Keris, Karya Budaya & Seni kang Wigati

Wali Kota Solo F.X. Hadi Rudyatmo (tengah) maspadakake keris/keris hibah saka Kemendukbud ing Museum Keris Nusantara, Solo, Jawa Tengah, sawetara wektu kepungkur. (Antara/Maulana Surya)
23 Agustus 2018 15:05 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (23/8/2018) menika kapacak bab keris.

Solopos.com, SOLO -- Para leluhur masarakat Jawa jaman biyen banget memundhi lan nyinau babagan keris. Keris dadi salah sawijining piranti kang wigati, apameneh kanggone wong lanang. Curiga utawi keris dadi pralambang maknane lanang, prakosa, lan diwasa.

Mungguh pigunane keris iku werna-werna. Kayata dadi sipat kandel utawa pusaka keraton, piranti jangkepe busana, upacara adat lan masyarakat, uga simbol kapitayan. Kanggone wong tuwa keris mujudake gaman kang dianggep keramat lan ngandhut daya gaib.

Pangerten bab daya gaib keris umume muncul saka tutur tinular saengga pancen angel dibuktekake kanthi rasional. Mula akeh wong jaman mbiyen sing ngrumat keris kanti temenan. Nganti ana tradhisi jamasan keris nganggo wewangen lan maneka warna kembang.

Sanadyan babagan jimat lan gaman wis ora diugemi nom-noman saiki, keris minangka asil karya seni lan budaya Indonesia isih duwe kalungguhan wigati tumraping sawatara masarakat. Mligi ing babagan piranti upacara, isih akeh warga kang mingunakake keris. Kayata nalika adicara mantenan Jawa, tingkeban, upacara tumpak landhep ing Hindu Bali, lan sakpiturute.

Sakliyane iku keris uga kawentar minangka pasren kang edipeni. Uga lumrah dadi barang koleksi. Awit saka iku, ora nggumun dene saya suwe keris saya kawentar nganti tekan nagara manca. Akeh sing kepincut marang maneka warna wandane kang milangoni.

Miturut Kepala Program Studi Keris dan Senjata Tradisional, Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Kuntadi Wasi Darmodjo, Senen (20/8/2018), para warga saka nagara akeh kang padha sinau nggawe keris ing kampus ISI.

Saking senenge, wong-wong manca nagara iku padha gelem tuku keris sanadyan regane larang. Paling larang nganti puluhan yuta, apa meneh yen kasepuh emas. Pamor utawa bentuke keris saiki uga maneka werna. Ora mung wujud lawasan nanging uga ana bentuk sing luwih modheren miturut gagrag anyar.

Keris ora mung ana ing Jawa. Nanging kasebar sakupenge tlatah nuswantara. Miturut katrangan saka Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan kang kaserat ing lembaran rilis, keris ngrembaka ing tilas wewengkon Majapahit kayata Madura, Nusa Tenggara, Sumatera, Kalimantan, Sulawesi, Semenanjung Malaya, Thailand, uga Filipina.

Sanadyan mengkana mung keris Indonesia kang wus diakoni dening The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) minangka warisan kabudayan wiwit taun 2005.

Unggul Sudrajat, Donny Satriyo Wibowo, ing buku materi Muatan Lokal Bidang Kebudayaan: Keris, ngandharake dene piagam UNESCO ditandatangani dening Dirjen UNESCO Koichiro Matsuura ing 25 Nopember 2005. Dene piagam asline diwenehke marang Wakil Presiden wektu kuwi, Jusuf Kalla.

Saben panggon nduweni ujud, nama, cara nggawe, lan pigunane keris sing beda-beda. Kayata nama abinan, lan kerres (Madura); katga, kadutan, urak (Bali); pondok, dan ponoh (Gayo, Aceh); karih (Minangkabau); sele (Makasar); tapi, badik (Bugis); kujang (Sundha); kalis (Sulu, Pilipina), lan sak piturute.

Asal-Usul

Miturut rilis saka Kemendikbud, babagan asal-usul keris pancen durung ana katrangan pestine. Sanadyan wis kasebut ing prasasti saka abad IX masehi. Katrangan bab keris akeh-akehe adhedhasar gambar ing relief candhi utawa patung. Dene bab pigunane keris bisa diudhari saka prasasti.

Salah sawijining panel ing relief Candhi Borobudur ana gambar wong sing nyekel barang arupa keris nanging wujude miring. Dene keris gagrag anyar kaduga wujude adhedhasar saka jaman Majapahit ing abad XIV. Miturut relief, keris modheren dhisik dhewe ana ing Candhi Bahal Sumatera lan keris budha saka Jawa Timur ing abad X Masehi.

Sanadyan wis kasebut keris gagrag anyar utawa keris kamardhikan cara nggawene ora oleh saksake. Salah sawijing empu keris saka Karanganyar, Subandi, Rabu (22/8/2018), ngandharake menawa dheweke kudu tirakat sakdurunge natah wesi kanggo gawe keris. Kayata pasa nganti telung ndina.

“Pasa iki karepe ora mung babagan nahan mangan, nanging bisa pasa apa wae sing intine nahan hawa nepsu nalika arep nggawe keris,” kandhane Subandi.
Subandi ngandharake kanggone wong Jawa laku tirakat dilakoni ing bab apa wae, kaya nalika arep nggawe omah, nikahan, nenandur, lan sakpiturure.