Ngungak Endahe Seni Lukis Klasik Bali

Seni lukis klasik Bali. (museumpurilukisan.com)
18 Oktober 2018 11:45 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (18/10/2018) menika kapacak bab Seni Lukis Klasik Bali.

Solopos.com, SOLO -- Masarakat Bali ora bisa dipisahke karo seni lan budaya. Akah kang miji masarakat Bali urip kanthi cara kesenian. Wiwit saka kaum bangsawan, nganti rakyat biyasa.

Kesenian iku diwujudake mawa tari tarian, patung, sungging utawa lukis, lan maneka adicara tradisi minangka wujud ngabekti marang Agama lan leluhur. Mula ora kaget yen Pulo Bali uga duwe karan pulo budaya.

Salah sijine kesenian sing diugemi masarakat Bali yaiku seni lukis klasik. Seni lukis iki biyasane adhedhasar sujarah lan kabudayan Bali. Lukisan iku ora mung kanggo pajangan, nanging minangka piranti masarakat Bali ngurmati para leluhure.

“Tari klasik Bali salah sijine minangka simbol pakurmatan marang agama utawa keagungan,” tuture maestro lukis saka Bali sing wis suwe mapan ing Solo, I Gusti Nengah Nurate, Rebo (16/10/2018).

Lukisan Bali Klasik nduweni titikan utawa tetenger. Nurate ngandharake titikane yaiku nduweni bentuk dinamis, dekoratif, lan ekspresif. Adhedhasar carita wayang sing kajupuk saka epos Mahabarata, Baratayuda, Bagawatgita, Sutasoma, Ramayana, lan sakpiturute.

Sakliyane iku, gambare uga ngandhut piwulang sing wigati. Babagan kautaman urip sik adhedhasar saka ajaran Agama Hindu.

Tubagus Sukmana nate nulis jurnal babagan seni lukis klasik Bali ing Majalah Permuseuman taun 1998. Ing jurnal kasebut dheweke ngandharake menawa lukisan klasik Bali pancen dadi warisan kabudayan sing turun-temurun lan melegenda. Seni lukis iku wis ana wiwit atusan taun kepungkur.

Banjur ngrembaka ing abad kaping-15 Masehi nalika Raja Dalem Waturenggong isih kuwasa ing Klungkung, Bali. “Lukisan Bali klasik memper paket kang lengkap. Makili simbol kaendahan [estetika], filosofi Agama Hindu, babagan etika, lan wiracarita wayang,” kandhane.

Amarga asal usule saka Klungkung, lukisan llasik Bali uga nduwe karan lukisan tradisi gaya Kamasan. Kamasan yaiku jeneng desa sing dadi punjere seni budaya lukisan klasik Bali ing Kabupaten Klungkung.

Sakliyane Kamasan, lukisan iki uga ngrembaka ing saindhenge Bali lan sanjabane kayata Lombok, Sumbawa, Blambangan, Pasuruan, sarta Bone Sulawesi Selatan. Malahan gambar asli Bali iku kawentar lan disinau wong-wong saka negara manca.

“Lukisan klasik Bali ing jaman mbiyen digawe ing lontar. Isine carita leluhur lan wayang sing asumber saka epos Mahabarata utawa Ramayana. Samsaya mrene cara nggawene samsaya canggih, nganti kawentar ing nagara manca,” kandhane Sukmana ing tulisane.

Ing taun 1980-an akeh turis sing dolan menyang Desa Kamasan kanti tujuwan ndeleng lukisan. Ora mung turis, lukisan asli Bali iku uga narik kawigatene akademisi ing kampus nagara manca kayata Universitas Swedia, Colorado, Seattle, lan Sidney.

Mahasiswa saka kampus-kampus kasebut akeh sing dikirim supaya sinau lukisan klasik ing Kamasan. Mahasiswa seni saka kampus Indonesia uga mengkana. Kayata Mahasiswa ISI, STSI Bukittinggi, Universitas Trisakti Jakarta, Institut Teknologi Bandung, lan ISI Yogyakarta.

Ing Bali ana Museum Seni Lukis Klasik Bali Nyoman Gunarsa. Museum sing ngadek wiwit taun 1994 iku nyimpen kira-kira 250 lukisan klasik Bali. Ana sing wujud lukisan klasik asli, ana sing garapan inovasi.

Pamarentah ngusulake lukisan klasik Bali dadi warisan kabudayan adiluhung Nuswantara sing dicatet dening pepanthan internasional, The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO). Sakdurunge, beksan ageng saka Bali sik karan Tiga Genre Tari Bali wis ditetepake dening The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO).

Tiga Genre Tari Bali ditetepake minangka warisan kabudayan adiluhung bab kamanungsan, utawa UNESCO Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity, nalika sidang komite UNESCO kaping sepuluh ing Windhoek, Namibia, Selasa (2/12/2015).