Tempe, Pangan Warisan Leluhur Jawa

Pegawe salah sawijining pabrik tempe ing Mojosongo, Jebres, Solo, madhahi dhele sing wis digodhok lan diwenehi ragi kanggo gawe tempe, Minggu (9/9 - 2018). (Solopos/Ika Yuniati)
14 September 2018 16:20 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (13/9/2018) menika kapacak bab Sujarahe Tempe.

Solopos.com, SOLO -- Kanggone masarakat Indonesia, tempe kalebu panganan padinan. Malahan dadi salah sawijining panganan sing kasebut ing program Empat Sehat Lima Sempurna, awit tempe ngandhut gizi kang dhuwur. Ubarampe baku gawe yaiku dhele. Dhele mentah digodhog, banjur diwenehi ragi.

Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan gawe cathetan ngenani tempe kanthi irah-irahan Naskah Akademik Penominasian Tempe sebagai Warisan Budaya Tak Benda. Ing tulisan kasebut diandharake menawa tempe mujudake budaya kang tuwa kanthi wujud panganan. Tempe wis kasebut ing Serat Centhini riptaning Ki Rangga Sutrasna nalika jaman Sultan Pakubuwana V Surakarta (1815).

Miturut Serat Centhini tempe sumrambah ing Nuswantara wiwit Abad kaping 16. tempe dadi salah sawijining jeneng panganan sing digawe saka santen yaiku ‘Jae Santen Tempe’ lan ‘Kadhele Tempe Srundengan’. Sabanjure tempe dadi panganan padinan nalika jamane Sultan Agung ing taun 1613 nganti 1645.

Nimpuna tempe saka Universitas Gadjah Mada, Mary Astuti, nulis babagan tempe ing buku Bunga Rampai Tempe Indonesia. Dheweke ngandharake tempe dudu saka Basa Tiongkok, nanging kajupuk saka Basa Jawa Kuna. Ing Basa Jawa Kuna katulis Tumpi, yaiku penganan wernane putih sing digawe saka sagu, lan tempe werna putih.

Tempe uga kasebut ing Serat Centhini jilid kaping telu. Katulis ing carita lelakune Cebolang saka Candhi Prambanan tumeka Pajang. Nalika Cebolang mampir ing Dusun Tembayat, Klaten, dheweke disuguhi mangan awan dening Pangeran Brayat. Lawuhe yaiku brambang jae santen tempe, lan asem sambel lethokan. Sambel lethokan digawe saka tempe kanthi proses ragen utawa fermentasi luwih suwe saka biyasane.

Tempe awujud tempe bacem uga dadi lawuh paling digandrungi wiwit jaman Sri Sultan Hamengkubuwono VII. Nalika jaman pamarentahan Sultan Hamengkubuwono IX ana limang jinis pawon sing biyasane kanggo ngolah panganan. Yaiku Pawon Gebulen, Pawon Wetan utawa Pawon Sekulangen, Pawon Patehan, Pawon Gondokusuman, lan Pawon Prabeyo. Tempe dadi panganan wajib sing kudu diolah ing Pawon Sekulangen.

Sakwise iku, ing jaman kamardikan tempe dadi panganan pokok masarakat. Tempe uga dadi pralambang semangat nglawan mungsuh. Nalika iku ana unen-unen sing nglarakke ati yaiku wong Indonesia mental tempe. Amarga unen-unen iku rakyat malah samsaya kuwat lan nduweni kadigdayan nglawan Walanda supayane ora dadi kaya tempe sing cara gawene saka dhele sing diidak-idak dhisik.

Saking kawentare, dhele nganti dadi salah sawijining ukara ing tembang Cublak Cublak Suweng. Uga tembang Tahu-Tahu Tempe sing diserat Ki Nartosabdo ing taun 1925–1985.

Tempe lan Maknane

Miturut tulisan saka Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, tempe iku dadi pralambang urip sing harmonis. Buktine tempe dadi ubarampe wajib ing adicara-adicara adat sing wigati. Kayata adicara nglimani, brokohan, tahlilan, surtanah, matang puluh dina, sedhekah nelung-dinani, kupatan jolosutro, lan rebo wekasan.

Ing saindhenge Jawa Tengah, tempe dadi panganan khas sing biyasane kanggo suguhan. Kayata tempe kemul ing Wonosobo lan Jogja, tempe mendhoan ing Kebumen lan Banyumas, uga tempe keripik ing Malang lan Purwokerto.

Tempe minangka panganan padinan uga warisan kabudayan pancen kudu diuri-uri. Awit saka iku ora salah menawa pamarentah nduweni pangajab tempe antuk pangakon saka UNESCO minangka warisan budaya Nuswantara. Saemper karo bathik lan warisan liyane sing wis diakoni dening pepanthan internasional sing ngurusi bab kabudayan lan pendhidhikan kasebut. 

Tokopedia