Aku Ora Jangkep, Mas

Nyawang kaca pangilon, Danang ngrumangsani yen umure selot tuwa. Yen sawetara taun kepungkur mung siji loro kembang jambu kang sumilak ing antaraning rambute, saiki kaca pangilon iki sepisan maneh ngandani yen umure Danang saya mentiyung. Danang nyilakakae rambute, werna putih kembang jambu kaya rebutan mlumpat saka piyakan-piyakan rambut.

Wewayangane Danang ing kaca pangilon ngegla ngandharake yen saiki umure wis cepak munggah ndas papat. Kamangka tekan seprene, Danang durung mangun bale wisma, isih jejeg kanthi status single.

Senadyan ta rada kliwat umur, Danang dudu wong lanang kang mung neng gerdhu glundang-glundung. Danang wis cekel gawe sing pernah. Pakaryan minangka salah sawijining analis officer (AO) ing bank BUMN ing kutha Malang mesthi marahi cah wadon ngendi wae nyidham dilamar Danang. Ora pisan-pindho ing kantore, pegawe-pegawe wadon anyaran sing nembe training ing front office lan marketing pada tebar pesona nganti nyebar jala sutra supaya Danang kepencut lan serius jejer bapak saka anak-anake mbesuk.

Katambahan, Danang dhewe kanugrahan pasuryan kang nggantheng, dedeg-piyadeg kang pidegsa mencutake wadon ngendi wae. Ananging, sewua kaluwihan kang digadhuhi Danang pranyata ora kuwawa njurung dheweke supaya gage mengku wanita, amangun bale wisma, lan nuli setya minangka guru laki lan wong tuwa lanang kang patut tinulada para putra tuwin putri. Dheweke isih betah nglalar lawening layangan dhewekan lan mung ngembang tebu nalika disindir utawa di-bully kanca-kanca kantor lan keluwarga krana statuse kang nJaka Kasep.

“Ayo, gek ndang mlaku-mlaku menyang KUA, aku kuwatir modin ing kelurahanmu kuwi lali yen duwe penduduk sing durung rabi kaya slirane,”

“Nggoleki apa maneh? Apa nggoleki sing lambene kaya Syahrini utawa sing sangune akeh kaya Julia Perez?!”

“Yen ora ndang-ndang ngene, aku malah kuwatir, mengko gek sing disir kuwi sing bapak-bapak kaya awake dhewe,”

“Apa ibu kuwi kudu mogok makan supaya anake lanang sing nggantheng dhewe iki gelem menehi putu?! Ndang digawa mulih! Ndang dijalukne pangestu kene widadarine, Nang!”

Ukara sing pungkasan iki kewetu saka tutuke wadon tuwa kang mbiyen mamahake sega lan gedang sakdhurunge dadi isen-isen wetenge Danang nalikaning bayi. Ukara sing pungkasan iki kang uga marahi kembang tebu ing lambene Danang njilma lumpang watu kang mbeseseg ing jaja.

Ing donya iki, wong tuwane kasisa ibune kang umure tikel pindo umure Danang. Bapake Danang ninggal alam padhang krana Gagal Ginjal welasan taun kepungkur. Sadurunge ninggal salah sawijine wasiyate uga caket klawan jodo.

“Rasane awake Bapak ora kena didandani maneh. Yen ta wis wayahe, Bapak ikhlas, Nang. Mung panyuwune Bapak, Ibumu aja mboksiya-siya, aja mboktinggal lunga adoh, kancanana. Yen ta ora kowe, sisihanmu lan anak-anakmu mbesuk. Ibumu seneng yen ditunggoni putu-putu, weruh ta senenge yen disambangi mbakyumu lan kangmasmu sakanake. Kari kowe, Bapak lan Ibu uga pengin ana turune kulawarga saka kowe, Nang,” welinge Bapak sawijining sore ing pavilyune RS Saiful Anwar. “Cah wadon sing kae kok ora tau katon maneh, kaya widadari ayu banget, Nang. Mendahne ya nggantheng-ayune putuku yen kowe dadi sisihane,”

Danang mapan lungguh ing dipan kasur. Kaca pangilon ditinggalake. Wewayangan tuwane uga nututi ngalih saka kaca pangilon. Kelingan welinge Bapak sore kuwi kaya-kaya nuntun angen-angene marang cah wadon adhik tingkat kuliyahe ing Universitas Brawijaya pirang puluh taun kawuri. Cah wadon merak ati kang rambute ajeg diponi lan diklabang nang mburi. Klabangan rambut kuwi uga mamerake gulune kang ngulan cendhani. Kuning mrusuh pakulitane pindha widadarine Jonggringsalaka kang tumurun ing Ngarcapadha.

Rara Kusuma Jayanti asmane, kembang-kembang impene Danang saben wengine. Kinanthi donga lan pangajab becik, wiwit semester papat, Danang wis wani ngajak Rara dolan menyang ngomahe wong tuwane ing Sawojajar. Ngenalake widadarine marang bapak lan ibu, uga sedulur-sedulur liyane.

Ora ketung cah lanang kang ngesir Rara kuwi. Wiwit saka kanca saktingkat, kanca senior, nganti sawetara dosen thukmis kang ora bisa ngampet krodhane hawa nepsu senadyan ing ngomah wis kegandolan sisihan lan anak-anak kang manjing remaja. Salah sijine asmane Pak Darsono.

Ora pisan-pindho, bandot tuwa kuwi nggodha malah ngumbar ukara-ukara saru marang Rara. Kaya ing sawijining wengi, nalika cangkrukan klawan kanca-kanca pecinta alam ing sekretariat. Dumadakan Rara njedul klawan mripat bendul lan tangise kumudu kutah, “Nang, diajengmu!! bengoke para kanca sanjabaning ruwang sekretariat. Danang gage mlangkah metu. Panyawange nubruk Rara sing ngekep tas-e ing dadane, ponine madul-madul keterak angin wengi. Dadi sulur rambut siji loro kang muwuhi kasulitsyane.

Weruh blegere Danang, Rara gage mlayu nggapyuk lan tangise ambrol sakpol-pole. Para kanca kang weruh pada suat-suit nanging sabanjure terus mbaka siji ninggalake kekarone ing ruwangan sekretariat.

Danang ngumbar Rara nyuntak tangise. Sawise tangise rada mendha, Rara nembe mbuka swara. “Pak Dar, Mas Nang,”

“Digodha maneh klawan Pak Dar?!”

“Iya, malah iki mau serem, Mas,”

“Kowe dikapakne, cah ayu,” Danang nguber ora bisa ndelikake ontog-ontoge ati.

“Bijiku ora metu. Ditahan, Mas. Gelem maringke waton…” ukara saka lambe tipis abang mandha-mandha kuwi kandheg.

“Waton apa?”

“Waton…”

“Waton apa, Ra?” Danang ora srantan.

Meh ora keprungu, “Waton aku gelem diajak malem minggon ing villane ing Batu,”

Danang ngadeg ngejejer. Polatane mbranang. Untune gathik kebak pangigit-igit. Pisuhan-pisuhan ndlidir saka lambene mahasiswa tingkat papat kuwi. Kanca-kanca sing mau ngumpul sajabaning ruwang sekretariat pada ting bleber mlebu. Nalika Danang nyritakake apa kang nembe kedadeyan marang Rara, pisuhan nuli salang-tunjang mlethik saka kanca-kancane. Bengi kuwi uga, Danang lan kanca-kancane gawe petungan klawan Pak Darsono. Dosen tuwa kuwi babak-bundhas sawise dilurug Danang sabalane. Akibate, nganti semester wolu, nilai mata kuliyahe Danang lan kanca-kanca kang diampu Pak Darsono mbegegeg ing nilai D, E, lan F. Untunge, nalika mata kuliyah kuwi ganti diampu dosen liyane, Danang sakkancane bisa lulus kanthi mulus.

Jaman semana pasangan Danang-Rara dadi idola ing antarane tembok-tembok kampus. Danang nggantheng kaya panengahe Pendhawa gandeng-renteng kaliyan Rara sing kaya widadari Dewi Supraba marahi iri sapa wae sing nyawang. Cihna, kekarone uga ora nate keprungu tukar padu apamaneh ana sinyal-sinyal pedhot. Kamangka akeh sing ndongakake, yen pedhot, jelas Danang apadhene Rara antri sing leles.

