Nguri-Uri Tradhisi ing Jaman Teknologi

Saperangan warga ana sing ninggalake budaya sungkeman ing kulawarga awit anane teknologi kulawarga wis bisa sapejagong tanpa sapatemon.(Solopos/dok.)
06 Desember 2018 15:05 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (06/12/2018) menika kapacak bab Nguri-Uri Tradhisi.

Solopos.com, SOLO --Jaman saya maju utawa lumrah disebut modheren, canggih. Apa wae sarwa gampang. Kabeh bisa diayahi kanthi ngandelake teknologi informasi. Babagan silaturahmi contone. Yen kepengin weruh kabare sedulur adoh ora kudu nunggu bakda. Sabendina ya bisa kirim kabar. Kari ngrekam video utawa foto banjur dikirimake liwat aplikasi Whatsapp utawa media sosial.

Kepengin ngerti kabare artis nagara manca ya mengkana, kari mbuka media sosial kita bisa mangerteni apa sing lagi kedadeyan. Teknologi canggih kaya ngono iku pranyata ya ana eleke. Awit apa-apa sarwa gampang, akeh kang banjur nggampangake.

Sapejagong ana ing sesrawungan kampung kanthi ketemu langsung karo tangga utawa kanca kaya-kaya wis ora wigati maneh. La piye, kabeh wis bisa diayahi nganggo smartphone. Nrajang tatanan Jawa sing njunjung gotong-royong, rerembungan kalawan tangga, lan tepa selira. Maknane urip sing kakandhut saka budaya Jawa uga melu luntur karana jaman sing saya maju iki.

Ora mung bab adat istiadat, majuning jaman uga ngowahi lakuning seni tradhisi. Yen wis mengkana, kita minangka wong Jawa kudu sarwa ngati-ati. Oleh melu lakuning jaman, nanging bab sing wigati saka kabudayan aja nganti dilalekake.

Pamerti budaya S.T. Wiyono nalika diwawancarai solopos.com, Selasa (4/12/2018), ngandharake antarane tradhisi lan teknologi loro-lorone kudu mlaku iringan. “Budaya tradhisi ya kudu ngrembaka nut jaman, dene budaya modheren ya kudu adhedhasar tradhisi,” kandhane.

Wiyono menehi conto seni tari utawa seni tradhisi ing jaman saiki. Akeh nom-noman ngripta seni tari modheren sing adhedhasar tradhisi. Modhel garapan tari kuwi biasane dijenengke kontemporer.

Nut Jaman

Akeh penari kontemporer sing wasis lan misuwur saka Solo. Kayata Eko Supriyanto utawa Eko Pece, Mugiyono, Otniel, lan sakpiturute. Ing babagan seni musik ya mengkana. Gamelan ditabuh bareng karo musik modheren utawa piranti tradhisi saka nagara liya.

Maestro gamelan, Rahayu Supanggah, malahan nggawe pentas gamelan sing aeng. Gamelan ditabuh karo Musik Orkestra kanggo ngiringi film bisu sing irah irahane Setan Jawa. Kabeh wong ngacungi jempol pentas kolaborasi musik lan film iku. Nganti diundang tekan ngendi-ngendi. Wiwit saka Solo, Jakarta, Ngayogyakarta, nganti nagara manca.

Wiyono ngandharake kabudayan iku malah kudu nut lakune jaman. Bisa ditrepake ing jaman apa wae. Yen ora mengkana, budaya tradhisi saya angslup. Ewandene, warisan kabudayan iku wujude werna-werna, ana piwulang, tari tradhisi, karawitan, kethoprak, wayang, lan sakpiturute.

Ana wong sing ndeleng kabudayan iku minangka pusaka sing kudu dijaga, ora kena diowah-owah. Nanging uga ana sing nganggep budaya tradhisi minangka paitan ekspresi seni ing jaman modheren.

Wong sing nganggep tradhisi minangka paitan kesenian modheren iku sing pener. Dheweke kupiya ngrembakaake budaya tradhisi supaya ora kelangan roh lan bisa ditampa dening masarakat ing jaman saiki.

“Dadi ngene, nguri-uri iku minangka cara supaya tradhisi tetep urip. Piye carane tradhisi tetep urip? Ya kudu digarap cara saiki utawa digawe sumrambyah nut jaman saiki. Yen ora ngono sapa sing bakale ngerti seni tradhisi,” kandhane.