Tradhisi Sastra Lesan Ngemu Piwulang Luhur

Sastra lesan saka tlatah Kalimantan Barat kan aran tundhang kang isine piwulang moral lan kebatinan digelar ing adicara Revitalisasi Sastra Lesan Daerah Kalbar ing pelataran Taman Budaya Kalbar, Rebo (29/8 - 2018). (kemendikbud.go.id)
08 November 2018 13:45 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (8/11/2018) menika kapacak bab Sastra Lesan.

Solopos.com, SOLO -- Tradhisi sastra lesan kalebu salah sawijining warisan kabudayan ing tlatah Melayu. Wujude tradhisi sastra lesan sing nganti tekan saiki isih dianggep wigati dening masarakat yaiku Seni Rabab saka Sumatra Barat, lamut saka Indragiri Hilir, sarta becerita lan bedande sing ana ing Pontianak.

Ing dhaerah kasebut tradhisi lesan dadi salah sawijining kesenian sing kerep dipentaske ing maneka adicara. Kayata upacara tradisi, mantenan, lan pentas hiburan.

Pepanthan internasional The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) nalika ana adicara ing Paris, 17 Oktober 2003, ngandharake menawa tradisi lesan iku kalebu Intangible Cultural Heritage (ICH) sing kudu diuri-uri.

Salah sawijining wujud tradisi sastra lesan yaiku basa sing dadi tetengere budaya. Awit saka iku kudu tansah disinau supayane sawernane basa sing ana ing Indonesia ora musna. Ing tlatah Jawa uga ana tradisi lisan sing kasebut gugoh tuhon. Nanging wujude beda karo tradisi lesan sing ana ing Sumatera.

Dene ing Kalimantan Barat uga duwe pirang-pirang sastra lesan. Antara liyane tundhang lan bekana. Tundhang kang diiringi kendhang lan tabuhan liyane asring dadi panglipur tumrape warga kanthi sair kang ngemu piwulang moral lan spiritual. Tundhang uga asring nggambarake kahanane masarakat jaman saiki. Menawa bekana isine bab crita kayangan kang asring dituturake dening wong tuwa tumrap bocah enom.

Sutresna budaya saka Sumatra, Jamhar Akbar, 77, kalebu salah sawijining maestro tradisi lesan, mligine carita lamut. Karane Palamutan nalika diwawancara solopos.com, Rebo (7/11/2018), dheweke ngandharake sinau lamut wiwit isih nom. Simbah lan bapake sesepuh palamutan ing Sumatera. Mula saka kuwi, dheweke diwarisi kapinteran dadi palamutan.

Lamut yaiku tradhisi pentas sik isine mung crita. Sing dibabar babagan agama, budaya, gugon tuhon, lan legenda masarakat ing Banjar. Nalika pentas lamut, Jamhar, biasane diiringi kendhang utawa rebana. Ing jaman mbiyen pentas lamut diwiwiti saben tabuh sanga mbengi nganti tekan esuk. Jamhar kudu kuwat crita nganti pirang-pirang jam sing kaperang saka bab pambuka, isi, lan panutup.

Persis kaya pakeliran wayang purwa ing tlatah Jawa. Mung bedane, pagelaran lamut ora disengkuyung pengrawit lan pesinden. Paling mung diiringi siji utawa loro penabuh kendhang lan rebana. “Yen pentas biasane ana sajen sing cacahe nganti 42. Supayane lancar anggone ngalamut,” kandhane.

Nanging jaman saiki, nglamut ora kudu suwe-suwe. Jamhar ngandharake nom-noman biasane mung kuwat pentas nglamut loro nganti telung jam. Semana uga sing nonton, ora seneng yen pentase suwe-suwe. Nanging sanadyan mengkana, Jamhar, tetep gelem yen dijaluk pentas ngelamut nganti pirang-pirang jam kaya mbiyen. Nganti tekan saiki dheweke uga isih kerep mulang bab lamut ing sekolah-sekolah.

“Aku diwenehi penghargaan saka pamarentah minangka maestro Lamut. Mula saka kuwi aku ya kudu gelem sinau lan ngajari nom-noman supaya bisa lamut,” kandhane.

Ceritane Lamut iku uga werna-werna. Yen dilumpukake, ana ewunan irah-irahan lamut sing ana ing Banjar. Ana lamut pengobatan sik gunane kanggo wong lara, uga lamut hiburan. Jamhar ngandharake pentas lamut iku uga dadi piranti dakwah Agama Islam.

“Tradisi lisan sing ana ing Sumatera ora mung lamut. Nanging isih akeh liyane. Awit saka iku kudu tetep diuri-uri,” kandhane.

Tradhisi lisan sing uga kawentar ing dhaerah Melayu yaiku Pantun Melayu. Yen ing tlatah Jawa, kasebut parikan. Mligina ana ing Riau sing dadi basise wong-wong Melayu. Ing kana, pantun iku kaya-kaya wis nyawiji karo masarakate. Saben ana adicara sing mligi mesti ana pantun.

Miturut artikel kang kapacak ing website Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud), parikan iku wis dadi tengere wong Melayu. Maknane santun. Maksude wong-wong kudu santun anggone omongan, ora sakkarepe dhewe. Pantun uga dadi tradisi sing bisa ngraketake masarakat. Ana sing jenenge wales-walesan pantun ing adicara-adicara formal masarakat Melayu.