SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (24/1/2019) menika kapacak bab kethoprak.

Solopos.com, SOLO — Ing jaman biyen, antarane taun 1960 nganti 1975 kesenian tradhisional dadi tontonan sing banget dikaremi. Ing jaman iku tontonan kaya dene kethoprak, ludruk, reyog, wayang kulit, lan wayang wong akeh sing seneng. Sing nonton wiwit saka nom-noman nganti wong diwasa. Salah sijine alesan amarga cacahing adicara panglipur ing wektu itu ora pati akeh.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Beda karo jaman saiki. Nom-noman gari milih tontonan apa wae sing disenengi. Ana televisi (TV), bioskop, lan handphone (HP) sing samsaya canggih. Sarana HP wong-wong bisa ndeleng maneka rupa gambar lan video sing tundhone ngendhih kepara mateni anane kesenian tradhisional.

Nanging para sutresna budaya ora prelu kuwatir. Ing jaman sarwa canggih kaya ngene, isih akeh seniman Solo sing krenteg nguri-uri kabudayan. Mligine kethoprak, ing Solo ana rong pepanthan sing ajeg ngadani pentas saben wektu tartamtu, yaiku Kethoprak Radio Republik Indonesia (RRI) lan Kethoprak Balekambang.

Kethoprak RRI malahan wis ana ing wiwitan jaman kamardikan. Nganti tekan saiki pepanthan iku ngadani pentas ing Auditorium RRI saben dina Selasa kaping papat. Sakdurunge, ing dina Selasa kaping telu mesti ana siaran radio tonil kethoprak.

“Selasa kaping pisan rekaman wayang wong, Selasa sabanjure pentas wayang wong, sakteruse siaran kethoprak, banjur pentas kethoprak ing Selasa keri dhewe saben wulan,” kandhane Sutradara Kethoprak RRI, Ali Marsudi, nalika diwawancara , Rebo (23/1/2019).

Jadwal pentas Kethoprak RRI ora ganti-ganti wiwit jaman mbiyen. Sanadyan dibabar ing dina Selasa, sing ndeleng tetep akeh nganti kebak gedhunge. Nanging, penontone akeh-akehe wong-wong diwasa lan tuwa. Persentase nom-nomane sing gelem ndeleng kethoprak antarane mung 30%.

Dene, yen babagan paraga kethoprak, kandhane Ali, akeh nom-noman sing gelem melu pentas. Paraga asli saka RRI ana 20-an. Nanging, kerep diewangi mahasiswa saka Institut Seni Indonesia (ISI) Solo lan liyane nalika pentas. “Yen babagan pemain ya akeh nom-noman sing gelem pentas kethoprak. Nanging yen babagan penonton pancen isih sithik,” kandhane.

Ali ngandharake menawa kethoprak RRI duwe pandemen setya. Apa meneh pepanthan itu duwe tetenger mligi sing beda karo liyane. Yaiku tansah nganggo basa Jawa sing pener lan baku.

Paragane tansah kupiya ngetrepake basa Jawa sing sakpenere. Aja nganti nganggo basa campuran contone Basa Indonesia lan Jawa. “Kudu ngupaya aja nganti ana basa campuran. Ya minangka kupiya nguri-uri basa Jawa,” tuture Ali.

Saben pepanthan pancen duwe cara sing beda-beda ngleluri kethoprak. Kethoprak Ngampung kerep ngadani pentas ing desa-desa sing adoh saka kutha Solo kayata Wonogiri, Klaten, lan Sragen. Supaya bisa yawiji karo masarakat, diadani ing lapangan, ngarep omah, utawa pendhapa desa.

Ora mung papan panggone sing cedhak karo penonton. Sutradara Kethoprak Ngampung, Dwi Mustanto, sawetara wektu kepungkur ngandharake lakon sing dibabar uga ana gandheng rakete karo masarakat. Kayata bab rasan-rasan, tangga teparo sing cethil, lan sakpiturute.

“Sing mesti sakdurunge gawe pentas, mesti takon-takon sik marang warga. Apa sing lagi dadi omongan ing desa kana sawetara wektu kepungkur. Ya, ben penonton ki mudheng apa sing dipentaske,” kandhane.

Nalika pentas ing desa-desa, kandhane Dwi, akeh sing ndeleng. Wiwit saka bocah cilik, nom-noman nganti diwasa. Iku minangka bukti yen kethoprak isih duwe pandhemen. Mula seniman iku ya kudu jajah desa milang kori minangka kupiya nguri-uri seni tradhisi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya