SOLOPOS.COM - Dwija lan rohaniwan Romo Benny (tengen), anggota Persekutuan Gereja Indonesia (PGI) Jeirry Sumampow (loro saka tengen) lan anggota Koalisi Pendididkan Lody Paat (loro saka kiwa) nalika medhar andharan babagan nulak Kurikulum 2013 ing Kantor Indonesia Corruption Watch (ICW), Jakarta, Rebo(5/12). Owah-owahan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP) 2006 dadi Kurikulum 2013 kabiji bakal ngorbanake para siswa lan guru ing Indonesia.

Dwija lan rohaniwan Romo Benny (tengen), anggota Persekutuan Gereja Indonesia (PGI) Jeirry Sumampow (loro saka tengen) lan anggota Koalisi Pendididkan Lody Paat (loro saka kiwa) nalika medhar andharan babagan nulak Kurikulum 2013 ing Kantor Indonesia Corruption Watch (ICW), Jakarta, Rebo(5/12). Owah-owahan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP) 2006 dadi Kurikulum 2013 kabiji bakal ngorbanake para siswa lan guru ing Indonesia.

Warta kang sumebar sawetara dina pungkasan iki mratelakake lamun wulangan Basa Jawa bakal kajabel saka kurikulum pendhidhikan formal bebarengan kaleksanane Kurikulum 2013.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Warta iki nuwuhake rasa prihatin akeh pehak. Ing Kutha Jogja, sawetara dina kapungkur, mahasiswa Universitas Negeri Yogyakarta ngadani demonstrasi sing wose nulak ngengrengan ngilangi wulangan Basa Jawa sing sekolahan lelandhesan Kurikulum 2013 kuwi.

Ing Bali, para dwija, mahasiswa lan budayawan uga nulak trep-trepan Kurikulum 2013 lamun bakal ngilangi wulangan Basa Bali ing sekolahan.  Para guru, dhosen lan pamerdi basa Jawa padha gela lan sedhih nalika ngengrengan kasebut temen-temen disetujoni pemerintah lan wusana ditrepake.

Kawicaksanan kasebut pancen durung cetha temen-temen bakal ditrepake utawa ora, nanging kuwawa ndudut rasa prihatin marang akeh pehak sing preduli marang basa dhaerah minangka jati dhiri budaya.

Ngilangi wulangan basa Jawa ing sekolahan, miturut dhosen basa lan sastra Jawa ing Universitas Sebelas Maret, Imam Sutradjo, ora bisa dianggep enteng amarga bisa dadi pawadan bakal sirnane kabudayan Jawa.

Miturut Imam, basa kuwi dalane ilmu, basa kuwi sarana nggayuh ngelmu. Tumrap wong Jawa lan budaya Jawa, basa Jawa kuwi panglantar generasi mudha tepung marang oyot kabudayan lan jati dhiri tradhisine.

Nalika sarana kuwi ilang, generasi anyar ora bakal ngerti ngelmu kabudayan Jawa saengga ora suwe maneh kabudayan sing dadi oyot jati dhiri kuwi bakal angslup. Menawa wulangan basa Jawa diilangi saka kurikulum pendhidhikan formal, miturut Imam, rong puluh utawa telung puluh taun kang bakal teka ora bakal ana sing sinau kabudayan Jawa.

”Tanpa basa Jawa kabudayan Jawa bakal cepet mati jalaran basa Jawa kuwi roh lan sarana ngleluri lan ngrembakakake kabudayan Jawa,” pratelane Imam nalika wawancara kalawan Espos, Slasa (25/12).

Kahanan basa lan budaya Jawa ing tiwi wanci pungkasan iki, miturut Imam, kapetung nguwatirake banget. Bocah-bocah Jawa jaman saiki arang banget sing bisa micara abasa Jawa kanthi bener lan pener. Ing omah wus arang banget wongtuwa sing mulangake basa Jawa marang bocah-bocah.

Nalika ing kulawarag ora tau nampa wulangan basa Jawa lan ing sekolahan mangkono uga, kuwi tegese basa Jawa mati. Hamula, miturut Imam, kahanan mangkono mau bakal ndadekake budaya Jawa tumpes sithik mbaka sithik.

Karya-karya pujangga Jawa kang nggunakake basa Jawa ora bakal didhudhah maneh generasi mudha wus ora mudheng basa Jawa. Ngelmu luhur kang diwarisake dening pujangga-pujangga Jawa bakal muspra lan mandheg, wusana musna.

Miturut Imam, akeh banget ngelmu saka pujangga Jawa jaman kawuri kang wujud tembang-tembang utawa kitab kang ngandharake pranatan urip mulya, pranatan agama lan katentreman jiwa.

”Nalika basa Jawa tumpes, musna, tapsiran-tapsiran luhur utawa kearifan lokal warisan para pujangga ora bisa diwarisake marang generasi mudha kang bakal teka. Kuwi kapitunan temen-temen tumrap budaya Jawa lan budaya bangsa Indonesia,” piterange Imam.

Miturut dwija basa Jawa, Bisri Nuryadi, kawicaksanan awujud Kurikulum 2013 kuwi lamun temen-temen ngilangi wulangan Basa Jawa bakal nuwuhake kawusanan kang gedhe tumrap budaya lan wulangan basa dhaerah. Wulangan muatan lokal (mulok) basa Jawa saiki saben minggu mung rong jam pelajaran.

“Rong jam saben minggu sejatine wus lumayan, sanadyan durung kabeh materi bisa kababar. Saiki, nalika ana ngengrengan bakal ngilangi wulangan Basa Jawa genah bakal sansaya angel tumrap upaya ngleluri lan ndayakake basa Jawa,” pratelane Bisri.

Miturut ngengrengan lelandhesan Kurikulum 2013 kuwi, samengkone wulangan Basa Jawa bakal didadekake siji kalawan seni budaya utawa prakarya.  Miturut Bisri, ngengrengan kuwi menawa ditrepake temen-temen tangeh lamun bisa didayakake kanggo ngleluri lan ngrembakakake basa Jawa, mligine tumrap bocah-bocah.

Sasuwene iki, miturut Bisri, mutu wulangan Basa Jawa kepara durung bisa dijagakake kanggo pancadan ngleluri, ndayakake lan ngrembakakake basa Jawa. Nalika wulangan Basa Jawa diilangi lan wusana didadekake siji ing wulangan liyane, genah bakal sansaya ora temanja.

”Kawicaksanan awujud Kurikulum 2013 kasebut menawa temen-temen bakal ngilangi wulangan Basa Jawa, miturutku, kudu dilimbang-limbang maneh. Aja nganti kurikulum anyar malah sansaya ngrusak pamulangan formal kang wredine kanggo mbangun generasi mudha bangsa murih tetep ngukuhi jati dhiri budayane,” pratelane Bisri.

Imam nelakake nalika wulangan basa Jawa, lan ing tebane kang luwih amba ateges wulangan basa dhaerah, diilangi saka kurikulum pendhidhikan formal tundhone  bakal ndadekake universitas sing duwe Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa utawa Jurusan Pendidikan Bahsa dan Sastra Jawa bakal ora payu.

Nalika pawiyatan luhur basa lan sastra Jawa ora payu, ateges budaya Jawa bakal kelangan pangudi ilmu basa lan sastra Jawa. Kahanan mangkene iki anjoge ora liya basa Jawa bakal mati lan wusana budaya Jawa uga bakal enggal angslup, wusana mati.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya