Sujarah Reyog lan Piwulang Becik

Pagelaran reyog (Istimewa)
06 September 2018 06:25 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (6/9/2018) menika kapacak bab Sujarah Reyog.

Solopos.com, SOLO -- Reyog minangka salah sawijining warisan kabudayan wis ana lan ngrembaka ing saindhenge Ponorogo, Jawa Timur, wiwit atusan taun kepungkur.

Miturut buku Seni Reyog Ponorogo: Sejarah, Nilai, dan Dinamika dari Waktu ke Waktu sing kaserat dening Rido Kurnianto (2017), crita asal usule reyog ing Ponorogo ana pirang-pirang versi. Kira-kira nganti ana limang carita sing kasebar kanti crita tutur tinular para sepuh lan para wasis ing sakupenge Ponorogo.

Salah sijine yaiku reyog sing ana gandheng rakete karo crita Klana Sewandana saka Kraton Wengker, lan Dewi Sanggalangit saka Kraton Kediri.

Nalika kepingin palakrama karo Dewi Sanggalangit, Raja Klana diwenehi sarat maneka warna yaiku; kudu nyumadhiyakake gamelan kanggo ngiringi manten saka Wengker nganti tekan Kediri, nyedhiyani kewan sing bakale ngisi kebon raja ing Kediri, lan njaluk manungsa kanti sirah macan minangka seserahan.

Sarat-sarat iku banjur dadi cikal bakale seni reyog ing Ponorogo.

Crita liyane sing uga kawentar ing masarakat yaiku crita Ki Ageng Kutu, abdi Majapahit ing mangsane Bhre Kertabhumi kira-kira Abad XV. Ki Ageng Kutu muring ndeleng kraton sing mawut amarga korupsi.

Banjur dheweke metu saka kraton lan ngedegake padhepokan pencak silat sing bakal disiyagaake kanggo ngganti Majapahit sing lagi bobrok. Ki Ageng Kutu uga migunakake seni reyog minangka piranti pulitik kanggo nyemoni Raja Kertabhumi. Wiwit saka iku pagelaran reyog uga dadi salah sawijining simbol panentang saka masarakat marang pemimpin sing ora adil.

Yen diurut saka crita kasebut, mula bukane reyog wis diwiwiti saka jaman animisme lan dinamisme, banjur agama Hindhu-Budha, nganti tekan ngrembakane agama Islam. Reyog uga didadekake piranti dakwah Islam dening Raden Katong (Bathara Katong). Salah siji buktine yaiku ana kalung utawa manik-manik ing dhadhak merak. Kalung kasebut digunakake kanggo ngenalake dikir ing jamane Raden Katong.

Seni tradhisional reyog lumrahe kaperang saka sawetara rerangken. Diwiwiti jogedan, wosing reyog, banjur dipungkasi jogedan barongan. Dene penarine kira-kira ana limang jinis yaiku jathilan awujud prejurit nganggo jaran kepang, warok, bujang ganong, Klana Sewandana, lan barongan minangka simbole reyog.

Barongan lumrahe nganggo dhadhak merak seprabot karo topeng sirah macan. Piranti mligi tumrap pentas reyog iku digawe saka kulit macan lan wulune merak asli.

Wulu lan kulit iku legal amarga kajupuk saka wulu sing mbrodoli, lan kewan mati. Dawane dhadhak merak kira-kira 2,25 meter, lan ambane nganti 2,30 meter. Yen ditimbang, abote bisa nganti seket kilo luwih. Reyog banjur diiringi gamelan ringkes kayata gong, kendhang, ketipung, kenong lan kethuk, trompet, lan anglung.

Ing jaman mbiyen mung wong-wong tartamtu sing bisa dadi barong. Amarga kudu njoget ing panggung sinambi ngangkat dhadhak merak sing abote nganti seket kilogram. Malah dhadhak merak iku diangkat amung nganggo untu utawa dicokot.

Salah sijine seniman Solo sing dadi barong wiwit tahun 1950-an, Paiman, 75, Senen (3/9/2018), ngandharake jaman mbiyen dheweke kudu nglakoni tirakat supayane bisa dadi barong.

Tirakat iku ora ana gandheng cenenge bab mistik, nanging mung panyuwunan marang Gusti Allah supaya niyate kabul. Laku tirakate diwiwiti saka pasa pitung mbengi, pasa mutih nganti 35 dina, pasa mangan gedhang, tapa ing kali, adus keramas, banjur dipungkasani kanti bancaan jajan pasar, lagi mbarong.

Sakwise kuwi, nalika arep pentas, piranti reyog diwenehi sesajen supaya adicarane lancar. Sajene dumadi saka kembang setaman, menyan, kopi, rokok, lan ati pitik mentah. Laku tirakat lan sesajen iku minangka piranti syukur marang sing Maha Kuwasa.

Jaman nom-nomane, Paiman, kawentar nganti saindhenge Jawa Tengah. Dheweke kerep nuduhane kuwanen mangan beling, mangan bata, uga mangan ula urip.

“Aku bisa mangan aneh-aneh iku ya nalika ing pentas, pas dadi barongan. Kaya-kaya awak iki rasane luwih kuwat. Nanging sakwise pentas ya rasane mbalik meneh dadi biyasa wae,” kandhane Paiman nalika ditemoni ing daleme ing wewengkon Kelurahan Mojosongo, Solo.

Paiman ngandharake laku tirakat iku anane ing jaman mbiyen. Jaman saiki ana sing isih pasa lan tapa, nanging mung siji loro. Wondene piranti sesajen isih kerep digunakake dening pepanthane ing Paguyuban Reog Singa Anggoro Cendhani, Mojosongo. Nanging akeh pepanthan sing wis ora ngugemi bab tirakat lan sesajen iku.

Reyog ora mung seni rakyat sing kanggo nyenengke wong sing nonton. Reyog uga weneh piwulang budi pakerti sing luhur disimbolke wulu merak, semangat mbela nagara disimbolke saka kulit macan lan jathilan, optimisme ing joged Bujangganong, uga piwulang dadi pangarsa nagara lan sakpiturute kang disimbolke joged Klana Sewandana.