SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

  • Sunardi KS

 

Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, melu edan ora tahan, yen tan melu anglakoni, boya kaduman melik, kaliren wekasanipun, ndilalah kersa Allah, begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

Promosi Berteman dengan Merapi yang Tak Pernah Berhenti Bergemuruh

Serat Kalatidha yasane simbah R Ng Ranggawarsita ing pada ka-7 kaya kang kacuplik ing ndhuwur iki sajake ora ana mati-matine. Tansah ngetut jaman, tansah trep marang kahanan. Jaman edan kaya-kaya ora ana mendhane. Bisa uga nganti tumekane saiki. Yen nyata-nyata isih ana kang gelem ndhadhani. Senajan semune rada isin-isin.

Mula ing Serat Kalatidha mau ana uga kang ngarani sawijining ramalan. Lan ana kang negesi bakal tumapak ing jaman ‘kang isih tidha-tidha’ utawa ing jaman kang durung/ora cetha, ora genah.

Ekspedisi Mudik 2024

Ing Serat Centhini, anggitane Ingkang Sinuwun Pakubuwana V, ing tembung Pucung pada 41 jaman edan iku padha karo jaman gemblung.

 

Eling

Yen dijlimeti ing Serat Kalatidha kang semu ngece, senajan ora uwal saka pitutur luhur, wose gati yaiku ‘eling’. Sipat eling iku kudu tansah diduweki, digondheli, dening sakabeh menungsa. Supaya bisa nemoni urip kang begja. Wong kang ora eling ateges lali. Lan wong kang lali ateges lagi ngglewang pikirane. Ora sawutuhe sempurna. Ora sawutuhe waras.

Mula pawongan kang lagi kelangan eling bisa mbebayani. Mbebayani tumrap pawongan mau dhewe, uga mbebayani marang liyan. Umpamane tumrap pawongan kang lagi nyabrang dalan, kok nganti lali ora tolah-toleh, bisa nyilakani. Yen ketabrak kendharakan bisa nemoni lara. Kurang begjane nemahi tiwas. Gawe kapitunan. Uga mitunani liyan. Jalaran kang lagi nabrak bakal kembet keduman apes. Bisa rewang-reweng kena urusan lan perkara.

Yen wis rampung mangan kok banjur lali, rumangsane durung mangan, terus mangan maneh, rak mesakake wetenge. Semono uga sawalike, durung mangan kok ora gelem, jare wis bar mangan bakal gampang ketaman lelara.

Karo bojone liyan kok lali, wah cilaka mencit. Karo dhuwite wong akeh kok lali, rumangsane dhuwite dhewe, lha ukuman wekasane. Senajan marang lali mau, bisa mung jalaran dilali-lali, utawa pancen sengaja nglali. Entha-entha lali mbalekake, wiwitane.

Pawongan kang lagi lali mau bisa uga jalaran ora eling. Bisa jalaran lagi nglindur. Mula omongane banjur bisa clometan ora nggenah. Jalaran pikirane ora mlaku. Utawa pawongan kang clometan mau ora lagi nglindur, nanging pancen sengaja clometan jalaran pikirane lagi ora wutuh. Mula apa kang diomongake ora padha karo atine.

Utawa bisa uga menungsa lagi lali jalaran mendem, sengaja pikirane digawe rada lali utawa pancen asli lali. Utawa pawongan mau lagi ngimpi ing wanci turu. Kabeh mau kang njalari lali.

Cekake, sipat lali utawa ora eling iku ora becik. Mbebayani dhiri pribadi lan liyan.

 

Ati

Ora eling utawa lali mau ateges ora wutuh pikirane. Kamangka pikirane iku pinangka kaluwihan kang ditampa. Lan pikiran kang dhemen lali utawa nglali kerep dhemen ningkes atine dhewe. Ya ati iki kang satemene malah bisa gawe abang-birune kahanan. Apik orane ing panguripan. Dadi punjer-punjere wigati tumrap menungsa iku ati. Bakal luwih becik pawongan kang bodho kang puguh atine katimbang pinter nanging logreg atine.

Mula ing Serat Centhini kang dadi wose gati banjur malih ana ing ati. Umpamane ing Serat Centhini pada ka-7 lan 8 iki:

Atine ugering menungsa, yen tan pinantheng ciptane, iku atine bubrah, tan wande karusakan, owahing ati tan emut, pan ati retuning badan.

Badan iku mapan darmi, ngaloki osiking manah, yen ati ilang elinge, ilang namaning manungsa, yen kamanungsane ilang, among rusak kang tinemu, tangeh manggiha raharja.

Ing kene tansaya cetha, tansaya ditandhesake, yen ati iku banget-banget wigati.

“Ati iku pathokane manungsa (kang njaga paugeran), yen ora dikencengi pikirane, mbubrahake ati, bakal rusak, owahing ati iku ora eling, jer ati iku ratune badan.

Badan mung saderma, nglakoni osiking ati, yen ati ilang elinge, ilang jenenge manungsa, yen kamanungsane ilang, amung rusak kang tinemu, ora bakal nemu slamet” (Antologi Pustaka Jawa, Proyek Pengembangan Bahasa dan Sastra, Daerah Jawa Tengah, tahun 1997/1998).

Kanthi mengkono ati kudu kareksa. Ora kena digawe reget. Nanging ngenut lakune jaman kang tansaya mbandhang (maju?) ati iku sajak kurang digauta, kang kerep diper mung pikiran, akal. Supaya ora gampang ketinggalan jaman. Jalaran uga ana kang nduweni panemu, yen pawongan kebak akal-pikiran, ora bakal gampang diakali, nanging malah bisa sawalike. Lan kang mengkono kerep kaanggep nguntungake.



Ati iku kerep kaanggep ing urusane pasrah wae. Urip kang mung ndilalah, statis, pesimis. Kurang maju, kurang dinamis. Urusane mung urusan pati. Lan akal-pikiran iku urusane dina saiki lan dina kang (cedhak) bakal teka (masa depan). Mula banjur kang luwih diperdi kala-kala mung akal-pikiran. Kamangka agama elik-elik: “Ana barang saplenik, yen barang mau apik bakal apik sakabehe. Yen ala, ala sakabehe”.

Satemene kang luwih pinter iku kang tansah puguh ngreksa atine. Yen ora bisa ateges isih ana kang lokak.

 

Tengara-tengara

Banjur saiki bisa nyimak kahanan jaman. Kira-kira kepriye? Apa isih akeh pawongan kang dhemen ngreksa atine. Isih dhemen marang eling klawan waspada? Yen wis ora ana, saora-orane wis rada arang-arang ana, pancen bener ujare kandha, yen jaman saiki wis tumapak ing jaman edan utawa jaman gemblung.

Baline kahanan dadi becik-kaya ana ing pitutur saka Serat Centhini mau, “Kudu tansah eling. Supaya ora gampang rusak. Lan bakal gampang nemoni raharja. Nuwun.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya