SOLOPOS.COM - SALAMAN -- Tumrap para nom-noman jaman saiki, uga saperangan warga bebrayan agung umume, apura-ingapuran ing dina bakda Ariyadi dilakoni kanthi prasaja yakuwi salaman. (JIBI/SOLOPOS/dok)

SALAMAN -- Tumrap para nom-noman jaman saiki, uga saperangan warga bebrayan agung umume, apura-ingapuran ing dina bakda Ariyadi dilakoni kanthi prasaja yakuwi salaman. (JIBI/SOLOPOS/dok)

Dina Riyadi pancen dadi kalodhangan kang mirunggan tumrap sapa wae. Ing wektu kuwi, kalodhangan kanggo nglumpuk bareng kulawarga kabukak jembar. Bab iki kang satemene diarep-arep dening wong-wong kang nglembara ing njaban kutha.
Kalonggaran wektu nalika preinan Idul Fitri padha dimupangatake kanggo mulih menyang kampung asale utawa kang diarani mudik. Kabeh wong padha rila nglakoni apa wae supaya bisa mudik nalika Idul Fitri. Sanajan kudu korban wektu, korban dhuwit, sing penting bisa mulih, sowan bapak-ibune lan nglumpuk bareng kulawargane ing kampung asale.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Akeh banget crita kang nuduhake sawijining wong utawa kulawarga kang rila ngantri tiket sepur, kapal, bis, utawa kendharaan umum liyane. Ngantrine nganti pirang-pirang jam utawa sedina muput, isih dibacutake sesuke. Kuwi wae nalika ing njero sepur, bis, utawa kendharaan umum, isih padha umpeg-umpegan rebutan kursi. Kapeksane ora bisa lungguh nganti 10 jam perjalanan Jakarta-Solo tetep dilakoni kanthi teteg. Angen-angene amung siji, yaiku sing baku bisa mulih lan sowan marang wongtuwane. Prelune njaluk pangapura lan donga pangestu marang wongtuwane lan para sedulur tuwa.
Apa kang ditindakake dening saperangan gedhe masarakat Indonesia iku wus dadi tradhisi kang mbalung getih minangka budaya sing kondhang diarani halal bihalal. Kalodhangan iku, nalika mulih ing kampunge lan nglumpuk bareng sedulur, dimupangatake kanggo njaluk apura lan aweh pangapura siji lan sijine.

Semono uga jroning kulawargane Hidayati, 50, warga Palur, Karanganyar, kang uga duweni tradhisi kanggo ngrayakake Dina Riyaya bareng kulawarga gedhene. Saliyane iku, tradhisi halal bihalal marang tangga teparone ya ora ditinggalake.
Bubar nindakake Salat Id, kabeh putrane lan anak-bojone padha sungkem njaluk apura. Tradhisi sungkeman apura-ingapura iku ditindakake kanthi urut manut awune, diwiwiti putra mbarep nganti ragil. Pancen suwe, nanging tradhisi iku wus lumrah dilakoni dening kulwargane lan semono uga kang dilakoni dening bebrayan Jawa.

“Bubar kuwi, lagi padha bebarengan mara ing daleme sedulur tuwane. Ing papan kuwi, kabeh nglumpuk dadi siji saka tedhak turune dhewe-dhewe. Nalika sungkeman, ya diwiwiti sing paling tuwa dhisik. Nganti putu sing gedhe dhewe tekan sing cilik dhewe,” piterange Hidayati.

Tradhisi sungkeman lan njaluk apura-ingapura iki, miturut panemune Hastanto, pandhemen budaya saka Karanganyar, dadi tradhisi kang urip ngrembaka ing tanah Jawa lan Indonesia. Dene ing nagara liya, kayane ora ana.
“Kakuwatane tradhisi Jawa ya kaya ngono kuwi. Tansah njaga piwulang becik, kaya kang dilakoni saben Dina Riyaya iki. Wong sing enom njaluk apura marang wongtuwa utawa sedulur tuwa. Wongtuwa uga paring apura marang anak-putune, lan ora lali, mesthi uga paring donga pangestu supaya apa sing dadi gegayuhane cepet kawujud. Maknane loro kuwi, ngapurani lan mangestuni. Iki jero banget. Bebasan wong tau gawe kaluputan, wus diapura, isih didongakake lan dipangestuni,” pratelane.

Manawa wong siji lan sijine, wong tuwa lan mudha padha apura-ingapura, rasane ati ya sanalika mak plong. Kaya dene kertas sing maune reged, bali dadi putih resik. Wong sing maune nyimpen rasa kurang kapenak marang sepadhane, banjur padha linebur lan diguwak bareng-bareng, mbukak lembaran anyar kanggo mecaki urip sabanjure.

Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya