Budaya Jawa lan Jejibahan Njaga Alam

Tenong isi tumpeng, ingkung, maneka warga sayuran, lan woh/wohan ditata ing ngisor wit gedhe ing Sendhang Sinangka, Desa Pokak, Kecamatan Ceper, sawetara wektu kepungkur. (Solopos/dok)
29 November 2018 13:00 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (29/11/2018) menika kapacak bab Budaya Jawa.

Solopos.com, SOLO -- Masarakat Osing ing Desa Kemiren, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi, Jawa Timur, nduweni tradhisi sungkem ing Situs Buyut Cili. Situs Buyut Cili yaiku makam leluhur sing diprecaya duwe daya saengga kudu dijaga. Masarakat ing kana precaya menawa kabeh sing ana ing donya iku duweni ruh kaya manungsa, saengga ora kena diganggu. 

Sing dikarepake wit witan, sumbere banyu, lan sakliya-liyane ing kompleks Situs Buyut Cili iku diprecaya ana sing nunggu. Kapitayan iku wis ana wiwit jaman leluhur nganti tekan saiki. Yen ora kepengin diganggu para danyang sing nunggu wit-witan utawa sumbere banyu ing Buyut Cili, masyarakat aja tumindak sakarepe dhewe kayata guwang wuh lan negor wit-witan sakpenake. 

Bap kaprecayan iku ditulis dening mahasiswa Universitas Negeri Malang, Rohana Sufia, ing jurnal ilmiah kanthi judul Kearifan Lokal Dalam Melestarikan Hidup (Studi Kasus Masyarakat Adat Desa Kemiren) ing taun 2016. Kearifan lokal sing isih diugemi ing Desa Kemiren iku banjur digandhengake karo kasunyatan menawa dhaerah kasebut pancen katon luwih asri ketimbang dhaerah liyane.

Desa Kemiren dilewati kali agung cacah loro sing jenenge Kali Sobo lan Kali Gulung. Kali lan sumber banyu iku ora tau asat. Sabendinane banyu sing bening saka Kali Sobo lan Kali Gunung digunakkake kanggo ngoncori sawah-sawah. 

Nganti tekan saiki saben tanggal 2 Sawal diadani festival Kesenian Barong lan Tradisi Ider Bumi Desa Kemiren. Adicara tradhisi iku minangka wujud sukur uga tolak bala. Biasane bakal digelar kenduri sing isine ana tumpeng, pecel, iwak pitik, uga panganan khas Banyuwangi.

Sanadyan akeh sing ngarani kuwi kegiatan syirik, buktine festival kirim donga marang leluhur iku samsaya ngrembaka. Kapitayan iki ora amarga tahayul, nanging ngemu kekarepan kanggo njaga lan nglestarekake alam padesan. 

Kudu Dijaga

Pamerti Budaya Solo, Suprapto Suryodharmo, Selasa (27/11/2018), ngandharake menawa kearifan lokal sing kaya mengkono kudu tansah dijaga. Gunane supaya uripe manungsa lan alam dadi timbang. Amarga urip iki sejatine mung piye carane bisa nguripi kabeh sing ana ing Bumi.  

Ing desa-desa contone. Biyasane ana kaprecayan wit gedhe iku dianggep wingit utawa malati saengga ora entuk dirusak utawa ditegori. Malahan ana sing menehi sajen kanthi wujud panganan ing njero takir, menyan, lan kembang. Amarga dianggep wingit, banjur ora ana sing wani negor wit-witan kasebut.

“Kaya kuwi mau asline cara kanggo njaga alam. Leluhur jaman biyen pancen duweni cara sing beda kanggo ngajak masarakat jaga alam. Yen mung dikandhani lan dipenging mesti angel,” kandhane. 

Ora mung Banyuwangi, tradhisi sing kaya mengkana uga isih diugemi dening wong-wong Solo lan kiwa tengene. Kayata tradisi sadranan ing masarakat pereng Merapi. Saben nyadran, wong-wong ing dhaerah iku bakal nggawa panganan menyang kuburan. Ana adicara resik-resik banjur diterusake mangan lan donga bebarengan. Sakliyane iku uga ana adicara merti desa utawa resik-resik ndesa sing maksude ya ngresiki saindenge desa supaya ora katon reged. 

Ing sasi Sura uga asring ana tradhisi sedhekah bumi. Saben kulawarga menehi sesaji sega asahan kang isine sega gurih, krupuk abang, dele ireng, gereh pethek, tahu tempe, bregedel, lan sakpiturute minangka uba rampe sesaji. Ana wewaler kang ora kena diterak nalika nggawe sega asahan, yaiku ora kena ngicipi uba rampe kang lagi dimasak. Uba rampe iku biasane ana sing dilebokake wadhah takir banjur diselehake pepundhen. 

Ora mung adicara budaya, Mbah Prapto ngandharake menawa kesenian Jawa uga akeh sing ana gandheng rakete karo alam. Mula ana tari sing judhule Banyu Mili, Wedhi Kengser, lan sakpiturute. Ing pagelaran wayang uga mengkana. Ana gunungan sing biasane dadi pambukane pakeliran. Gunungan uga dadi simbol alam lan isine kang kudu dijaga lan dilestarekake.