Pencak Ngandhut Wiraga, Wirasa, lan Wirama

Pesilat Indonesia Wewey Wita (tengan) tandhing pesilat Thailand Suda Lueangaphichatkun ing kelas B Putri Asian Games 2018 ing Padepokan Pencak Silat Taman Mini Indonesia Indah (TMII), Jakarta, Jemuah (24/8 - 2018). (Antara/Melvinas Priananda)
20 September 2018 13:05 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (20/9/2018) menika kapacak bab Pencak Silat.

Solopos.com, SOLO -- Ing sawetara wektu kepungkur pencak silat dadi pawarta kang sumebar ing sadhengah media massa kaya koran, radio, tivi, lan media sosial. Olah beladhiri asli Indoensia iku kawentar awit para atlet Indonesia sing tandhing ing Asian Games kasil ngrebut 14 medhali emas.

Kedadeyan sing dadi sorotan yaiku nalika atlet silat Hanifan Yudani menang tandhing atlet saka Vietnam Nguyen Thai Linh. Hanifan nyalami banjur ngrangkul Ketua Umum Pengurus Besar Ikatan Pencak Silat Indonesia (IPSI) Prabowo Subianto lan Presiden Joko Widodo.

Saka kedadeyan iku pencak silat Indonesia samsaya kawentar lan dadi omongan dianggep bisa nyawijekake Prabowo lan Jokowi sing lagi padha nyalon dadi presiden ing Pemilu 2019.

Mumpung durung ana sesasi saka Asian Games 2018 bubar, ing kalodhangan iki Jagad Jawa ngajak para sutresna budaya ngungak sujarah lan asal usule seni tradhisional sing uga dadi sarana bela dhiri kasebut.

Pimpinane Lembaga Pelatih Pengurus Besar Ikatan Pencak Silat Indonesia (IPSI), Johansyah Lubis, ngripta buku babagan silat kanti irah irahan Perkembangan Pencak Silat. Buku sing katulis nganti telung edisi kasebut mbabar sujarah lan wiwitane silat ing Nuswantara.

Ing buku edisi kaping pisan, Johansyah Lubis ngandharake menawa pencak silat ana wiwit jaman prasejarah. Ngelmu silat digunakake kanggo ngadhepi utawa survive urip ing alam rimba jaman mbiyen. Kayata ngadhepi kewan-kewan galak, bencana alam, lan sapiturute.

Sabubare iku, digunakake kanggo nglawan mungsuh ing jaman penjajahan. Nganti tekan saiki, dadi salah sawijining seni olahraga tradhisional sing dadi andhel-andhele Indonesia.

Johansyah negesake pencak silat asli budaya Indonesia, banjur sumebar ing negara Melayu. Buktine ing nagara Melayu liyane uga ana pencak silat kanti nama sing beda-beda kayata Bersilat, Gayong, lan Cekak ing Malaysia lan Singapura; kasebut Satun lan Bersilat ing Thailand, lan Pasilat ing Filipina. Yen runut asal usule, tembung-tembung kasebut asale saka tembung dhaerah ing Indonesia.

Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan nalika ngisi lembar pendaftaran pencak silat minangka warisan kabudayan asli Indonesia marang United Nations Educational, Scientific, and Cultur Organization (Unesco), nulisake menawa pencak silat asale saka Sumatera lan Jawa.

Tembung pencak digunakake dening masarakat Jawa, dene silat utawa silek saka Sumatera. Sabanjure iku ngrembaka nganti tekan plosok Indonesia kanti jeneng sing beda-beda. Kayata Bapencak ing Bangka; Pence ing Banten; Akeket, Okol, Penthengan, ing Jawa Timur lan Bali; Langga ing Gorontalo; Pakuttau lan Amanca ing Sulawesi.

Wiraga, Wirasa, Wirama

Ing formulir pendaftaran UNESCO uga dijlentrehake pencak silat ngandhut telung bab sing wigati yaitu olahraga utawa mental spiritual, kanggo bela dhiri, lan seni tradhisional. Saben dhaerah nduweni gaya jurus silat sing beda-beda nut kabudayane. Malahan ana pencak silat sing dipentaske kanthi iringan tetabuhan tradhisional.

Awit saka iku kajlentrehake pencak silat iku kaperang saka telung bab sing wigati yaiku olahraga (wiraga), olahrasa (wirasa), lan olahirama (wirama).

Wiraga tegese pencak silat sarana kanggo ngolah raga supayane sehat. Wirasa ateges jurus-jurus ing Pencak Silat uga kanggo ngolah jiwa lan rasa. Saengga ana saperangan jurus sing kudu dilakoni kanti tirakat. Sabanjure wirama ateges pencak silat ngandhut seni gerak sing dipentaske kairingan irama musik tradhisional.

Piranti sing lumrahe digunakake nalika pentas silat yaiku seragam wajib werna ireng, iket kaya udheng lan destar, musik tradhisi sarana pangiring pentas, lan gaman kayata pedang, lan sakpiturute. Wong-wong kang bisa silat kasebut pesilat utawa pamenca. Sekolah pencak silat kasebut paguron, sasaran, padhepokan, lan tapian.

Dene, pepanthan sing ngurus Pencak Silat ana Ikatan Pencak Silat Indonesia (IPSI), Masyarakat Pencak Silat Indonesia (Mapsi), lan Pencak Silat Accompanist.

Jeneng anggotane uga beda-beda, miturut pengalaman lan kapitayane. Paling tuwa jenenge sesepuh, tuo silek, pinisepuh, utawa rama. Sakngisore sesepuh ana guru besar, pandeka, lan maha guru. Sakngisore maneh ana pelatih utawa palampeh, banjur murid-murid kanggone wong sing lagi ajaran.

Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan uga ngandharake pencak silat saiki dadi salah sawijining materi pendidikan formal lan non-formal. Yen diitung-itung cacahe peguron silat ana nganti ewon. Contone nalika Paseduluran Angkringan Silat (PAS) ing Ngayogyakarto ngadani adicara pencak silat taun 2015, ana luwih saka 6.000 murid silat sing nyengkuyung adicara kasebut.

Jawa Barat uga nate nglumpukake luwih saka 10.000 murid peguron silat nalika ngadani adicara pencak silat ing taun 2014. Sumatera Barat uga ngadani adicara pencak silat ing taun 2016. Nalika kuwi ana luwih saka 1.000 pesilat ing sepuluh nagara.

Pelatih Silat Nasional sing nglatih atlet ing Asian Games 2018 wingi, Rony Syaifullah, nalika diwawancarai dening solopos.com, Selasa (18/9/2018), ngandharake ing jaman biyen jurus-jurus silat digunakake dening masarakat kanggo nglawan  penjajah.

Dene ing jaman saiki pigunane pencak silat samsaya akeh. “Yen lomba kayata Asian Games wingi sing paling diunggulke yaiku silat minangka ilmu olahraga, ngandelke seni gerak, ora mung seni beladhiri,” kandhane Rony.

Silat minangka piranti beladhiri contone, ora mung kanggo nglawan begal lan sakpiturute. Luwih saka kuwi, beladhiri sing dikarepake yaiku bela awake nalika ana bencana kayata gunung mbledhos, longsor, kecelakaan, lan liyan liyane.

Malahan pencak silat uga dadi jurus-jurus mligi ing pilem-pilem Superhero ing nagara manca. Akeh pesilat Indonesia sing diundang menyang nagara manca kanggo mulang silat. Kayata atlet lan artis Yayan Ruhiyan saka Bandung sing wis mulang silat ing Eropa lan Amerika wiwit sawetara wektu kepungkur.