SOLOPOS.COM - Wakil Bupati Sragen, Daryanto (tengen), rawuh ing omahe Suwati, 52, warga Dukuh Blawong RT 005/RW 001 Desa Katelan, Kecamatan Tangen, Sragen, sawetara wektu kapungkur. Daryanto nemoni Suwati gegayutan rencana pemerintah mugar omahe warga kang uripe kesrakat.

Wakil Bupati Sragen, Daryanto (tengen), rawuh ing omahe Suwati, 52, warga Dukuh Blawong RT 005/RW 001 Desa Katelan, Kecamatan Tangen, Sragen, sawetara wektu kapungkur. Daryanto nemoni Suwati gegayutan rencana pemerintah mugar omahe warga kang uripe kesrakat.

Panguwasa utawa pemimpin kudu njejegake adil lan mbangun rasa tentrem tumrap rakyat. Kupiya iki bakal kawujud lamun panguwasa utawa pemimpin mangerti temen-temen apa kang dibutuhake rakyat kan kepriye kahanan rakyat kang satemene.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Miturut dhosen Ilmu Sejarah ing Universitas Sebelas Maret  UNS lan uga pamerdi budaya Jawa, Tundjung W Sutirto, pemimpin kang becik kudu ngugemo astha brata. Nalika wawancara kalawan Espos, Rebo (23/1), Tundjung nelakake astha brata kuwi kawujud ing wolung sipat pemimpin kang utama.

Sipat surya utawa srengenge kang dadi sumber panguripan ing bumi.“Pemimpin kudu adil, kaya srengenge kang sumorot madhangi donya tanpa milih-milih, kabeh antuk pepadhang saka srengenge,” piterange Tundjung.

Sipat candra utawa rembulan. Pemimpin kudu bisa pituduh ing kahanan kang sarwa ruwet lan peteng. Kadidene rembulan kang sumunar ing kahanan wengi kang peteng ndhedhet. Sunaring rembulan dadi pituduh.

Sipat alam liyane yakuwi kartika utawa lintang. Lintang kuwi pralambang Kang Maha Kuwasa. Pemimpin kudu ngerti jejere lan kudu dadi tepa tuladha kabecikan tumrap rakyate.

Sipat bumi dadi pralambang sabar lan subur. Bumi kuwi sumber panguripan tumrap kabeh titah. Sapa sing sabar bakal urip raharja mulya jalaran bumi ngesok kaskakayane. Pemimpin kudu puguh lan kukuh, ora montang-manting lan kudu sakmadya.

Sipat geni pralambang ngati-ati lan petungan. Pemimpin kudu kebak perung lan tetimbangan. Sipat banyu kang murni, bening lan resik, bakal nyuburake lemah. Pemimpin kudu kaya banyu.

Sipat maruta utawa angin. Iki pralambang demokrasi. Pemimpin kudu kadidene angin, bisa mlebu ing saben papan lan panggonan. Sipat samodra mralambangake rasa kang jembar. Pemimpin kudu bisa kadidene segara tumrap sapa wae, bisa ngemong kabeh rakyat.

“Kawujude astha brata bisa kabiji saka kridhane pemimpin. Apa temen-temen mbela rakyat? Apa malah seneng korupsi?” pratelane Tundjung.

Astha brata bakal kawujud lamun pemimpin tansah cedhak lan sing dipimpin (rakyat). Blusukan, mider praja, utawa njajah des milang kori bisa dadi sarana kanggo mujudake astha brata mau. Utawa, astha brata kuwi bakal kawujud kanthi temen-temen lamun pemimpin gelem blusukan, mider praha, njajah desa milang kori, ngerti kahanan rakyat kang satemene.

Kaya srengenge, sanajan adoh, nanging cahya lan hawa panase bisa dirasakake kabeh titah ing bumi. Sawijining pemimpin, arepa papan dununge adoh saka rakyat, lamun gelem blusukan, mider praja lan njajah desa milang kori, bakal tansah cedhak ing rasa pangrasane rakyat.

Miturut Lurah Pasar Kliwon, Solo, Rohwarsito, pemimpin kang satemene mesthi ora mung lungguh ing kursi lan nampa laporan, nanging tansah nekani rakyat lan tansah pengin krungu dhewe apa sing dadi kabutuhane warga lan perkara apa kang disandhang wargane.

Miturut Warsito, satemene rakyat luwih seneng nalika diwongke, diurmati kanthi cara ditekani ing papan dununge. Minangka jejere lurah, Warsito njlentrehake ora ana rancangan mligi kanggo blusukan ing tlatah sing dadi tanggung jawabe.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya