Ngleluri Beksan Ageng Saka Bali

Tari Legong Kraton (Solopos/M. Ferri Setiawan)
11 Oktober 2018 16:45 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (11/10/2018) menika kapacak bab Beksan Ageng Saka Bali.

Solopos.com, SOLO -- Kabeh wong mesti sarujuk yen Pulo Bali diarani minangka pulo wisata lan kabudayan. Pulau iki nduweni maneka warna budaya tradhisi adiluhung sing ngrembaka ing masarakat. Salah sijini yaiku beksan agung sing karan Tiga Genre Tari Bali.

Telung jinis beksan agung saka Bali iku wis diakoni minangka salah sijine warisan dunia saka Nuswantara dening pepanthan internasional The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO).

Miturut rilis Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) sing kababar ing website resmine, Tiga Genre Tari Bali ditetepake minangka warisan kabudayan adiluhung bab kamanungsan, utawa UNESCO Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity, nalika sidang komite UNESCO kaping sepuluh ing Windhoek, Namibia, Selasa (2/12/2015).

Sabanjure sertifikat sing dadi bukti saka UNESCO utawa UNESCO Three Genres of Traditional Dance in Bali diwenehake langsung dening Menteri Pendidikan dan Kebudayaan taun 2016, Anies Baswedan, marang Gubernur Bali, I Made Mangku Pastika, Setu (11/6/2016). Nalika iku bebarengan adicara Pesta Kesenian Bali ing Art Center, Denpasar-Bali. Adicara kasebut uga dirawuhi dening Dirjen Kebudayaan, Hilmar Farid.

Isih miturut rilis sing diserat dening Humas Kemendikbud, Tiga Genre Tari Bali diperang dadi telung tema penting sing ngandhut sangang beksan lawas.

Kaping siji, yaiku Wali utawa Tari Sakral. Beksan lawas iku wis ana kira-kira wiwit taun 8 nganti 14 masehi. Ing jaman biyen nganti tekan saiki lumrahe dipentaske ing emperan dalem pura (Mandala Utama) nalika ana adicara agama utawa adat. Sing kalebu ing jinis Wali yaiku Beksan Rejang, Sanghyang Dedari, lan Baris Upacara.

Kaping pindho yaiku Bebali utawa semi sakral sing ana wiwit taun 14 tahun 19 Masehi. Bebali dipentaske ing emperan tengah (madya mandala) ing Pura Bali nalika ana adicara tradisi. Biasane beksan ini ngandhut dramaturgi carita kayata Topeng Sidhakarya, Dramatari Gambuh, lan Dramatari Wayang Wong.

Kaping telu yaiku Balih-balihan utawa Tari Pertunjukan. Tari iki bisa dideleng masarakat ing njaba Pura utawa panggung liyane. Sing kalebu jinis Balih-Balihan yaiku Legong Kraton, Joged Bumbung, lan Barong.

Tiga Genre Tari Bali ditetepake minangka warisan kabudayan dening UNESCO amarga dhasar-dhasar tartamtu. Salah sijine yaiku karana Tiga Genre Tari Bali ngandhut piwulang luhur lan wigati ing bab agama, adat, budaya, uga kamanungsan sing dadi ciri khas masarakat Bali. Diripta wiwit kira-kira taun 8 Masehi, beksan ageng iku samsaya ngrembaka nganti tekan saiki.

Sakwise ditetepake dening UNESCO, pamarentah nduweni karep supaya para kadang muda ing Bali ora kendhat anggone ngleluri Tiga Genre Tari Bali. Ora mung babagan gerak tari, nanging uga bab wigati sing kakandhut ing beksan agung kasebut. Kayata bab ritual adat lan religi sing ngraketake masarakat Bali wiwit mbiyen nganti tekan saiki.

Proses
Proses ditetepake telung genre beksan agung saka Bali iku ora gampang. Miturut warta saka Kemendikbud, panaliten babagan tari Bali diwiwiti saka taun 2010. Kemendikbud nggandheng peneliti saka Pusat Penelitian dan Pengembangan Kebudayaan. Ing taun 2011 Tiga Genre Tari Bali banjut diusulke bebarengan Noken lan Taman Mini Indonesia Indah.

Nanging aturan babagan usulan warisan kabudayan UNESCO diowahi. Saben taun mung bisa ngusulake sak jinis kabudayan. Saengga Indonesia mung ngusulake tas tradisi saka Papua, Noken. Ing taun iku Noken langsung ditetepake minangka warisan kabudayan dening UNESCO kanthi nama Noken Multifunctional Knoteed and Woven Bag from people of Papua. Taman Mini Indonesia Indah lan Tiga Genre Tari Bali nyusul ing taun sabanjure.

Program ngleluri tari tradisi Bali orang mandek sanadyan wis entuk sertifikat penting saka UNESCO. Nanging kudu diterusake dening pamarentah lan masarakat mawa sekolah formal utawa non-formal.

Sakliyane Tari Bali, nganti tekan 2016 ana kira-kira nem warisan kabudayan Nusawantara sing uga wis kalebu dhaptar budaya adiluhung ing UNESCO. Kayata Wayang (2008), Keris (2008), Batik (2009), Angklung (2010), Tari Saman (2011), Noken Papua (2012), lan piwulan sarta gladhen babagan Batik (2009).