SOLOPOS.COM - DEWI SRI -- Para seniman nyuguhake drama tari Dewi Sri Boyong nalika Festival Upacara Adat ana ing Alun-Alun Lor Jogja sakwetara wektu kepungkur. (JIBI/Harian Jogja/dok)

Nalika ana kegiyatan merti desa ing sawijining papan, lakon Sri Sadana lan Sri Mulih jroning wayang purwa ora tau ditinggal. Lakon mirunggan iku ajeg dibabar jroning upacara merti desa jalaran ngandhut makna minangka mitos kasuburan.

DEWI SRI -- Para seniman nyuguhake drama tari Dewi Sri Boyong nalika Festival Upacara Adat ana ing Alun-Alun Lor Jogja sakwetara wektu kepungkur. (JIBI/Harian Jogja/dok)

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Blegere Dewi Sri pancen ora bisa dipisahake saka jiwane among tani. Bisa wae, crita ngenani Dewi Sri tansah diugemi lan nandhes ing atine among tani, kang bakal ngrayakake Hari Tani tanggal 24 September ngarep. Trisna Kumala Satya Dewi, dhosen fakultas Ilmu Budaya Universitas Airlangga Surabaya, ngandharake crita Dewi Sri iku kaya kang katulis jroning Serat Babad Ila-ila. Kasebutake crita ngenani Dewi Sri ana sesambungan rapet karo panguripane among tani kang ajeg ngarepake kasuburan.

“Masarakat Jawa, salah sijine nggambarake crita Dewi Sri iku jroning upacara merti desa. Merti desa kang digelar sarampunge panen mbabar wayang purwa kanthi lakon Sri Sadana lan Sri Mulih, ora liya kanggo nglambangake lan ngajab kasuburan,” ujare nalika medhar andharan ing UNS Solo, sawetara wektu kapungkur.Jroning urip padinan, saperangan masarakat Jawa isih ngajeni Dewi Sri kang sabanjure diwujudake jroning maneka warna adat kang ana sesambungane karo urusan pari, kayata wiwit, methik, munggah lumbung, ngirim, mitoni lan petanen (pasren).

Wiwit yaiku upacara kanggo ngurmati Dewi Sri, digelar wayah surup kanthi slametan arupa sega tumpeng, ingkung, trancam, tempe, gereh pethek bakar lan liya-liyane. Upacara iki digelar sadurunge upacara methik kang ana sesambungane karo panen pari. Dene munggah lumbung yaiku adat kang ana sambung rapete karo kegiyatan mapanake utawa nyimpen pari kang kapisan sawuse panen jroning lumbung. “Ngirim yaiku paweh sajen ing sawah. Manawa mitoni utawa ngrujaki yaiku adat paweh rujak ing sawah nalika pari lagi lemu-lemune,” pratelane.

Bab sajen lan ubarampe kanggo merti desa iki uga diakoni dening Jumadi, 70, among tani kang uga sesepuh Dusun Manggung, Kelurahan Cangakan, Kecamatan Karanganyar, nalika ditemoni ing Karanganyar durung suwe iki. Miturut piyambake, sawetara sajen kang dipasang ing sawah iku ora kanggo makani sing mbaureksa utawa danyange sawah kono, nanging satemene dadi sawijining carane among tani ngedum rejeki marang titah liyane.

“Manungsa antuk kanugrahan, bisa panen akeh, mula kudu diedum marang titah liyane. Upamane kewan-kewan sawah. Pangajabe manawa wus dipakani, kewan-kewan iku ora bakal nganggu panene among tani. Ora bakal ngrusak tanduran utawa mangani parine among tani. Dene sega tumpeng nganggo ingkungan lan janganan iku, banjur didhahar bareng-bareng supaya wong-wong sing ngrewangi methik tambah rosa lan semangat,” tandhese.

Nalika jaman sansaya maju, budaya tetanen uga tambah maju lan ngrembaka. Ora sithik among tani sing banjur ngiwakake tradhisi leluhure, amung sadrema nandur lan manen parine. Malah uga ana sing ora ngelingi petungan, sarwa nandur pari lan ora diselingi palawija, sanajan mangsane wus beda.

Bab iki, pujangga Ranggawarsita sajane wus ngelingake kanthi sarana tembang gambuh kang isine selaras karo sistem pertanian berkelanjutan. Sistem kuwi diprogramake pamarentah kanggo nyrateni owah-owahan alam kang ana sesambungane karo prakara tetanen. Tembang gambuh kang dikarepake surasane yaiku Wus tiba mangsa labuh; wus wayahe padha ulur jagung; kanggo jagan sadurunge panen pari; prayogane uga nandur mbayung, bayem, lombok, terong.

Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya