SOLOPOS.COM - Bambang Hermanto Makarya ing Omah Tulis Sukoharjo. (FOTO/Istimewa)

Bambang Hermanto
Makarya ing Omah Tulis
Sukoharjo. (FOTO/Istimewa)

Ngengrengan kurikulum basa dhaerah (Jawa) ing mata pelajaran (mapel) sekolah nuwuhake tandha pitakon. Ana sing njarwani, menawa mapel basa dhaerah bakal ilang tenan, ana sing nduga isih ana nanging melu ing perangan sastra sarta budaya, utawa malah isih ana sing nganggep ana nanging mung dianggep mapel mirunggan utawa genep-genep.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Mesakake banget yen ngono. Ana benere, mapel basa Jawa yen dinalar kanthi cipta, rasa lan budaya minangka ”basa ibu” sing tegese sok sapa wae sing dilairake saka ibu utawa biyunge kodrate bakal nggunakke basa dhaerah mau, nalika paraga mau urip ing sesrawungan dhaerah mau. Embuh kuwi sing dilairake saka ibune sing saka suku Jawa, Batak, Dayak, Badui, Madura lan liya-liyane.

Yagene wektu kepungkur nganti pungkasane tahun 2012 basa dhaerah mung diwulangke kaping sepisan utawa mung kaping pindho sajrone seminggu? Yagene ora padha mapel liyane, kaping lima utawa kaping enem jam saben seminggu? Kabar keprungu, menawa kurikulum mau bakal lumaku wiwit Tahun Ajaran 2013/2014.

Ana rong perangan mungguhing mapel nasional (mapelnas) sing kanggo SD utawa SMP. Saperangan kuwi wenange pemerintah pusat (Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan), dene perangan kapindho dimothah dening pemerintahan dhaerah (otonom). Yen ngono, saupama saben dhaerah diparingi wewenang anane mutan lokal (mulok) sing saka mapel sastra budaya (mengkone), yagene gunggunge jadwal mapel padha karo mapel liyane, ora padha limang jam sajrone seminggu, yen kuwi pancen klebu mulok?

Kanthi mengkono, para siswa bakal pinter, dadi ora mung bisa, nanging bener-bener ”ngerti” guna mupangate basa dhaerah, klebu nulis aksara dhaerah (jawa). Yen digathukkake karo wektu saiki, murid mung nampa mapel sakjam ing wektu seminggu, isih durung ketambahan menawa guru basa dhaerah mung sampiran, ya yen guru sampiran mau bisa nganggo wewaton, hla yen mung waton bisa rak malah mbilaheni. Mengkone asile ”dhidhikan” bakal ora nggenah. Yen  ngono mau apa ora bakal luwih mrihatinake banget.

Durung maneh, najan si guru weton pawiyatan luhur jurusan basa utawa sastra dhaerah, pranyata isih akeh sing gagap sarta bingung kepriye nggunakake basa sing trep, klebu nulis aksara dhaerah (jawa). Ngono mau klebu andhile pawiyatan luhur sing ngempakake aji mumpung akeh mahasiswa calon guru basa Jawa utawa jurusan basa dhaerah (Jawa) tanpa mentingake kualitas nanging mung mentingake kwantitas. Mangga dilimbang, apa ya kudu kaya mangkono ?

Banjur yen iya utawa ora, banjur mapan ana ngendi dununge ”guru” utawa instansi pawiyatan luhur duwe kapredulen marang alang ujure asil dhidhikanweton pawiyatan resmi. Nalika wis dadi guru, apa guru mung sadrema mulang sakanane? Durung maneh yen wis guru rumangsa dadi PNS, malah ketambahan dadi guru sing duwe sertifikat. Pamarentah, daya kreatife guru uga pehak-pehak sing kawogan apadene sing duwe kapredulen kudune ”mikirake”, ora mung watone ngasilake materi.

Bab kaya ngono mau isih ketambahan perangan mapel basa dhaerah (Jawa) aran ngarang. Aja maneh para siswa ngerti kepriye carane ngarang, jeneng gurune wae sing ora bisa ngarang abasa Jawa akeh wilangane. Ing mangka nulis karangan klebu perangan saka mapel, banjur ngarang dianggep mung minangka tembung ngganepi ?

Nilik saka pasetujone Forum Ketua Jurusan/Ketua Program Studi Bahasa, Sastra dan Budaya Daerah sa-Indonesia ngusulake marang Menteri pendidikan dan Kebudayaan supaya mulok ing jerone ana mapel basa lan sastra dhaerah kaya sing wis lumaku ing kurikulum. Diiseni minangka mapel dhewe satraju karo mapel liyane ing taun 2013 ing saben tataran SD, SMP, SLTA (Jayabaya No 20, 2013). Yen ngono jumbuh karo pengangen-angene sing nulis ”nggagas mapel basa dhaerah (Jawa) diwulangake limang jam saben saminggune” kanggo siswa SD sarta SMP minangka pendhidhikan wajib.

Sapa maneh sing bakal nggatekake yen dudu awake dhewe? Kanthi mengkono basa dhaerah (Jawa) ora nganti keplantrang kedharang-dharang saben papan ing bebrayan. Luwih miris maneh yen nganti basa dhaerah (Jawa) bakal ilang kepangan jaman, bab kaya ngono mau bisa wae kedaden. Marga miturut cathetan, ana 700 basa dhaerah,  nanging mangga penjenengan gatekake, kari pirang basa dhaerah sing isih urip? Apa ya mung cukup ngadani Kongres Bahasa Jawa ing saben limang tahun sepisan? Ngono wae kathik kudu rebutan oleh pengakon.

Miturut pamawaseku, utamane ing Jawa Tengah, antarane pehak pemerintah daerah sarta para pendhidhik sing kawogan ora duwe ”greget” kepriye supaya basa dhaerah (Jawa) dadi mulok sing wajib sarta akeh wilangan mapele, ora mung sak jam, saora-orane dadi telung jam. Yen pemerintah sarta pehak guru wae ora pati duwe grengseng, banjur njagakake sapa?

Banjur kudu nyalahke sapa yen mbesuke akeh wong ora bisa ngerti basa, sastra, suba sita sarta aksara Jawa? Sing jare tau sekolah ing tlatah Jawa (Tengah). Banjur kudu nutuh sapa, yen mengkone wong Jawa padha ora bisa nggunakake budaya sing trep Jawane? Mangga, dadosna penggalih nuli gumregut murih lestarining budaya Jawa. Nuwun.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya