Ngungak Sujarah lan Werdine Bathik

Tukang mbathik ing salah sawijining toko bathik Laweyan Solo lagi nutup motif sing digambar nganggo malam, Selasa (29/8/2018). (Solopos - Ika Yuniati)
30 Agustus 2018 05:40 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (30/8/2018) menika kapacak bab Sujarah Bathik.

Solopos.com, SOLO -- Indonesia pancen negara kang sugih warisan budaya kang adi luhung. Ing seni budaya warisan leluhur iku sarwa ngandhut piwulang becik. Miligi ing tlatah Jawa piwulang iku ora melok nanging sinandhi lan kudu dionceki werdine.

Salah sawijining warisan leluhur sing nganti tekan saiki diuri-uri lan saya ngrembaka yaiku bathik. Bathik yaiku lembaran kain utawa bakal sing nduweni motif utawa corak maneka rupa. Nggawene motif kanthi migunakake malam sing sak durunge dipanaske banjur diciduk nganggo canthing kanggo nggambar. Bisa uga bathik digawe kanthi cara dicap.

Bathik minangka salah sawijining asil kabudayan sing adi luhung wus kawentar nganti tekan mancanagara. Awit saka iku bathik ditetepake dadi warisan non bendawi utawa Masterpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity duweke bangsa Indonesia dening The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO).

Bab kasebut dibiwarakake ing saindhenging ndonya ing tanggal 2 Oktober 2009. Sakbubare kanggo ngurmati bathik pamarintah Indonesia netepake tanggal 2 Oktober minangka Hari Batik Nasional. Saben tanggal 2 Oktober wong-wong ing dinas pamarentah kudu nganggo klambi bathik.

Nanging saiki wis mratah, warga Indonesia ing sadhengah wektu bisa nganggi busana bathik. Ing sawetara kutha ana kang majibake pegawe nganggo busana bathik ing dina Jemuah.

Wondene ing cathetan sujarah kasebut bathik ana sambung rapete karo kabudayan Majapahit lan kraton Islam ing bumi Nuswantara. Kepala Program Studi Batik Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Aan Sudarwanto, Rebo (29/8/2018), ngandharake bathik wis ana wiwit Abad IX. Dheweke adhedhasar saka salah sawijining wewangunan relief Candi Borobudur sing ngandhut cakrik bathik gringsing lan kawung.

Cakrik bathik kaya sulur-sulur uga ana ing salah sawijining relief Candi Prambanan. “Tegese ing jaman kuwi wis ana masarakat sing nggawe pakaryan mbathik,” andharane Aan nalika ditemoni ing Kampus ISI 2, Rebo.

Miturut Aan, gubernur jenderal Walanda sing dadi panguwasa ing taun 1656 uga nate ngandharake yen nalika iku akeh masarakat sing nggawe bathik. Cakrik lan warnane maneka rupa. Nanging ana salah sawijining cakrik sing dianggep angker yaiku sawat sing nggambarake garuda.

Aan ngandharake garuda minangka simbol panguwasa iku ana gandheng cenenge karo mitologi agama Hindu. Garuda digambarake nduwe awak emas, arupa putih, lan suwiwi werna abang. “Ing jaman iku anane Budha lan Hindu, dadi bisa wae wong-wong banjur nggawe bathik sing corake diisi pralambang garuda,” kandhane.

Sabanjure bathik gambar sawat dadi simbol panguwasa ing pulo Jawa, mujudake ageman para raja ing sajrone kraton. Bathik sawat dadi salah sawijining cakrik awisan dalem sing ora kena dienggo kabeh wong.

Sakliyane iku uga ana cakrik liyane sing kalebu awisan dalem yaiku Parang Rusak Barong, Parang Rusak Gendreh, Parang Klithik, Semen Gedhe Sawat Gurdha, Semen Gedhe Sawat Lar, Udan Liris, Rujak Senthe, Parang-parangan, Cemukiran, Kawung, lan Huk.

Miturut katrangan kang kaserat ing website Kratonjogja.id, saben Sultan sing mimpin kraton iku nduweni kuwasa netepake cakrik tartamtu sing dadi bathik larangan. Parang Rusak mujudake bathik larangan kaping pisan ing jaman Kesultanan Yogyakarta dening Sri Sultan Hamengku Buwono I taun 1785.

Ora mung minangka busana kanggo nutupi badan, bathik uga ngandhut makna filosofi sing mligi. Wong jaman mbiyen precaya bathik nduweni kapitayan ndadekake wong-wong sing nganggo luwih gagah, nduweni wibawa, lan sakpiturute. Kayata Parang Kusumo sing mujudake bathik tuwa dhewe ing Nuswantara.

Cakrik iku diprecaya dadi dadi pralambang tumrap pangarep-arep becik. Mula sing nganggo jarik cakrik iki kudu isih ana sesambungan dharah klawan panjenengan dalem nata utawa saora-orane isih cedhak sesambungane karo sentana dalem nata.

Uga ana Parang Slobong sing digunakake dening panjenengan dalem nata nalika ngadani utawa ngrawuhi adicara pangruktining layon. Parang Slobong nduweni makna filosofi minangka pangarep arep tumrap si layon antuk marga kang padhang anggone marak sowan ana ngarsane Pangeran Kang Mahakuwasa, dalan kamulyan ing alam kelanggengan.

Solo minangka punjere bathik Jawa nduweni maskot motif yaiku Parang, Sido Asih, Ratu Ratih, Bokor Kencana, lan Sekar jagad. Saya mrene motif bathik saya ngrembaka ing saknjabane tembok Kraton. Kabeh masarakat bisa nganggo utawa nggawe bathik.

Aan ngandharake bathik ing sanjabane Kraton kasebut bathik pesisir. Bathik pesisir sumebar ing Pekalongan, Cirebon, Wonogiri, Lasem, lan sakpiturute. Cakrike batik kasebut yaiku nduweni maneka werna sing luwih padhang kayata abang, ijo, kuning, lan sakpiturute.

Wondene motife beda-beda miturut dhaerahe. Batik Wonogiri nduwe motif godhong pohung amarga ing kana akeh wong nandur pohung. Dene Cirebon nduweni motif Mega Mendhung lan Paksi Naga Liman. Paksi Naga Liman kajupuk saka wewarah agama sing dianut pepanthan tarekat ing Cirebon.

“Lan isih akeh meneh jinis motif batik sing beda-beda dijumbuhake karo filosofi lan budaya ing saben-saben tlatah,” kandhane Aan.

Miturut sujarahe, Aan ngandharake bilih batik nduweni telung makna yaiku jinis seni kriya minangka pasren, spiritual, lan busana. Ing jaman saiki makna spiritual saya ditinggalke. Kajaba kanggone para ratu lan sentana dalem nata kang ana sajrone tembok kraton.

Ora mung cara nganggone, wong-wong sing nggawe bathik lumrahe nglakoni tirakat sakdurunge mbathik. Mligine para pembathik kraton. Aan ngandharake para pembathik kraton kudu pasa nglawan hawa nepsu sakdurunge mbathik. “Ya amarga sing digawe jinis motif mligi sing diprecaya nduweni makna filosofis lan daya kakuwatan,” kandhane Aan. 

Tokopedia