Jagad-jawa
Kamis, 22 Maret 2012 - 10:00 WIB

Aja Kuwatir Dadi Tuwa

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ngatini Rasdi, Sutresna Kabudayan Jawa

Apa ana manungsa, mligine wong wadon, sing bisa ngempetake umure? Wangsulane wis cetha yen ora bakal ana sing bisa ngempetake umure. Tegese, yen umure wis tuwa mangka raga bakal katon melu tuwa, kulit saya kriput. Sing maune ayu kinyis-kinyis bakal saya luntur kinyis-kinyise.

Advertisement

Mula banjur akeh wong wadon sing kepengin tetep katon kinyis-kinyis padha mempeng anggone pepaes. Wedhak lan pupure saya dikandeli. Malah akeh uga sing nyoba golek jimat sing dianggep bisa ngempetake umur. Kaya dene susuk sing digawe saka emas lan diwenehi japa mantra. Dene japa mantrane ana sing mengkene: “Gusti kang nguwasani wektu lan ora sare, nyuwun sewu kula kepengin tansah ayu.” Japa mantra kuwi kudune diwaca sajrone bathin kaping 99 saben-saben bengi nalika arep sare.

Ana uga sing kepengin ayu kanthi lelakon pasa Senin Kemis. Dene saben lebar subuh kudune mlaku-mlaku ing tengah ara-ara utawa sawah sing kebak pedhut suwene sejam. Lelakon iki sajak pantes dicoba, jalaran yen disawang kanthi ilmiah pancen tinemu akal. Cethane, pasa Senin Kemis bisa gawe awak waras bregas tur ora kelemon. Dene nalika esuk ruput-ruput gelem mlaku-mlaku ing kahanan sing kebak pedhut pancen bisa nyegerake raga lan jiwa.

Advertisement

Ana uga sing kepengin ayu kanthi lelakon pasa Senin Kemis. Dene saben lebar subuh kudune mlaku-mlaku ing tengah ara-ara utawa sawah sing kebak pedhut suwene sejam. Lelakon iki sajak pantes dicoba, jalaran yen disawang kanthi ilmiah pancen tinemu akal. Cethane, pasa Senin Kemis bisa gawe awak waras bregas tur ora kelemon. Dene nalika esuk ruput-ruput gelem mlaku-mlaku ing kahanan sing kebak pedhut pancen bisa nyegerake raga lan jiwa.

Lumrah
Mligine sajrone bebrayan Jawa, akeh wong wadon pancen padha kuwatir dadi tuwa, jalaran yen wis katon tuwa bakal saya adoh karo sing kakung. Rasa kuwatir iki ora perkara sepele, jalaran pancen akeh wong wadon sing kesingkur nalika kulite wis katon padha kriput.

Wis akeh kedaden ala, kaya dene para kakung sing saya wegah nyawang sing wadon sing wis kriput, banjur seneng lunga golek kenya sing isih katon kinyis-kinyis senajan kudu mawa bea sing bisa mbobolake dompet. Yen wis kaya ngono, bale wisma bisa bubar.

Advertisement

Kasunyatane, sing prelu dadi kawuningan, yen wong wadon tansah kuwatir dadi tuwa mangka bakal katon luwih tuwa jalaran pikirane tansah was-was. Rina wengi atine ora tentrem. Yen sing kakung lagi mingser banjur atine ketar-ketir. Yen wis ngono, watak kapribadene bisa rusak, kaya dene gampang nesunan saengga praupane katon surem lan tansah jengggureng.

Mula becike kanggone wong wadon sing rumangsa wis tuwa padha gelem nampa kahanan lan kasunyatan kanthi rasa syukur. Tegese, bisa urip tumekaning mangsa tuwa pantese disyukuri ora malah digetuni. Yen kulit pancen saya kriput, pantese diimbangi kanthi watak kang dibecik-becikake, mligine marang sing kakung murih tetep tresna utawa malah saya tresna.

Saupama wong wadon sing wis tuwa banjur menopause utawa manjing mangsa garing, kudune uga disyukuri. Nalare, manjing mangsa garing kuwi ateges wis ora bakal ana alangan maneh yen kepengin gawe marem atine sing kakung. Kapan wae sing kakung kepengin kelonan wis ora prelu kuwatir kena reged jalaran sing wadon wis resik saka getih haid.

Advertisement

Dene yen wis manjing mangsa garing, kanggone wong wadon kuwi pancen rada ora kepenak. Nanging saiki wis akeh cara murih bisa kepenak. Saben-saben ngayahi kuwajiban gawe marem atine sing kakung, bisa nganggo bahan sing gawe teles lan lunyu. Paribasane, yen dalane garing bisa disirami supaya lunyu kaya nalika isih kinyis-kinyis.

Mula akeh uga wong kakung malah luwih tresna nalika sing wadon wis manjing mangsa garing. Ora kuwatir momong bayi maneh. Ora prelu nganggo kontrasepsi maneh. Yen pancen wis garing ya ditelesi supaya lunyu kanthi bahan sing bisa dituku.

Kodrat
Urip bakal dadi tuwa kuwi minangka kodrat. Ora prelu kuwatir. Mula becike padha sukur yen mangsa tuwa tumeka, apa maneh yen sing kakung uga isih seger meger-meger lan tetep prakosa.

Advertisement

Dene yen kulit saya kriput, kudune ora usah gawe gela utawa padha tumindhak sing ora nalar, kaya golek susuk utawa suntik silicon lan operasi plastik. Luwih becik nampa kahanan kanthi tentreming ati murih ora kelara-lara.

Wis akeh sing ora lila dadi tuwa banjur padha rekasa. Suntik silicon banjur kena memala kanker. Operasi plastic malah ora kebeneran saengga praupane dadi katon penyok-penyok. Tuku susuk sing regane larang ora ngreti yen jebule kapusan saengga kelangan dhuwit akeh tanpa guna.

Ana unen-unen sing pantes dadi kawuningan, mligine tumrap wong wadon sing wis rumangsa tuwa. Umur aja dislamur-slamur. Tegese, yen rina wengi kepengin nylamur umur kapan bisa syukur? Yen rina wengi ngila-ngilo karo pupuran wae kapan kober ngopeni sing kakung?

Mula becike tansah eling marang kodrat kang dumadi. Ora ana alane seneng pupuran lan gincunan nanging aja kandel-kandel lan aja suwe-suwe lungguh ing ngarepan kaca pengilon. Isih akeh cara sing gampang dilakoni murih tansah ditresnani dening sing kakung, kaya dene temen-temen ngopeni sing kakung supaya bisa tansah ayem tentrem lan marem saben-saben dahar lan “ngejak sare nanging ora sare.”

 

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif