Ngrembakane Wayang ing Jaman Internet

Konferensi Gamelan Culture: Roots, Expression, and Worldview ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Jumat (10/8 - 2018). (Solopos/M. Ferri Setiawan)
16 Agustus 2018 07:05 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (16/8/2018) menika kapacak bab Ngrembakane Wayang ing Jaman Internet.

Solopos.com, SOLO -- Wayang mujudake salah sawijining tontonan asli Jawa sing disenengi masarakat wiwit jaman Majapahit nganti tekan saiki.

Guru Besar Gamelan saka Wesleyan University USA, Sumarsam, nalika ngrembug bab gamelan ing Konferensi Gamelan Culture: Roots, Expression, and Worldview ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Jemuwah (10/8/2018), ngandharake nalika Majapahit jugrug akeh tontonan lawas sing diguwang, diganti tontonan anyar. Nanging, seni budaya wayang, gamelan, lan beksan, isih diugemi dening masarakat Jawa.

Bab wayang lan gamelan ing jaman Majapahit iku kasebut ing serat-serat kuna. Kayata Suluk Wujil kang ngandhut bab wayang Cirebon lan gegayutane kalawan agama Islam. Sumarsam ngandharake bab wayang uga ana ing Hikayat Lembu Mangkurat saka Kalimantan Kidul. Wiwit abad 17 nganti abad 19 salah sawijining raja ing Kalimantan ngundang wong-wong saka Giri pentas wayang, nggambus, lan beksan. 

Miturut Sumarsam, nganti tekan saiki wayang isih dadi salah sawijining tontonan sing disenengi dening masarakat. Mligine wayang purwa. Ing negara manca pagelaran wayang tansah rame dikebaki wong-wong sing kepengin nonton. Kamangka tiket mlebune larang. Ora mung wayang, seni tradisional liyane kayata karawitan lan beksan uga dadi klangenane warga nagara liya.

Ing jaman saiki inovasi pagelaran wayang saya akeh. Dhalang–dhalang duwe cara dhewe-dhewe nalika miwiti pakeliran wayang. Ana sing alusan miturut pakem, uga ana sing isine mung guyonan. Cara sing kaya mengkono iku ora bisa disalahke. Malahan cara kasebut bisa narik kawigaten masarakat mligine nom-noman supaya seneng banjur sinau wayang.

Jagad Internet

Guru Besar Seni Pertunjukan Asia Tenggara & Wayang, UK, Matthew Isaac Cohen, nyerat babagan wayang ing Konferensi IGF 2018 kanti irah-irahan Wayang in Jaman Now: Reflexive Traditionalization and Local, National, and Global Networks of Javanese Shadow Puppet Theatre. Matthew ngandharake ing jaman saiki akeh wong sing kuwatir wayang lan budaya Jawa liyane bakal ilang diganti gadged uga internet. Miturut dheweke panemu iku salah.

Anane internet ing jaman saiki malah mbiyantu ngrembakane budaya Jawa kayata wayang lan sakpiturute. Dheweke banjur nyebutake para dhalang Jawa lan para sutresna budaya sing kerep nulis babagan wayang ing jagad Internet. Salah sijine dhalang saka Solo, Nanang Hape, sengkut minggunakake Twitter minangka sarana ndhalang.

Dhalang twitter iku wis misuwur tekan ngendi-ngendi. Artis lan warga saka mancanegara kerep nanggap Nanang ing Twitter. Dosen Sastra Jawa Universitas Gadjah Mada, R. Bima Slamet Raharja, uga nulis babagan wayang kuna ing jagad Internet yaiku Facebook. Saengga akeh warga mancanegara sing isa sinau lan rembugan bab wayang sanadyan beda negara.

“Akeh sing nduwe panemu menawa media digital bakal dadi pratandha patine wayang. Panemu iku salah. Sosiolog Scott Lash malahan ngandharake media digital bisa dadi partner kang migunani kanggo ngrembakake seni tradisional. Tontonan apa wae, bisa wayang, gamelan, utawa liyane,” kandhane Matthew.

Tokopedia