Ngungak Makna lan Sujarahe Angklung

Siswa SD Santo Fransiskus Boyolali ngunekake angklung bebarengan sawetara wektu kepungkur. (Solopos/Dok)
27 September 2018 12:40 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (27/9/2018) menika kapacak Makna lan Sujarahe Angklung.

Solopos.com, SOLO -- Indonesia pancen negara sing sugih budaya. Saben dhaerah nduweni seni tradhisional sing beda-beda. Wiwit saka lagu dhaerah, omah adat, klambi adat, banjur seni tari, lan musik tradhisi.

Jagad Jawa nate mbabar salah sawijining musik tradhisi yaiku gamelan sing ngrembaka nganti tekan nagara manca. Ing kalodhangan iki, uga bakal disuguhake tulisan babagan musik tradhisional yaiku angklung.

Angklung yaiku salah sawijining musik tradhisi sing dinduweni masarakat Sunda ing Jawa Barat. Tembunge kajupuk saka Basa Sunda yaiku ‘angkleung-angkleungan’ ateges obah, sarta swara ‘klung’. Yen dirunut saka sujarahe, asal muasal Angklung iku saka alat musik calung, yaiku alat musik saka pring sing ditabuh kanthi dithuthuk, dene angklung diobah-obahake.

Angklung digawe saka pring sing ditata jejer-jejer, banjur cara ngunekake mawa diobah-obahake. Angklung lumrahe nduweni nada dhasar pentatonis, banjur ana musikus sing nggawe inovasi saenggo nduweni nada dhasar diatonis. Kanthi anane owah-owahan nada iku seni angklung kang mujudake seni tradhisional bisa samsaya ngrembaka lan nut owahing jamane.

Ing taun 2012 salah sawijining peneliti saka Balai Pelestarian Sejarah dan Nilai Tradisional Bandung, Rosyadi, ngripta buku babagan angklung kanthi irah-irahan Angklung: Dari Angklung Tradisional ke Angklung Modern.

Miturut Rosyadi, angklung wus dikukuhake minangka warisan budaya donya asli saka Indonesia dening bebadan sing ngurusi seni lan kabudayan internasional saka Perserikatan Bangsa Bangsa (PBB) yaiku The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO). Deklarasi angklung minangka warisan kabudayan Indonesia kasebut diadani 16 Januari 2011.

Salah sawijining sutresna budaya sing nyinauni angklung, Taufik Hidayat Udjo, ngandharake sakbubare deklarasi UNESCO, generasi mudha kudu luwih greget anggone nyinauni lan ngrembakaake Angklung. Apa meneh, miturut dheweke, angklung uga disinau ing Korea Selatan. Ing nagara sing misuwur kanthi budaya K-Pop iku, angklung disinau dening bocah-bocah sekolah ing 8.000 sekolahan.

Sujarah

Rosyadi uga ngandharake miturut sujarah angklung wis ana ing Sunda wiwit jaman Krajan Sunda. Yen dideleng saka catetane Walanda sing menyang Indonesia, angklung ana wiwit abad kaping-19. Nalika iku, angklung dadi salah sawijining musik tradhisi sing kawentar ing saindhenge Krajan Sunda. Masarakat akeh sing ngunekake angklung nalika lagi sela anggone makaryo.

Angklung, uga sumebar ing dhaerah-dhaerah liya ing Indonesia wiwit saka Jawa Timur, Jawa Tengah, nganti dhaerah sanjabane tanah Jawa. Malahan, miturut pangripta buku saka walanda, Kunst Jaap, angklung iku ora mung saka Sunda. Ing jaman mbiyen, angklung uga ana lan ngrembaka ing Sumatra, Kalimantan, Jawa Timur, Jawa Tengah, lan Bali.

Ing saben dhaerah, anglung nduweni kagunan sing beda-beda. Ing Bali, angklung dadi musik pangiring adicara kremasi utawa Ngaben. Ing Suku Baduy, Jawa Barat, angklung dadi musik wajib nalika ngadani adicara-adicara kang wigati.

Jaman mbiyen ing Cirebon, angklung uga dadi salah sawijining piranti dakwah Agama Islam. Miturut crita, sesepuh agama Islam Syekh Bentong utawa Ki Gede Bungko migunakkae angklung minangka piranti dakwah 600 tahun kepungkur. Warisan angklunge Syekh Bentong iku nganti saiki isih dirumati dening masarakat ing Desa Bungko, Cirebon.

Pamerti budaya, Muhammad Agus Muljanto, ngandharake angklung uga ana gandheng rakete karo mitos Nyi Sri Pohaji minangka Dewi Sri utawa Dewi Tani. Saben panen mesti ana puja puji marang Dewi Sri. Samsaya suwe, tetembangan marang Dewi Sri kasebut uga diiringi tetabuhan sing asumber saka pring-pringan.

Pring sing dikethoki banjur ditata iku kasebut angklung. Samsaya mrene, angklung, ora mung dadi musik pangiring adicara marang Dewi Sri. Nanging samsaya ngrembaka dadi seni tradhisi sing uga kanggo ngiringi tari-tari tradhisi lan modheren.

Agus uga nambahi, ana piwulang sing wigati ing pentas musik angklung. Salah sijine yaiku gotong royong minangka dhasar urip sing wigati. Angklung lumrahe dipentaske dening wong akeh lan ana sing mandhegani. Ana nganti welasan uwong sing nyengkuyung saben pentas.

Kira-kira pitung taun kepungkur ing Amerika ana pentas angklung massal sing disengkuyung nganti 5.000 pawongan. Pentas kasebut mlebu rekor donya minangka pentas musik adiluhung kanthi pasarta paling akeh. Nanging, ing adicara tartamtu angklung uga bisa dipentaske dhewekan utawa solois.