Tiyang setunggal lan sanesipun kedah ngugemi wontenipun tata krami utawi unggah-ungguh wonten ing gesang bebrayan, inggih punika sedaya kedah mangertosi tata krami kalawau. Tumandukipun tata krami kalawau wonten ing gesang bebarayan tiyang Jawi sampun dipunparingken dening para leluhur lumantar cara ngginakaken unggah-ungguhing basa. Saking migunakaken unggah-ungguhing basa generasi mudha bangsa Jawi mboten kraos sampun ngleksanakaken tata krami wonten ing gesang bebrayan. Mekaten menggah unggah-ungguhing basa ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kabudayan. Dados saged dipunwastani menawi basa Jawi punika minangka simbol kabudayan Jawi amargi wonten ing salebeting basa Jawi ugi sinandi wontenipun kabudayan Jawi ingkang adiluhung ingkang awujud tata krami utawi unggah-ungguh Jawi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya