SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Nalika ukum durung ngadeg jejeg, sapa sing kuwasa yakuwi sapa sing kuwat. Sapa sing kuwat bakal ngasorake sing ringkih. Rakyat sing ringkih lan ora duwe kakuwatan mung dadi kurbane panguwasa. Kahanan iki digambarake dening Kerabat Kerja Seniman Muda Surakarta ing pagelaran Kethoprak Balekambang kanthi lakon Yuyu Rumung, Setu (11/8) wengi, ing Gedhung Kesenian Taman Balekambang.

Carita kasebut kagambar jroning kahanan ing jaman Majapahit, kawedanan siji lan kawedanan liyane pada nggelar peperangan. Panguwasa kawedanan pengin nguwasani kawedanan liyane supaya munggah pangkat lan diwenehi upeti. Mula, sapa sing paling kuwat, bakal bisa nguwasani kawedanan liyane. Suwalike, sapa sing ringkih, bakale teluk.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kawedanan sing kuwat yaiku kang dipimpin dening Yuyu Rumpung lan Sukmayana. Yuyu Rumpung pengin kawedanan Sukmayana tunduk karo dheweke. Sukmayana sing duwe ilmu kanuragan dhuwur lan pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kanigara ora gampang ditelukake dening Yuyu Rumpung.

“Yuyu Rumpung duwe bala utawa pentholan begal, yaiku Sondong Makarti. Sukmayana uga duwe, jenenge Sondong Majeruk. Pentholan begal kasebut padha adu kuwat lan nggelar peperangan kang menehi kasangsaran abot marang rakyat,” kandhane sutradara, Agus Paminto.

Senadyan Yuyu Rumpung kuwi panguwasa kang kuwat, Sukmayana tetep bisa menang amarga netepi kabecikan. Ing carita iki, sapa sing salah bakal seleh. Sing bener bakalan menang, kuwi wus dadi paugeran supaya masarakat bisa ngerti lan ora keblinger marang kahanan.

Miturut Agus, kahanan iki isih kelakon ing jaman 1950-an. “Jaman kuwi, nalika ora duwe bala begal lan ora kuwat, ora bakal wani dadi lurah. Nanging kasunyatane nganti saiki tata cara ukum alas utawa ukum rimba isih digunakake. Kaya ana padudon pepanthan siji lan liyane amarga rebutan tlatah. Conto liyane, pepanthan siji merangi pepanthan liyane sing luwih cilik, nanging pamarintah ora bisa ngleremake, tegese ukum alas isih dilakoni,” tandhese.

Salah sijine anggota lan seniman kethoprak, Dwi Mustanto, carita-carita sing digelar ing Balekambang pancen isih mlaku ing garis pranatan. Beda karo kethoprak sing ditonton ing tivi, wus diowahi caritane lan akeh sing ditambah utawa wus disuda. Sanadyan isih ing pranatan, dheweke uga pengin ana inovasi ing carita lan adicara kethoprak supaya rame lan masarakat bisa gelem teka. “Saka carane tawa, busana, panggung, lan carita kudu dianyari. Ora selak, saiki wus modheren, mula kethoprak uga nut ing jaman kelakone.”

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya