SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (17/1/2019) menika kapacak bab lagu metal.

Solopos.com, SOLO — Musik rock lan metal kalebu salah sawijining jinis kesenian sing disenengi nom-noman. Musik kasebut duwe pandemen kang setya lan militan. Menyang ngendi wae pepanthan kang disenengi pentas bakal tut wuri kanggo nonton.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Musik jinis rock sarwa banter, musik lan suwarane sing nyanyi. Kadhangkala cakepane lagu ora cetha awit cawuh karo musike. Sanadyan mengkana ya tetep akeh sing jejogetan nalika teka ing pentas musik kasebut.

Ekspedisi Mudik 2024

Cakepan tembang rock biyasane nganggo basa Indonesia utawa Inggris. Nanging beda karo liyane pepanthan musik black metal saka Solo, Makam, gawe lagu-lagu nganggo basa campuran. Judhule basa Inggris, isine Indonesia lan Jawa.

Ora mung kuwi, isine uga mbabar babagan sing ana gandheng rakete karo ajaran Jawa sing ana ing naskah Jawa kuna. Sanadyan katon aeng, grup musik iki duwe rong album sing ngandhut bab Jawa.

Priya kang kajibah nabuh drum ing pepanthan utawa grup Makam, Julius, ngandharake grup Makam wis pentas tekan ngendi-ngendi saindhenge Indonesia.

Malahan nganti tekan Malaysia barang. Sanadyan nganggo basa Jawa kuna lan simbol-simbol Jawa kayata Canthik Rajamala, musike tetep disenengi wong akeh. Saben Makam pentas mesti akeh wong kang nonton padha jejogedan rakaruan.

Julius ngandharake wiwit ngadeg ing taun 1990-an Makam yawis kerep gawe lagu saka naskah kuna. Iku minangka pratandha ben beda karo liyane. Uga sarana nguri-uri kabudayan supayane ora angslup katrajang jaman. Ora mung cakepan, musike uga dicampur karo gamelan.

Dadi isa dibayangke piye apike, jejogedan musik rock sambi ngrungokne fragmen gamelan. Ing taun 2012, Makam tau kolaborasi utawa tembayatan kalawan grup gamelan Etnomusikologi ISI Solo nalika pentas ing pambukaning Rock in Solo (RIS).

“Naskah sing didadekake dhasar lagu iku ora sabaene. Apa meneh penyanyine iku abdi dalem keraton. Dadine ya ngerti babagan naskah Jawa,” kandhane Julius, Rebo (16/1/2019).

Ing pepanthan musik liyane, gitaris grup musik Bandoso, Agung, uga duwe angkah gawe lagu adhedhasar naskah Jawa. Kekarepan iku timbul sakbubare dheweke kerep melu kajian naskah kuna ing Radyapustaka. Piwulang sing ana ing naskah iku bisa ditrepake ing ngendi wae.

“Ya aku kan wong Jawa isin wae yen ora mudheng babagan Jawa mula aku melu pepanthan kajian naskah. Apa meneh akeh nom-noman sing melu, saya seneng. Adicara kajian naskah kanthi cara sing santai kudu ditambahi ing Solo iki,” kandhane. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya