Reyog Ponorogo, Mratah Ing Njaban Rangkah

Sawijining pagelaran reyog. (Istimewa)
06 September 2018 05:25 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (6/8/2018) menika kapacak bab Reyog Ponorogo.

Solopos.com, SOLO -- Seni tradhisi reyog sing sakdurunge kawentar saka Ponorogo saiki sansaya ngrembaka nganti tumekaning desa-desa ing saindenge Jawa Timur, Jawa Tengah lan tlatah liyane. Malah tumeka mancanegara.

Miturut artikel babagan reyog sing dikirim dening Kementerian Kebudayaan marang solopos.com kanti irah-irahan Naskah Akademik Penetapan Budaya Tak Benda Reyog Ponorogo, seni Reyog iku dinamis. Awit saka iku reyog bisa disinau lan ngrembaka nganti tekan nagara manca.

Wiwit taun 2010 pamarentah Ponorogo ndhaptarake reyog marang United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) minangka salah sijine warisan dunia kang asale saka Nusantara.

Nanging miturut detik.com ing website Kemendikbud.go.id, Selasa (26/12/2017), babagan reyog kang didhaptarake iku ora ana kabare nganti tekan 2016. Bupati Ponorogo Ipong Muchlissoni dhaptar meneh marang UNESCO ing taun 2016, banjur lagi ditanggepi ing taun 2017.

Miturut Ipong, reyog minangka warisan kabudayan Indonesia lagi bisa disidhangke ing taun 2020. Dene reyog kadhaptar dadi Warisan Budaya Tak Benda (WBTB) nomer 28 taun 2013.

Dileluri minangka aset kabudayan dhaerah, pagelaran reyog lumrahe diiringi tabuhan lan tari tartamtu kayata warok, jathilan, Klana Sewandana, uga dhadhak merak.

Miturut buku Seni Reyog Ponorogo: Sejarah, Nilai, dan Dinamika dari Waktu ke Waktu sing kaserat dening Rido Kurnianto (2017), tabuhan lan joged ing pagelaran reyog uga melu ngrembaka. Akeh sing nggarap kreasi joged lan tembang supaya saya gayeng. Kadhang kala reyog diiringi musik dangdut, campursari, lan sakpiturute.

Ngrembakane reyog uga nganti tekan Kutha Solo. Saking senenge marang reyog, Pamarentah Kutha Solo wiwit taun 2013 ngadani adicara Festival Semarak Singo Barong ing Benteng Vastenburg. Festival kasebut disengkuyung dening 30 pepanthan saka ngendhi-ngendhi kayata Wonogiri, Madiun, Ngawi, Ponorogo, lan sapiturute.

“Sanadyan dudu wong Ponorogo, akeh sutresna budaya ing sing seneng marang reyog. Ing Solo pepanthan reyog saya mengkana. Semono uga ing Wonogiri akeh banget,” kandhane Pimpinan Festival Semarak Singo Barong Solo, Eko Sadono, nalika ditemoni ing daleme, tlatah Manahan, Banjarsari, Senen (3/9/2018).

Eko ngandharake sing seneng marang reyog ora mung wong tuwa. Nom-noman nganti bocah-bocah ing Solo akeh sing seneng nonton reyog. Saliyane iku uga akeh bocah sing melu ing pepanthan reyok.

“Saben festival mesti akeh bocah sing wasis dadi barongan, jathilan, lan liyane,” kandhane.

Ing jaman mbiyen reyog pancen dianggep seni sing wingit. Saengga akeh laku prihatin lan ubarampe sesajen sing digunakake nalika ana pagelaran. Eko ngandharake ngrembakane reyog ing Solo ora ana gandheng cenenge karo babagan mistis utawa wingit. Pentas reyog dimaknani minangka seni tradhisi adiluhung sing edipeni lan kudu diuri-uri.

Anggota Kelompok Sadar Wisata (Pokdarwis) Mojosongo, Solo, Dody Sudarsono, Senen, ngandharake bab sing padha. Miturut Dody, reyog ing Solo sansaya ngrembaka. Apa meneh Pamarentah Solo kerep mbiyantu pepanthan reyog kanti menehi bantuan kanggo tuku piranti reyog, kayata dhadhak merak lan sapanunggalane.

Ing Kalurahan Mojosongo wae nganti ana telung pepanthan. Durung sing ana ing dhaerah liyane kayata Pajang, Nusukan Banjarsari, lan sakpiturute. Wujud lan jogede reyog Solo memper karo sing ana ing Ponorogo.

Miturut Dody, reyog gampang disinau. Contone mbiyen dheweke lan kanca ing pepanthan Reog Bolosongo wiwit sinau saka VCD. Bareng wis suwe sinau mawa video reyog lagi ana seniman sing nggladhi joged lan gamelan sing luwih pener.

Jaman saiki pancen akeh sing gawe joged lan musik kreasi. Nanging, kandhane Dody, pepanthan ing Solo luwih kerep mawa pakem. Amarga saben joged lan tabuhane ngandhut piwulang sing mligi lan ora kena diowahi.

“Sanadyan dudu saka Ponorogo, reyog Solo uga kerep ditanggap ing maneka warna adicara. Apa meneh yen pitulasan utawa ulang tahun kamardikan, sing nanggap akeh banget nganti ana sing ora diayahi,” kandhane Dody.