Nanging panulake Rara nalika Danang pengin sowan menyang ngomahe Rara ing Probolinggo gawe komete sirah. Saben Danang pengin ndolani Rara menyang ngomahe, pengin kenalan klawan kulawargane ing sikile Gunung Argopuro, Rara ajeg nulak.

Nganti ing patemonan pungkasan, rong dina sawise wisudane Danang, Rara isih mbebegeg klawan panulakane. “Ra, kenengapa nganti dina iki aku ora bisa sapatemon klawan wong tuwamu, klawan kulawargamu, apa kang mbokdhelikake ing sikile Argopuro?”

“Ora ana kang dakdhelikake, Mas Nang,”

“Njur, nyapo aku ora bisa dolan menyang Probolinggo?!

“Aku ya seneng yen panjenengan dolan menyang Probolinggo, mung…”

“Mung apa?”

“Mung, aku ora bisa nguciwakake Mas Nang ing dina mburi,”

“Sliramu wis nguciwakake aku dina iki, Ra, amarga panulakmu kuwi,”

“Kuciwa saiki kuwi landhepe larane ora kaya kuciwa ing dina mburi, Mas Nang. Yen ta panjenengan pengin sowan menyang ngomah Probolinggo, terus let rong taun utawa telung taun saumpama panjenengan sampun nyambut gawe pernah terus nglamar aku kaya rancangan panjenengan kang asring mbokcritakake. Malah kuwi sing dakwedeni!”

“Ra, cah wadon ngendi wae, apa maneh mahasiswi tingkat-tingkat akhir kaya sliramu, mesthi seneng yen ana bocah lanang pilihane ngaya arepe nglamar.”

Rara mbenakake ponine nuli ambegan landhung, kanthi terus ndingkluk ora wani nyawang manik mripate Danang, dheweke mangsuli alon, “Panjenengan kuwi Arjuna, Mas, panjenengan kanthi gampang bisa nemokake wanodya liya kang bisa nywargakake panjenengan, apa maneh ing dina-dina tuwane. Aku ora bisa, Mas Nang, aku wong wadon sing ora jangkep,” swarane keprungu gumeter.

“Sing ora jangkep kuwi apane, Ra? Sliramu ayu kaya widadari! Ing kampus wae, pira cah lanang sing nguber-uber sliramu. Terus sing ora jangkep kuwi apane, jujura, Ra?”

“Aku ora bisa, Mas Nang. Ora bisa. Aku wong wadon sing ora jangkep. Aku ora bisa dadi ibu saka anak-anakmu. Aku gabug, Mas Nang.”

Danang nemplekake driji panudinge ing lathi tipis abang-abang mandha ing ngarepe.

“Cukup! Yen ta sliramu ora gelem blaka, ora papa, nanging aku ora seneng yen sliramu nggawe-nggawe alesan kang ngapesake sliramu dhewe. Aku ora seneng, Ra. Sesuk aku mangkat menyang Surabaya, ana tes wawancara ing sawijining perusahaan farmasi, aku pengin ngadu nasibku. Saumpama aku pancen dudu pilihanmu, mung pandongamu kang daksuwun sesuk, muga-muga aku ketampa lan penggaweyan kuwi dadi dalane rejekiku,”

Tangise Rara ora kutah. Mung swara mingseg-mingsege kang keprungu ngiringi jangkahe Danang ninggalake dheweke. Patemonan pungkasan kuwi isih nggembol sewu pitakonan. Apa kang ora jangkep saka Rara? Apa Danang gelem nampa Rara senadyan ora jangkep? Apa mung semene lakon tresna kekarone?

Mendung katon tumiyung sandhuwuring kutha.

--------- oo000oo ---------

 

Trowulan-Mojokerto, 2020

 

Dening: Anjrah Lelono Broto

Pandhemen sastra Jawa, mapan ing Trowulan, Mojokerto.


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom

Langganan Konten

Pasang Baliho