SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (28/2/2019) menika kapacak bab aksara Jawa.

Solopos.com, SOLO — Sinau kabudayan Jawa rasane durung pepak yen ora mbabar babagan aksara Jawa. Salah sawijining aksara tradisi Nuswantara sing digunakake para leluhur nalika ngripta serat kuna. Ora mung basa Jawa, basa dhaerah liyane kayata Sunda lan Sasak uga nggunakake aksara Jawa.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Mula bukane aksara Jawa kerep digandhengke karo crita Ajisaka, mitos tutur tinular awujud perang tandinge abdi dalem Ajisaka, Dora, lan Sembada. Loro-lorone padudon nganti tiwas, sampyuh, gara-gara salah pangerten marang dhawuhe Ajisaka. Minangka pangeling-eling, Ajisaka banjur ngripta aksara Jawa nglegena cacah rong puluh wiwit saka Ha nganti Nga.

Kaya ngene iki urutane aksara Jawa: Ha Na Ca Ra Ka (ana caraka – utusan), Da Ta Sa Wa La (padha suwala, padudon pancakara), Pa Dha Ja Ya Nya (padha dene digdayane), lan Ma Ga Ba Tha Nga (wasana padha dadi bathang).

Guru Basa Indonesia sing uga ngajari Basa Jawa ing SD Muhammadiyah Program Khusus (PK) Solo, Nikmah Hidayati, Selasa (26/2/2019), kerep nyritakake dongeng Ajisaka marang murid-muride sakdurunge nulis aksara Jawa.

Kanthi ancas bocah-bocah luwih gampang anggone sinau aksara Jawa. “Yen ngerti ceritane kan bocah-bocah ya luwih seneng sinau. Buktine ya ngono tenan. Carita Ajisaka bisa narik kawigatene bocah-bocah marang aksara Jawa,” kandhane.

Nikmah ngandharake dene ngajari aksara Jawa marang bocah SD iku angel-angel gampang. Dheweke biasane ngetrepake cara mligi amrih bocah-bocah gampang apal. Sakliyane mawa carita, ana istilah nulis di atas awan.

Bocah-bocah dikon ngapalke banjur mbayangke nulis sambi merem. “Cara kuwi ya lumayan efektif kanggone bocah-bocah. Dadi gampang nulis aksara Jawa,” kandhane.

Miturut kurikulum sing ditetepake dening pamarentah, murid-murid SD mung prelu diwenehi ngerti aksara cacah 20 jangkep sandhangan lan pasangane.

Sakwise iku ajaran aksara Jawa diterusake ing Sekolah Menengah Pertama (SMP) lan Sekolah Menengah Atas (SMA). Yen wis mlebu SMP utawa SMA bocah-bocah sithik-sithik dijak mbabar perangan serat kuna sing wis kawentar kayata Wedhatama lan sakpiturute.

Sakwise SMA, sinau aksara Jawa ya mung miturut karepe dhewe-dhewe. Bisa melu pepanthan sing ngleluri Basa Jawa, sinau dhewe ing perpustakaan keraton, lan sakpiturute.

Dosen Program Studi Basa Jawa Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan (FKIP) Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Rahmat, Selasa, ngandharake menawa nom-noman sing seneng sinau aksara Jawa ora pati akeh. Mahasiswa Jawa wae ora nganti separoh sing gelem tenanan anggone sinau naskah.

Ing Prodi Basa Jawa FKIP UNS, kandhane Rahmat, bab aksara Jawa dibabar sak mata kuliah. Biasane mahasiswa didhawuhi maca naskah, ora prelu ajar apalan aksara kaya bocah sekolah.

Dene yen bab nulis, mahasiswa biasane ditugasi nulis meneh serat kuna, utawa mutrani naskah.

“Kamangka yen mulang ing sekolah, paling ya mung maca teks aksara Jawa. Nanging kadang mahasiswa kudu ngerti sing jenenge serat Jawa, penere sing kaya ngapa. Kanggo sangu sapa ngerti mengko yen wis lulus ora mung dadi guru, nanging kerja ing kantor arsip naskah, perpustakaan, lan sakpiturute,” kandhane.

Rahmat ngandharake ing jaman saiki wasis aksara Jawa iku perlu banget. Ora mung kanggo guru utawa panaliten. Wis akeh sing nggunakake aksara Jawa minangka brandhing kutha.

Ing Kutha Solo contone, akeh instansi pamarentah lan non-pamarentah sing migunakake aksara Jawa minangka papan jeneng kantore. Sakliyane iku akeh kaluwarga Jawa utawa Tionghoa sing kerep nganggo aksara Jawa kanggo tenger kuburan kulawargane.

Pakaryan nggawe aksara iku kudu digarap dening wong sing ngerti temenan. Aja nganti dicekel wong sak-sake amarga bisa dadi salah.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya