Jagad-jawa
Kamis, 15 Maret 2012 - 11:31 WIB

Balekambang Nyuguhake Sendratari Ramayana

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - SINTA ILANG-- Salah sijine jejer Sendratari Ramayana kanthi lakon Sinta Ilang kang dibabar ing Balekambang Solo Minggu (11/3/2012) wengi. Burhan Aris Nugraha/JIBI/SOLOPOS

SINTA ILANG-- Salah sijine jejer Sendratari Ramayana kanthi lakon Sinta Ilang kang dibabar ing Balekambang Solo Minggu (11/3/2012) wengi. Burhan Aris Nugraha/JIBI/SOLOPOS

Ora kudu menyang Candhi Prambanan nalika kepengin nonton pagelaran Sendratari Ramayana. Saiki, Taman Balekambang uga nyuguhake sendratari mirunggan tanah Jawa iku.
Pagelaran sendratari kanthi irah-irahan Sinta Ilang miwiti adicara kasebut, ing dina Minggu (11/3) wengi, kanthi mapan ing open stage Taman Balekambang. Sabanjure pagelaran sendratari kang diangkat saka crita Ramayana iku bakal digelar kanthi ajeg ing Balekambang. Pangajabe, jagad panglipur ing Kutha Bengawan bakal sansaya kawernan. Warga bebrayan uga sansaya duwe pilihan tontonan lan panglipur ing wektu lodhang.
Kaya kang dipratelakake dening Pangarsa UPTD Taman Balekambang, Endang Sri Murniyati, nalika ditemoni Espos ing kantore, Senen (12/3), Sendratari Ramayana bakal ajeg digelar saben malem purnama.
Pagelaran iku bisa ditonton gratis dening warga bebrayan. Mula iku, eman-eman manawa masarakat ora nyelakke nonton sendratari iku. Wus gratis, tur nyuguhake seni tradhisi kang kebak piwulang luhur.
“Anane Sendratari Ramayana iki diajab bisa sansaya nuwuhake gambaran ngenani Balekambang minangka papan kasenian kang bisa dileboni apa wae, kang ana sesambungane karo karya seni,” ujare.
Sasuwene iki, miturut Endang, Balekambang aweh kawigaten marang maneka warna jinis adicara seni budaya kang isih ngrembaka ing Kutha Solo. Kayata kethoprak, dhagelan lan seni gambar. “Dene anane Sendratari Ramayana iki muga-muga bisa nambahi werna ing jagad panglipur Kutha Bengawan, mligine panglipur kang luwih nengenake seni tradhisi. Diajab, kanthi nggelar sendratari saben malem purnama, para turis mancanagara uga kepincut lan gelem dolan menyang Solo,” pangajabe.
Apa maneh saben nggelar Sendratari Ramayana, para pangisi adicarane ora ajeg padha. Bisa wae saben pagelaran sendratari bakal diisi seniman beda-beda. Upama Minggu wingi sendratari disuguhake dening mahasiswa Jurusan Tari Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, pagelaran sukemben bakal diisi dening seniman wayang wong Sriwedari. “Seniman wayang wong Sriwedari bakal tampil suk tanggal 6 April. Para seniman iku bakal nyuguhake pagelaran kang beda karo adate,” tandhese.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif