Prau Pinisi Kawentar Saindhenge Donya

Prau Pinisi (Antara/Sahrul Manda Tikupadang)
04 Oktober 2018 12:55 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (4/10/2018) menika kapacak babagan Prau Pinisi.

Solopos.com, SOLO -- Masarakat Sulawesi Selatan mesti wae ngerti sing jenenge kapal pinisi. Prau utawa kapal kasebut minangka piranti transportasi asli Suku Bugis lan Suku Makassar, mligine ing Desa Bira, Kecamatan Bonto Bahari, Kabupaten Bulukumba.

Pinisi sejatine sebutan jenenge layar prau. Kapal iki umume nduweni cagakan cacah loro, lan layar cacah pitu. Dene ukurane kapal ana maneka jinis, dawane wiwit saka 15 meter nganti 30 meter, ambane wiwit saka 5 meter nganti welasan meter.

Saben cagak sing ana ing kapal pinisi ora digawe sak-sake. Cacahe cagakan lan layar iku ana maknane. Cagak isi loro minangka simbol rong kalimat syahadat, dene layar cacah pitu dadi simbol cacahe ayat ing Surat Al Fatihah.

Miturut catetan sing diklumpukake dening solopos.com, kapal pinisi wis ana ing Indonesia sadurunge taun 1500. Diturut saka tulisan ing naskah Lontarak I Babad La Lagaligo abad-14, pinisi digawe dening pangeran Kraton Luwu, Sawerigadhing. Nalika iku pinisi ditumpaki dening Sawerigadhing nalika dheweke nyabrang segara saka Kraton Luwu menyang Tiongkok kanthi angkah nglamar Putri Tiongkok, We Cudai.

Sawerigadhing banjur nikah lan mapan ing Tiongkok. Nalika kepengin mulih menyang Luwu mawa kapal pinisi, dheweke lan bojone kacegat ombak gedhe saengga kapale pecah dadi telu. Sawergadhing lan kaluwargane diselametake dening warga ing Desa Ara, Tanah Lemo, lan Bira. Masarakat desa kasebut banjur ngrakit pecahan kapal iku dadi prau sing saiki dijenengake pinisi.

Nganti tekan saiki Desa Tanah Lemo sing ana ing Kecamatan Bonto Bahari, Bulukumba, Sulawesi Selatan iku kawentar minangka pusate para juru rakit prau pinisi. Masarakat ing saindhenge Tanah Lemo pinter ngrakit kapal pinisi banjur didol nganti tekan ngendi-ngendi. Salah sawijining juru rakit sing misuwur saka Bulukumba yaiku Haji Muhammad Djafar, 89.

Panrita Lopi

Saking wasise anggone nggawe kapal, dheweke nganti diarani panrita lopi, utawa sesepuh ahli kapal. Ora mung nggawe kapal, Djafar uga ngerti makna filosofi lan sujarahe pinisi ing Makassar. Ing taun 2015 dheweke antuk pangaji saka Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) minangka maestro seni tradhisi asli Makassar.

Nalika wawanwicara kalawan solopos.com liwat telpon, Rebo (3/10/2018), Djafar kang diampingi anake, Rahma Djafar, ngandharake dheweke wis ora gawe kapal wiwit taun 2012. Nanging Djafar isih wasis yen crita babagan sujarahe pinisi.

Muhammad Djafar nggawe kapal pinisi wiwit taun 1965. Sakdurunge iku ya dadi tukang ngrakit kapal, nanging jinis liya. Kapal pinisi digawe saka kayu, banjur ditata tanpa paku. Kayu sing digawe lumrahe saka kayu jati, yen saiki akeh-akehe saka jati putih.

Ing jaman biyen kayune dijupuk saka kebone dhewe-dhewe. Wiwit saka ngethok kayu nganti ngrakit dadi kapal diwiwiti maneka adicara adat supaya lancar lan kasile migunani. Kayata ngobong menyan, tasyakuran ing pinggir laut mawa sesajen lan sakpiturute. Maneka adicara kasebut isih dilakoni dening sawetara masarakat ing jaman saiki.

“Iku wujud dedonga supaya lancar anggone gawe kapal, banjur kapale migunani. Yen digawe kanggo golek rejeki ya rejekine ben lancar, lan sakpiturute,” kandhane.

Kapal pinisi gaweyane Muhammad Djafar wus kawentar tekan ngendi-ngendi. Ing taun 80-an dheweke nggawe kapal jinis padewakang sing dipesen dening pejabat ing Australia. Padewakang gaweyane disimpen ing salah sawijining museum ing Darwin. Kapal kanggo ngangkut rempah-rempah iku digawe kanti ukuran dawa 15 meter lan amba limang meter.

Ing tan 2017 wingi kapal gaweyane Djafar uga dipesen dening petugas museum La Boverie, Liege, Belgia, nalika ana adicara Festival Europalia. “Nalika taun 80-an, kapale digawa layar menyang Australia, sisan ditumpaki. Nanging ing Belgia wingi kayu-kayune diudhari banjur digawa mawa pesawat,” kandhane.

Rahma Djafar ngandharake sakliyane kanggo pajangan ing museum, kapal pinisi gaweyane bapake uga dipesen kanggo ngangkut barang dagangan lan kanggo wisata. Ing Papua, kapal pinisi isih dadi salah sawijining transportasi penting sing digunakake kanggo nggawa barang saka dhaerah siji menyang dhaerah liyane.

Dene ing nagara manca, ora mung Australia, lan Belgia, nanging uga ana nagara liya saka Benua Amerika lan Eropa. Djafar wis pensiun anggone ngrakit kapal, yen ana pesenen kapal pinisi bakal dirakit dening anak-anake. “Wis kaya ilmu turun temurun, anak-anak lanange ya wasis gawe kapal pinisi,” kandhane.