Tradhisi Jawa Ngemu Werdi

Warga Kampung Nglurah Lor lan Kidul nggelar tradhisi Dukutan saben Selasa Kliwon Wuku Dukut ing Situs Menggung, Tawangmangu, Karanganyar, sawetara wektu kepungkur. (Solopos/Dok)
29 November 2018 13:20 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (29/11/2018) menika kapacak bab Tradhisi Jawa.

Solopos.com, SOLO -- Maneka adicara tradhisi lan adat istiadat Jawa digelar para leluhur kanthi ancas kang becik. Menawa ditintingi kanthi premati tradhisi kang turun-temurun iku ngemu piwulang kabecikan. 

Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, FKIP Univet, Sukoharjo, Adi Deswijaya, nalika ditemoni solopos.com, Rebo (28/11/2018), ngandharake menawa budaya Jawa ora adoh karo simbol-simbol alam. Dheweke sarujuk menawa adat istiadat lan tradhisi Jawa uga nduweni mupangat jaga alam lan budaya sakiwa tengene.

Ing masarakat Jawa ana adicara merti desa minangka wujud sukur marang Gusti sing Maha Kuwasa. Adicara kasebut biyasane disengkuyung wong akeh saengga bisa kanggo ngraketake paseduluran. Sakliyane iku, merti desa uga duwe mupangat sing gedhe kanggo njaga lestarine alam. “Ing Pacitan malahan ana adicara resik-resik kali,” kandhane.

Tradhisi merti desa Ceprotan sing diadani saben Senin Kliwon ing Wulan Longkang utawa Selo iku biyasane narik kawigatene atusan wong ing saindhenge Pacitan. Kang dadi ancas tujuwane tradhisi iku ora liya ndedonga supaya masarakat adoh saka bebendu. Ceprotan digelar kanthi maneka warna rerangken adicara, wiwit saka reresik kali, nganti pentas Beksan Panji.

Simbol Alam

Adi nambahake, simbol alam sing ana ing tradisi Jawa iku maneka rupa. Contone gambaran watak manungsa miturut pawukon. Wong biyen uga kulina gandelake pranata mangsa nalika nandur pari, utawa nggolek iwak kanggone nelayan.

Simbol alam uga ana ing adicara nikahan Jawa. Wiwit saka pasang tratag lan tarub nganti resepsi. Tarub diwenehi janur lan blarak minangka pratandha yen sing nduwe omah arep mantu. Dene janur kuning sing melengkung dadi simbol pangajap marang Gusti supayane calon pengantin diwenehi kaberkahan. Sabanjure iku ana kembar mayang sing digawe saka reroncenan godong, kembang, lan woh-wohan.

Uga ana pasang tuwuhan utawa woh-wohan ing papan siraman, siraman nganggo tirta wening, nandur rambut para pengantin kanti maksud supaya adoh saka lir sambikala, lan sakpiturute. Nalika upacara panggih kulawarga nganten lanang bakal menehake gawan lan cikal marang bapa lan ibune nganten putri.

Miturut Adi, masarakat Jawa iku isih precaya marang mitos. Kayata mitos Nyi Roro Kidul sing jaman biyen digunakake kanggo meden-medeni Walanda nalika arep njajah Nuswantara. Ing jaman saiki mitos iku isih diprecaya kanthi teges njaga alam lan laut saka polah tingkahe manungsa sing sakkarepe dhewe.