SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Seminggu kepungkur, Pamarentah Kutha Ngayogyakarta ngadani festival wayang wong gagrag Ngayogyakarta. Kanggone para seniman wayang wong, festival kang diadani iki banget disengkuyung  lan dianggep dadi salah sawijining cara kanggo nglestarekake seni kang tansaya suwe tansaya ditinggalake iku.
   
Miturut Kepala Bidang Kebudayaan Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Kutha Jogja, Budi Santoso, tekan saiki, ana wayang wong werna loro kang isih lestari, yaiku wayang wong gagrag Ngayogyakarta lan wayang wong gagrag Solo utawa Surakarta. Anane gagrag kang maneka warna iku mono ora uwal saka papan ngrembakane, lan uga ora uwal saka anane sujarah Ngayogyakarta lan Surakarta.
   
Bab lakon utawa crita mono sejatine ora beda adoh, yaiku tetep mbabar crita Mahabharata utawa Ramayana,kayadene wayang kulit kang luwih ngrembaka. Beda gagrag Jogja lan Solo kang cetha dumunung ana cara para paraga mbeksa utawa njoget lan uga ana ing roh-ing lakon. 
   
“Gagrag Jogja lan Solo yen dipirsani bedane banget katon. Yen gagrag Jogja itu katon prasaja,” ujare Budi Santoso, nalika ditemoni Harian Jogja, seminggu kepungkur.
   
Budi nambahi, wayang wong gagrag Jogja bisa dititeni saka joged lan solah bawane para paraga utawa wayang kang katon prasaja utawa sederhana. Bab iki mono, ujare Budi, bisa dadi bukti menawa wayang wong gagrag Jogja iku isih asli kayadene pakem kang ana, merga durung ana tambahan utawa kontemporerisasi.
   
Ora beda adoh karo pamawase Budi, Maryono, salah sawijining dhosen jurusan tari ing Institut Seni Indonesia (ISI) Jogja uga mratelakake menawa wayang wong gagrag Ngayogyakarta iku luwih prasaja utawa sederhana ananging tetep isih katon bakuh.
   
“Sederhana, lugas, lan luwih kokoh. Bab iki mono dadi cirine kabeh kesenian gaya Jogja, klebu wayang wong iki. Bab iki mono nduweni teges kang jero yaiku kanggo ngugemi lan nguncarakake seni budaya Mataram,” ujare Maryono nalika ditemoni Harian Jogja ing sak sela-selaning adhicara festival wayang wong gagrag Ngayogyakarta ing Ndalem Mangkubumen, seminggu kepungkur.
   
Seni tradhisi pakem Mataram kang isih diugemi isa dideleng saka wayang wong gagrag Ngayogyakarta. Yen dipirsani kanthi permati, wayang wong gagrag Ngayogyakarta ora mung wujud seni, ananging uga nduweni utawa ngemu piwulang luhur budaya Jawa kang isih murni. “Seni tradisi klasik isih banget kuat, beda kalawan wayang wong gagrag Solo kang wis akeh owah-owahane,” ujare Maryono maneh.

Ngenut jaman
Sanadyan tlatah Ngayogyakarta lan Solo kang padha-padha lumebu ing tlatah Bumi Mataram, ananging kesenian kang ana ing Jogja lan Solo tansah ora isa padha.
   
“Yen dipirsani,gagrag Solo pancen luwih ornamentik utawa luwih enak dipirsani lan uga luwih adaptif. Antarane Jogja dan Solo pancen beda budhayane,” ujar Maryono.
   
Ananging Maryono uga kurang sarujuk menawa kesenian gagrag Solo dianggep luwih maju utawa kontemporer. Sipat kesenian ing Solo kang luwih adaptif  utawa bisa nampa budaya manca, ndadekake budaya kang tansah tinarbuka lan bisa nampa perkembangan jaman. “Dudu kontemporer, ananging bisa luwih adaptif kanthi anane perkembangan jaman, utawa bisa ngenut jaman,” imbuhe Maryono.
   
Sanadyan luwih adaptif, wayang wong gagrag Solo uga tetep nglestarekake piwulang luhur kang ana. Kang nggawe bedha, ciri ornamentik saka gagrag Solo luwih katon ing busana kang diagem para paraga. “Saka sandhangan, gagrag Solo luwih fashionable, merga saka filosofine, Solo lan Jogja uga wis beda,” ngendhikane Maryono.
   
Kesenian tradhisional gagrag Solo mono ngugemi wolung prekara kang sinebut Hasta Sawanda. “Wolung prekara iku luwih mentingake visualisasi, emosi lan ekspresi,” tambahnya.   
   
Dene gagrag Ngayogyakarta kang luwih prasaja, ngemu teges kang nggambarake masyarakat Jogja kang tansah ngugemi patang prekara yaiku sawiji, greget, tangguh, lan ora mingkuh. Patang prekara iku mono mujudake kapribadene masyarakat Ngayogyakarta. “Wayang wong gagrag Jogja luwih katon inner expression,” pungkase Maryono.(Juru Warta Harian Jogja/Holy Kartika N.S)

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya