Batik Warisan Leluhur (Tembang Sinom)

Ilustrasi Jagad Jawa - Arif Edi Harsanto
30 Agustus 2018 06:15 WIB Redaksi Solopos Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (30/7/2018) menika kapacak Tembang Sinom anggitanipun Yohanes Siyamta. 

Batik Warisan Leluhur (Tembang Sinom)

Manut ujaring pawarta,

asal mula tembung bathik,

kawiwitan kain amba,

ginambaran kanthi titik,

budaya tuhu adi,

tilarane pra leluhur,

wajib diupakara,

dijaga murih letsari,

aja nganti tumpes cures ilang musna.

 

Mbabar bathik ora gampang,

butuh tlaten lan taberi,

wiwitan kain lembaran,

ditulisi digambari,

kanthi malam lan canthing,

piranti nembok lan nutup,

nylup naptol gawe werna,

nglorot kaping bola-bali,

wusnya rampung dadya endah warnanira.

 

Jinis bathik telung werna,

angka siji bathik tulis,

bathik lukis kapindhonya,

bathik cap ingkang kaping tri,

motif lan corakipun,

neka warni manca warna,

parang lan sekar jagad,

truntum kawung sido mukti,

mega mendhung lan taksih kathah sanesnya.

 

Bathik sarana utama,

dandan dhemes katon peni,

sanyata ajining raga,

rinengga busana adi,

trep ing swasana resmi,

ing mirunggan uga wangun,

bathik nyata piguna,

wit kuna nganti saiki,

pantes kanggo gedhe cilik enom tuwa.

 

Bathik nyata wus manjila,

wit biyen nganti saiki,

tilaran leluhur nyata,

tuhu pantes denleluri,

tanggal loro ngepasi,

ing Oktober wulanipun,

taun rong ewu sanga,

UNESCO netepken yekti,

batik minangka warisan kabudayan.

 

Bakda prastawa menika,

Pamarintah tanggap nuli,

Presiden damel putusan,

Kepres nomer tlung puluh tri,

wiwit putusan niki,

kalih Oktober puniku,

dadya penget pratandha,

denkepyakken kanthi resmi,

nyata dadi Hari Batik Nasional.

 

Sleman, pungkasan Agustus 2018