SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Taun 2012 Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) wus mengeti kaping 67 kamardikane. Dina kasebut dadi wektu sing mirunggan tumrap rakyat lan bangsa Indonesia. Wus 350 taun Indonesia dijajah Landa, banjur 3,5 taun dijajah Jepang. Mula, taun 1945 iku bangsa Indonesia bisa diarani entuk kanugrahan agung saka Gusti Kang Maha Kuwasa.

Dina nalika Bung Karno lan Bung Hatta maca Proklamasi Kamardikan Indonesia, pas banget ing Sasi Pasa, dina Jemuwah 17 Agustus 1945. Ing taun iki, bangsa Indonesia uga bungah amarga mengeti dina kamardikan ing Sasi Pasa. “Nalika semana, umat Islam padha pasa, Indonesia entuk berkahe Sasi Pasa kang gedhe banget, yaiku mardika. Iki bisa duwe makna kang gedhe nalika disawang saka kacamata spiritual lan kebangsaan,” ujare sejarawan mudha saka Solo, Heri Priyatmoko, Selasa (14/8).

Promosi Alarm Bahaya Partai Hijau di Pemilu 2024

Saka kacamata spiritual yaiku Sasi Pasa kang dadi kawah candradimukane wong Islam. Ing sasi kuwi akeh pacoban sing wira-wiri mlebu-metu dadi panggodhane manungsa supaya minger saka dalan bener. Nanging sapa sing bisa ngliwati kabeh pacoban kanthi sukses, bakal bisa lair ing dina riyaya kaya bayi, suci, ora duwe dosa, anane jiwa sing resik lan mardika. Mula, Pasa ing taun 1945 dadi sasi kang kebak kanugrahan agung tumrap bangsa Indonesia.

Dene saka kacamata kebangsaan yaiku kamardikan ngemu teges rakyat dadi panguwasa utawa ratu ing negarane dhewe, ing tlatahe dhewe. Beda nalika isih ana penjajahan, bangsa kita dadi budak kang dianggep kewan, dudu manungsa. Kaya kebo utawa sapi sing dijupuk tenagane kanggo ngluku sawah. “Ing taun 45 kuwi kabeh wong seneng, sumringah, angel olehe digambarake kahanan nalika taun kuwi,” kandhane Heri. Nanging, pacoban dadi bangsa sing wus mardika ora rampung tekan semono. Isih ana Landa sing durung lila oncat saka bumi Indonesia.

Masang Gendera

Ing desa-desa, masarakat wus padha masang gendera Merah Putih rong minggu sakdurunge pengetan kamardikan RI. Kuwi wus dadi tradhisi lan isih dijaga. Saliyane kuwi uga masang gendera mligine kabupaten utawa kota. Nanging ing masarakat kutha, ing ngarep omah isih sepi, ora ana greget mengeti dina kamardikan. Anane mung ing latar kantor-kantor pamarintah utawa swasta sing wus masang gendera Merah Putih. Kahanan iki pancen ora prelu dipikir kanthi nemen banget amarga wus lumrah.

“Kuwi sebabe masarakat kutha wus mangsa bodho, utawa acuh tak acuh marang dina kamardikan Indonesia. Urip wis angel lan golek dhuwit rekasa, kuwi dadi alesan ora nyambut dina kang gede kasebut,” ujare Heri sing saiki dadi mahasiswa S2 ing Universitas Gadjah Mada (UGM). Nanging ing desa, isih padha manut karo parentah pemerintah supaya pada masang bendera ing ngarep omah. Uripe wong desa uga ora luwih mujur lan apik tinimbang wong kutha.

Tingkat ketaatan marang pamarentah sing dadi sebabe. Wong kutha akses informasi-ne cepet. Dadi ngerti kahanan lan alane pemerintah, saengga padha ngerti lan wus ora preduli marang dina kamardikan utawa parentah-parentah liyane. Akeh warta babagan korupsi para panguwasa sing duwe pangkat dhuwur. Masarakat wus kesel, anyel, lang bisane mung ngelus dhadha. Ing desa, senadyan wus ana TV, nanging piwulangane ora luwih dhuwur karo wong kutha.”

Tradhisi kaya tirakatan, tumpengan, lek-lekan nganti esuk, jare Heri, mung tradhisi kulit sing kelangan ruh utawa semangat kamardikan. “Tradhisi kuwi tetep apik, guyub rukun warga ing lingkungan kasebut,” kandhane dheweke. Nanging nalika isih ana padudon warga tlatah siji lan liyane, tegese ora duwe semangat persatuan lan kesatuan kaya sing diajarake dening Bung Karno, Bung Hatta lan para pejuang kamardikan, wus raga tanpa jiwa. Para panguwasa nalika nglakoni korupsi, uga wus khianat marang para pejuang.

Pangurbane para pejuwang nalika durung mardika, gedhe banget, padha toh nyawa lan ora eman ngurbanake bandha. Kabeh kuwi iklas supaya anak-putune, bangsa Indonesia, generasi mudhane urip ing nagara mardika, ora dadi keset utawa kewan sing asor panggonane. Mula, dudu tradhisi tumpengan sing diuja-uja, nanging semangat persatuan lan kesatuan, guyub rukun warga, kejujuran para panguwasa marang amanat pangkat saka rakyat.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya