Jagad-jawa
Kamis, 4 April 2013 - 11:00 WIB

Budaya Kuwi Sukmane Bangsa

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Swasana karnaval budaya ing Kutha Solo ing taun 2011 kapungkur kang ngemu pangajak murih bebrayan agung Jawa ora kendhat ngleluri lan ndayakake budaya Jawa.

Swasana karnaval budaya ing Kutha Solo ing taun 2011 kapungkur kang ngemu pangajak murih bebrayan agung Jawa ora kendhat ngleluri lan ndayakake budaya Jawa.

Sinuhun Paku Buwono (PB) X nate nelakake lamun rum kuncaraning bangsa kuwi dumunung aneng luhurung budaya. Wredine ukara kuwi ora liya pepeling supaya bebrayan agung Jawa jaman saiki aja nganti nglalekake jati dhiri budayane, yakuwi budaya Jawa.

Advertisement

Pamerdi budaya Jawa Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat KRA Suseno Bumi Moyo Renggodipuro ndhudhah wredine ukara tinggalan dalem Sinuhun PB X kuwi ing sarasehan lan bawa rasa kanthi underan Balekna Jawaku ing Gedhong Krisna Techno Park Sragen, Kemis (28/3) awan.

Sarasehan kanthi underan kang padha, Balekna Jawaku, uga tau diadani ing Joglo Sriwedari, Minggu, 27 Maret 2011. Sarasehan ing Sriwedari iki diadani dening Jaringan Cagar Budaya Surakarta. Wredine sarasehan ora liya ngimpun bawa rasa kang kaajab bisa dadi pancatan ngracik karya lan laku kanggo ndayakake lan ngleluri budaya Jawa ing titi wanci iki.

”Budaya kuwi minangka sukmane bangsa kang handayani urip,” pratelane Suseno. Lestari lan uripe budaya ing madyaning bebrayan agung bakal  kekuwatan kang dadi keblate gesang. Mula, inggile budaya yakuwi adap, luhure bebudhi. Luhure budaya mahanani kuncara ruming budaya.

Advertisement

Apa kuwi budaya? Budaya yaiku woh pangolahing budi. Pangolah budi tegese makarti lair lan batin bebarengan minangka tuntunane urip. Sapa sing urip lelandhesan budaya bakal antuk pangaribawa lan wibawa kang becik.

Prabawa utawa pangaribawa yakuwi daya kang ora bisa dideleng dening mripat. Wibawa yaiku daya kang kasat mata, bisa dideleng sapa sing nindakake. Wibawa iki bisa kadulu ing busana kejawen, sapa sing nganggo sandhangan kasebut katon bregas patrap lan solah bawane.

Jawa nalika dijlentrahake miturut PB X yakuwi sejatining. Jawa, jiwa, jawi lan jiwi kuwi tuntunane urip kanggo ngedegake budi luhur, tindak tanduk, lan solah bawa kang sarwa becik. Kajaba kuwi, Suseno uga ngandharake babagan subasita, yaiku tatakrama lan tata susila utawa kasusilan. Ing bebrayan agung, bab tatakrama lan kasusilan dadi wigati banget.

Advertisement

Sapa wae kang ora ngerti tatakrama lan kasusilan sinebut wong sing ora njawani. Tegese wong kasebut kaanggep ora mangerti unggah ungguh, ora mangerti tuntunan budaya Jawa.

Pangarsa Paguyuban Kawula Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat (Pakasa) Sragen, KRA Rawuh Suprijanto Hadiningrat, nelakake adat budaya Jawa wus kedheseg dening budaya manca kang mlebu ing Tanah Jawa. Budaya Jawa kuwi budaya kang adiluhung, luhur, pinunjul, pilih tandhing, alus lan lungit, ngemu teges rumesep ing sanubari lan rumasuk ing kalbu.

Budaya Jawa maewu-ewu rupa lan jinis, kebak tatakrama, unggah ungguh, alus lan lungit. Contone budaya tata krama, basa, panyerat, kesenian, tembang jawa, budaya srawung, sesaji, semadi, tosan aji lan liya-liyane. Miturut Rawuh, budaya Jawa kuwi warisane leluhur kang asipat turun-temurun.

Wredine budaya Jawa ora asipat gumathok, lire tanpa ada wates-wates tinamtu. Eloke, budaya Jawa kang amba banget tebane kuwi lamun dilakoni dening sapa wae bakal mahanani urip dadi luwih kepenak, ayem lan tentrem. Dene lamun dilanggar bakal nuwuhake bebendu.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif