60 Warna Wayang Urip ing Nuswantara

Pagelaran wayang kulit. (Solopos/M. Ferri Setiawan)
16 Agustus 2018 07:35 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (16/8/2018) menika kapacak bab wayang.

Solopos.com, SOLO -- Wayang kasebut saka tembung Ma lan Hyang sing ateges tumuju marang Gusti Allah kang Maha Kuwasa. Crita ing pagelaran wayang ing Jawa lumrahe mbabarake lakon Mahabharata, Ramayana, babad Panji, lan liyane. Wayang uga kasebut tontonan sing komplit, ana seni paraga, seni swara, seni sastra, seni lukis, lan seni pralambang.

Wayang kulit digelar ing layar putih kang sinebut kelir. Dene  wayang ditancepake ing debog sing ana ing sisih tengen lan kiwane dhalang. Ing mburine dhalang ana sinden lan pengrawit kang bakal ngiringi pagelaran.

Miturut katrangan saka Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) kang dikirimake marang solopos.com, pagelaran wayang wis diakoni dening The United Nations Educational, Scientific, and Cultural Organization (UNESCO) minangka karya kabudayan kang edi peni ing babagan carita dongeng lan warisan kang kudu diuri uri (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).

Wayang uga kalebu ing daptar warisan budaya UNESCO bab Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity kanti irah irahan The Wayang Puppet Theater ing tanggal 4 November 2008.

Miturut serat katrangan, wayang ngrembaka ing Nuswantara wiwit 1500 SM awujud ritual animisme. Para leluhur ing jaman mbiyen precaya banget menawa wayang bisa digunakake kanggo nekakake sukmane wong sing wis mati. Awit saka iku wayang banjur disembah lan kasebut kanti aranan hyang utawa dahyang kang awujud patung lan gambar.

Nalika jaman Hindu lan Buddha carita wayang saya ngrembaka kanti tambahan lakon sing uga kajupuk saka carita liya. Ing jaman iku wayang dadi sarana dakwah. Pagelaran wayang bisa dadi sarana tontonan, tatanan, lan tuntunan. Bisa wae iku amarga wayang wis dadi simbol kamanungsan sing uga kasebut wewayangane urip saka lahir nganti pati. Banjur saiki wayang uga kerep dadi sarana propaganda politik. Apamaneh yen wayahe ana pilihan kepala daerah, anggota dewan, utawa presiden.

Jinis Wayang

Wayang lumrahe digawe saka kulit kebo sing diolah dadi lembaran. Saben sak paraga wayang mbutuhake ukuran watara 50 x 30 cm kulit kang banjur ditatah. Tatah mligi kanggo gawe wayang digawe saka waja kanthi maneka warna wangun lan ukuran, ana kang lincip, gepeng, cilik, gedhe, lan wangun liyane.

Miturut catetane Kemendikbud ana 60 warna utawa jinis wayang ing Nuswantara. Wayang kulit purwa ngrembaka ing Jawa Tengah, Jawa Wetan, lan Ngayogyakarta. Dene Wayang Golek Sunda ana ing Jawa Kulon, Wayang Kulit Parwa ana ing Bali.

Wayang uga ana ing saknjabane tlatah Jawa kayata Nusa Tenggara Barat, Kalimantan Kidul, lan Sumatera. Sakliyane iku ana Wayang Garing, Wayang Beber Kyai Remeng, Wayang Beber Pacitan, Wayang Kulit Betawi, Wayang Suket, Wayang Thengul, Wayang Wong Mataraman, Wayang Wong Sriwedari, lan sakpiturute.