SOLOPOS.COM - Yohanes Siyamta, Calon Pustakawan UAJY

Yohanes Siyamta, Calon Pustakawan UAJY

Kyai Ageng Gribig, sing manut gotheking akathah kalebu tedhak turune Prabu Brawijaya, dedunung ing tlatah Jatinom. Wektu semana, sakondure saka nindakake ngibadah Kaji ing Mekah, Kyai Ageng Gribig ngasta apem cacahe telu.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Sakabehing kamokalan tumrap manungsa ora mokal tumrap kersaning Gusti Allah. Kanthi nyebut asmaning Allah sarwa ngandika, “Yaqowiyu” kang jarwane “Dhuh Gusti, nyuwun kekiyatan,” apem cacah telu kang kaasta dening Kyai Ageng Gribig saka tlatah Mekah nganti tumekaning wewengkon Jatinom pranyata tinemu isih anget.

Amarga apem cacahe mung telu kamangka Kyai Ageng Gribig ngersakake ngedum warata angsal-angsal mau, mula banjur dhawuh marang Nyai Ageng Gribig supaya nggawe apem lan diedum warata marang anak putu lan tangga teparo.

Kadadeyan iku kelakon jroning Sasi Sapar. Bakda kuwi, Kyai Ageng Gribig banjur paring dhawuh marang para kawula ing Jatinom supaya nglilakake dedana utawa andum jakat marang pepadha kanthi sedhekah apem saben sasi Sapar. Tumeka saiki masyarakat Jatinom nindakake dhawuh iki. Saben madyaning Sasi Sapar padha gawe apem lan banjur diaturake marang Panitya Penyebaran Apem.

Apem kaentha-entha awujud gunungan lanang lan gunungan wadon  tinata kanthi urutan 4-2-4-4-3 nandhani gunggunging rekaat ing salat Isak, Subuh, Luhur, Asar lan Magrib. Ndalem sewengi apem mau dileremke lan didongani ing Mejid Agung. Sabanjure, bakda salat Jumat gunungan apem lan ubarampene mau diedum  kanthi disebar utawa diuncal-uncalake kanthi nyebutake tetembungan “yaqowiyu” ana sing salah kaprah nyebut “ongkowiyu” lan wong-wong padha ngalap berkah kanthi ngrayah. Ing taun iki, adicara sedhekah apem ing Jatinom nembe wae kaleksanan ing dina Jemuwah (13/1).

Kupiya kang ditindakake dening Pamarentah Kabupaten Klaten sajajarane kanthi ngrancang, mranata lan nindakke prastawa tradhisi amrih lumaku rancag, tertib lan lancar tuhu pantes kaacungan jempol. Kacihna adicara iki manjing dadi agenda pariwisata lan budaya sing kelakon setaun sepisan saben Sasi Sapar.

Ora mung warga Klaten wae sing  rawuh ing papan iki, warga DIY, Jawa Tengah lan liya-liyane tumpleg-bleg ngebaki papan iki. Sing nyata nggumunake, sanadayan kang kepingin ngalap berkah kanthi  ngrayah apem gunggunge akeh tanpa wilangan, ewa semana durung nate ana kabar menawa adicara iki nuwuhake kurban. Kahanan kang mengkene iki dadi tandha menawa Pamarentah Kabupaten Klaten prigel anggone mranata lan masyarakat kang rawuh uga gelem ditata.

Kajaba kuwi, apa kang katindakake dening Kyai Ageng Gribig lan saiki dilestarekake dening Pamarentah Kabupaten Klaten, ora mung dadi adicara tradhisi agama lan agenda wisata budaya, nanging satemene ngandhut pituduh lan piwulang nyata. Munjuk sembah nuwun krana kabeh nugrahaning Pangeran, andum berkah lan ngalap berkah.

Kapisan, munjuk sembah nuwun krana nugrahaning Pangeran. Unjuk sembah nuwun marang Gusti Allah iki ditindakake dening Kyai Ageng Gribig. Karana barokah lan kakuwatan saka Gusti Allah, wiwit purwa, madya nganti tekan wasana, panjenengane kelakon nindakake ngibadah Kaji kanthi sampurna.

Kapindho, andum berkah. Apem cacah telu satemene dadi pralambang kanugrahan saka Pangeran kang tinampi lan dadi kagungane Kyai Ageng Gribig. Ora kudu diedum utawa ora prelu dibage-bage. Ewa semana, Kyai Ageng Gribig ngersakake ngedum ora mung kanggo anak lan putune, nanging ngedumake uga marang sanak kadang lan tangga teparone.

Apa kang katindakake dening Kyai Ageng Gribig iki pantes tinulad. Rikala kita antuk nugrahaning Pangeran, kagungan kaluwihan lan rejeki, ora mung ndhaku kanugrahan iku kanggo kita pribadi. Prayoga banget menawa kanugrahaning Pangeran mau diedum utawa dibagi marang pepadha, luwih-luwih kanggo wong sing nadhang kacringkrangan.

Katelu, ngalap berkah. Apa kang dilakoni dening tangga teparone Kyai Ageng Gribig lan saiki katindakake dening masarakat kanthi ngrayah apem mujudake prilaku ngalap berkah. Sing padha rawuh lan ngrayah apem nduweni kayakinan manawa apem “yaqowiyu” sing tegese “nyuwun kekiyatan saka Allah”, tuhu dadi sumbering berkah kekuwatan,  kantentreman lan keslametan.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya