Jagad-jawa
Kamis, 24 Januari 2019 - 06:35 WIB

Ayo Nonton Kethoprak!

Redaksi Solopos.com  /  Rohmah Ermawati  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (24/1/2019) menika kapacak bab kethoprak.

Solopos.com, SOLO — Ing jaman biyen, antarane taun 1960 nganti 1975 kesenian tradhisional dadi tontonan sing banget dikaremi. Ing jaman iku tontonan kaya dene kethoprak, ludruk, reyog, wayang kulit, lan wayang wong akeh sing seneng. Sing nonton wiwit saka nom-noman nganti wong diwasa. Salah sijine alesan amarga cacahing adicara panglipur ing wektu itu ora pati akeh.

Advertisement

Beda karo jaman saiki. Nom-noman gari milih tontonan apa wae sing disenengi. Ana televisi (TV), bioskop, lan handphone (HP) sing samsaya canggih. Sarana HP wong-wong bisa ndeleng maneka rupa gambar lan video sing tundhone ngendhih kepara mateni anane kesenian tradhisional.

Nanging para sutresna budaya ora prelu kuwatir. Ing jaman sarwa canggih kaya ngene, isih akeh seniman Solo sing krenteg nguri-uri kabudayan. Mligine kethoprak, ing Solo ana rong pepanthan sing ajeg ngadani pentas saben wektu tartamtu, yaiku Kethoprak Radio Republik Indonesia (RRI) lan Kethoprak Balekambang.

Kethoprak RRI malahan wis ana ing wiwitan jaman kamardikan. Nganti tekan saiki pepanthan iku ngadani pentas ing Auditorium RRI saben dina Selasa kaping papat. Sakdurunge, ing dina Selasa kaping telu mesti ana siaran radio tonil kethoprak.

Advertisement

“Selasa kaping pisan rekaman wayang wong, Selasa sabanjure pentas wayang wong, sakteruse siaran kethoprak, banjur pentas kethoprak ing Selasa keri dhewe saben wulan,” kandhane Sutradara Kethoprak RRI, Ali Marsudi, nalika diwawancara

Advertisement
Advertisement
Kata Kunci :
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif