SOLOPOS.COM - JAMASAN ESEMKA--Walikota Solo, Joko Widodo njamasi mobil Esemka ing Solo Tecnho Park, Jebres, Solo, Kemis (23/2/2012) wengi. (Agoes Rudianto/JIBI/SOLOPOS)

JAMASAN ESEMKA--Walikota Solo, Joko Widodo njamasi mobil Esemka ing Solo Tecnho Park, Jebres, Solo, Kemis (23/2/2012) wengi. (Agoes Rudianto/JIBI/SOLOPOS)

Jamasan iku ateges ngadusi, nyucekake, reresik lan ngopeni. Jamasan uga minangka wujud rasa panuwune lan ngajeni marang warisan karya adiluhung para leluhure. Tujuwane supaya tetep nduweni rasa lan sesambungan batin marang sujarah lan makna kang sinandi saka barang kang dijamas. Upamane pusaka. Kanthi jamasan, bisa ngelingi para leluhure kang wus nyipta sawijining karya seni lan budaya kang kebak piwulang luhur.

Promosi Bukan Mission Impossible, Garuda!

Saengga jamasan pusaka ora amung awates ngresiki utawa ngopeni wadage pusakane, nanging kang luwih wigati yaiku dunung marang piwulang luhur kang dikandhut pusaka. Piwulang luhur iku ora awates dieling-eling, nanging kang luwih utama yaiku ngugemi piwulang iku jroning urip padinan.

Piwulang luhur iku salah sijine coba dituduhake dening Walikota Solo, Joko Widodo (Jokowi), nalika jamasan mobil Esemka ing Solo Techno Park (STP) Jebres kang arep budhal menyang Jakarta kanggo uji emisi. Jamasan pancen ora awates marang barang-barang kang dianggep pusaka, kayata keris, tosan aji lan barang liya kang dianggep ngandhut daya linuwih utawa wingit. Nanging barang kang arupa titihan, kaya kreta ing jaman mbiyen lan kendharaan ing jaman modheren, uga bisa dijamasi.

Nalika jamasan mobil Esemka, upacara diwiwiti kanthi ngumbulake donga bebarengan. Sabanjure ana beksa pambuka kanthi ngubengi banyu suci kang arep digunakake kanggo njamasi mobil.

Pungkasane yaiku nyiram mobil Esemka kanthi banyu pitung werna dening Wahyu Santoso Prabowo, seniman senior Kutha Solo. Jamasan banjur dibacutake Jokowi lan sawetara tokoh liya, kayata Roy Suryo lan Sukiyat.

Sacara umum, jamasan mobil utawa titihan, miturut dhosen Sastra Dhaerah FSSR UNS Solo, Wakit Abdullah, pancen adhedhasar saka budaya Jawa. Miturut kaprecayane wong Jawa, jamasan iki dadi sawijining laku kang diyakini bisa nambah mantebing ati lan nambah daya kang becik. Saranane kanthi nggunakake banyu lan kembang.

“Kenapa kembang? Kembang iku wernane endah lan gandane wangi. Dadi simbul pangajabe wong Jawa. Kembang iku bisa mekrok, wangi, ngganda arum lan nyenengke ati. Salah sijine kembang sing dianggo yaiku kanthil. Pangajabe bisa ajeg kumanthil ing ati lan pikiran. Dak kira semangate njamasi mobil Esemka wingi kuwi, salah sijine kaya mangkono,” piterange Wakit, nalika ditemoni Espos ing Solo, sawetara wektu kapungkur.

Miturut Wakit, jamasan iku dilakoni minangka laku sesuci lan kanggo ngresiki sesuker, goda, tantangan kang ngasorake, lan uga pepalang, wiwit saka sing ketara utawa tan bisa sinawang sadurunge. Saliyane dadi laku kanggo ngresiki regetan, jamasan uga dadi sarana nggugah kakuwatan batin kang arupa motivasi, gumregahe semangat lan liya-liyane.

“Wusanane daya kang tumuju yaiku tuwuhe rasa teteg lan ora gigrig. Becike, tumrap wong Jawa, jroning niyat kang mligi pancen ana laku tartamtu. Bebasane kudu ana jawabe. Upamane ing agama Islam iku nganggo ngucap bismillah. Nanging tumrap wong Jawa kang isih ngugemi lungguhe utawa jejere wong Jawa, biyasane nyuwun idi marang Sang Hyang Widi utawa Pangeran,” ujare Wakit.

Jamasan, sanajan kanthi prasaja, uga isih diugemi dening saperangan wong Jawa nalika tuku kendharaan anyar. Embuh kuwi mobil utawa montor anyar utawa nglungsur saka wong liya. Ana sing mracayani, kendharaan sing lagi wae dituku iku kudu dijamasi dhisik supaya nemoni keslametan.

“Ana sing amung diguyang nganggo banyu biyasa utawa nganggo banyu kembang setaman. Utamane nalika tuku kendharaan lungsuran. Kita ora ngerti, kendharaan iku mbiyen tau nemoni kacilakan apa ora. Tau tabrakan apa ora, lan kedadeyan sing ora ngenakke saliyane iku. Mula kudu diresiki. Disucekake, sanajan amung disirami banyu biyasa utawa nganggo banyu setaman,” jarene Suryo, salah sijine warga Solo.

Nalika wong wus nglakoni upacara jamasan marang kendharaane sing lagi wae dituku, miturut Wakit Abdullah, bisa ngilangi rasa tida-tida lan was sumelang. Jalaran wus rumangsa netepi kuwajiban batine, yaiku ngluwari dhiri lan ngluwari tata adat. Nalika numpaki kendharaane iku, rasane ya luwih tentrem.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya