Daeng Soetigna lan Sumebare Angklung ing Nuswantara

Daeng Soetigna (wikipedia.org)
27 September 2018 12:55 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (27/9/2018) menika kapacak Maestro Angklung.

Solopos.com, SOLO -- Daeng Soetigna yaiku maestro angklung saka Garut sing kasil ngganti irama (nada) angklung saka pentatonik (da, mi, na, ti, la) dadi angklung modheren kanthi nada diatonik chromatik (do, di, re, ri, mi, fa,fi, sol, sel, la, li, ti, do) kira-kira ing taun 1938.

Karana kewasisane iku angklung saiki bisa kanggo ngiringi maneka warna tembang saengga bisa narik gawigatene para generasi mudha. Malahan angklung uga kerep dipentasake bebarengan musik modheren.

Nalika jaman penjajahan Jepang, Daeng nggawe pepanthan angklung ing SD Kuningan. Dheweke banjur ngajarake musik angklung kanggo ngiringi tembang-tembang wajib Indonesia. Grup kasebut samsaya kawentar lan kerep diundang pentas. Karana iku angklung samsaya ngrembaka. Nalika Perjanjian Linggajati ing wulan November 1946 kabeh pasarta kepincut marang pentas angklung pimpinane Daeng.

Peneliti saka Balai Pelestarian Sejarah dan Nilai Tradisional Bandung, Rosyadi, ing bukune kanthi irah-irahan Angklung: Dari Angklung Tradisional ke Angklung Modern njlentrehake Daeng lan para muride nate diundang ing Istana Presiden, Jakarta.

Karana jasane ngrembakake angklung, Daeng Soetigna diwenehi piagam dening para pejabat, kayata dening Gubernur Jawa Barat (1966), Gubernur DKI Jakarta (1968), Satya Lencana Kebudayaan dening Presiden Soeharto (1968), Anugerah Bintang Budaya Parama Dharma (2007) Presiden Susilo Bambang Yudhoyono, lan diusulke dadi pahlawan nasional Jawa Barat ing bidang seni lan budaya.

Tradhisi

Rosyadi ngandharake angklung saiki kaperang saka rong jinis. Yaiku angklung tradhisional lan angklung modheren. Angklung tradhisional saiki isih ngrembaka ing saindhenge masarakat Sunda ing Jawa Barat, lan Banten.

Yen dijlentrehake, jinise angklung tradhisi iku nganti welasan. Kayata angklung kanekes sing ana ing Kecamatan Ciboleger, Lebak, Banten. Ing kana ana 53 kampung Baduy. Kampung-kampung kasebut isih kerep ngadani maneka adicara adat. Dene angklung dadi salah sawijing piranti wajib sing biasane kanggo ngiringi adicara tradhisi iku.

Ing Baduy Tangtu, angklung dipentaske tanpa nada lan irama sing jelas. Dene ing Panamping lan Dangka (luar), angklung diunekake kanthi irama tartamtu. Cara sing beda kasebut ana gandheng cenenge karo budaya sabendinane masarakat.

Banjur ana sing jenenge angklung dogdog lojor. Angklung kasebut ana ing masarakat Kasepuhan Pancer Pangawinan utawa Adat Banten Kidul. Dogdog lojor yaiku salah sawijining instrumen sing ana ing angklung. Kayata ing kanekes, dogdog lojor biasane kanggo ngiringi maneka adicara tradisi kayata panen.

Uga ana angklung gubrag sing ana ing Kabupaten Bogor; Angklung Badeng ing Desa Sanding, Kecamatan Malangbong, Garut; lan Angklung Buncis, ing Desa Baros, Arjasari, Bandung.

Rosyadi ngandharake ing masarakat Sunda, angklung pancen ora bisa dipisahke karo adicara tradhisi kang gegayutan karo pertanian. Jaman saiki angklung ora mung kanggo ngiringi adicara ing kampung-kampung, nanging luwih kerep ngiringi pentas-pentas seni sing tujuwane hiburan. Malahan ing dhaerah tartamtu angklung dadi seni hiburan ndalanan sing biyasane digunakake para pengamen.