Jagad-jawa
Kamis, 7 Maret 2013 - 12:30 WIB

Etika Jawa Trep Tumrap Sapa Wae

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Presiden Susilo Bambang Yudhoyono ngandharake proposal Indonesia ing sela-selane Konferensi Tingkat Tinggi (KTT) G-20 ing ExCel London, Inggris, Kemis, 2 April 2009 kapungkur, sineksenan Presiden AS Barack Obama. Presiden Barack Obama kabiji nuduhake jiwa Jawa ing solah bawa padinane.

Nalika warga Amerika Serikat milih Barack Obama minangka presiden ing 2008, Indonesia lan Jawa katut disebut dening medhia-medhia internasional. Indonesia pancen negara sing ana gandheng cenenge kalawan laku uripe Obama. Jaman isih cilik, dheweke urip ing tengah-tengahe warga Jakarta.

Advertisement

“Maturnuwun baksone, sega goreng, emping lan kerupuke,” ujare Obama nalika tumeka ing Istana Merdeka, Jakarta, November 2010 kapungkur. “Kabeh enak,” ujare Obama ing basa Indonesia sing grothal-grathul, nanging nengsemake tumrap sapa wae.

Maneka jinis panganan kasebut pancen dadi perangan uripe Obama, lan nalika dheweke ketemu lan ngrasakake maneh, ndadekake dheweke kelingan jaman isih cilik lan urip ing Jakarta.

Sanajan Obama keturunan Kenya lan lair ing Hawaii, Amerika Serikat, dheweke kabiji duwe sipat-sipat lan solah bawa sing nuduhake simbol-simbol kejawen. Bab kasebut diandharake penulis esai warga Inggris, Edward Fox, ing ariwarti Guardian Februari kepungkur. Irah-irahan tulisan kasebut The Obama From Java (Obama Saka Jawa).

Advertisement

Ing tulisan kasebut, dheweke njlentrehake maneka falsafah lan etika Jawa kang bisa kadulu ing jati dhirine  Obama. Antarane yakuwi pakulinane Obama nggunakake jempol, dudu driji panuding, nalika nyumanggakake wong liya utawa nalika nuduhake sawijining wong .

Ing debat calon presiden AS, Obama  nuding calon presiden saka Partai Republik, Mitt Romney, nggunakake jempol. Nuding  wong liya nggunakake driji panuding miturut etika Jawa kalebu patrap ora sopan.

Obama tansah nyuwara alus lan kebak sopan santun nalika guneman. Obama uga tansah gelem srawung karo kabeh wong, ora mbedak-bedakake suku, agama lan ras. Obama uga luwih nengenake laku ngrungokake swara warga bebrayan ageng  tinimbang kakehan debat adu argumentasi.

Miturut pamerdi budaya Jawa kang uga dhosen ing Akademi Seni Mangkunegaran (Asga) Solo, Ki Demang Edy Sulistiyono, ora mokal nalika Obama tansah nuduhake patrap lan sipat-sipat kang raket banget kalawan budi pekerti asumber budaya Jawa. Sanajan ora suwe urip ing tlatah Jawa, miturut Edy, nanging  Obama pancen nuduhake sipat lan etika kejawen.

Advertisement

Lire, miturut Edy, etika Jawa kuwi pancen gampang ditampa dening sapa wae lan mesthi trep ing pribadine saben manungsa kang tansah ngudi kabecikan. ”Etika, estetika lan kaendahan budaya Jawa nalika manjing minanga atmosfer pribadi ora bakal ilang sanajan wong kuwi pindhah-pindhah panggonan utawa nganglang jagad,” pratelane Edy nalika disowani Espos ing kantore, Senen (3/3).

Simbol-simbol lan etika kejawen ngandhut kaskaya tan winates  kang bisa diudhari, disinau lan dilakoni. Wong Jawa duwe sipat tepa selira, medhang miring, tanggap ing sasmita lan isih akeh maneh. Tepa selira yakuwi nggambarake wong liya kaya awake dhewe.

”Nalika ora kepingin dijiwit, ya aja njiwit wong liya, kuwi tepa selira,” pratelane Edy. Medhang miring yakuwi ”nyandhak” wong  liya nanging kanthi cara ora langsung nuding wonge supaya ora kelara-lara lan njaga rasa. ”Nalika ana tamu kandha:  sumure apa asat, ta? Hla, sing duwe omah krasa, tanggap sasmita, kuwi tandha dhurung disuguhi wedang,” piterange Edy.

Etika Jawa sing dianggep sepele nanging wigati yakuwi nalika liwat ing ngarepe wong liya, samesthinya ngucap ”nyuwun sewu” utawa ”amit-amit”. Nanging, bocah saiki, akeh kang ora mudheng etika mangkene ini, biyasane jlag-jlug wae liwat tanpa ngucap nyuwun sewu.

Advertisement

 

Kadidene Samodra

Durung suwe iki nalika Joko Widodo isih nglenggahi kursi Walikota Solo lan duwe panemu kang beda kalawan Gubernur Jawa Tengah, Bibit Waluyo, babagan rengrengan mupangatake tilas Pabrik Es Saripetojo, Gubernur Bibit nelakake lamun Walikota Solo kuwi bodho. Nanggapi pratelane Gubernur kuwi, Jokowi ora nyelaki.

”Nalika kuwi Jokowi malah nglenggana lamun dheweke pancen walikota sing bodho. Patrape Jokowi kuwi Jawa banget, njawani. Pancen dheweke pinter ing babagan iki,” pratelane Edy.

Advertisement

Jalaran sipat lan solah bawa kang njawani kuwi malah akeh warga bebrayan ageng sing mbelani Jokowi. Wong sing gampang ngasorake wong liya, sanajan kuwi bener, malah bakal digenthingi dening wong akeh. Sipat gampang ngasorake wong liya kuwi asumber watak umuk lan gumedhe.

Miturut dhosen ing Jurusan Sastra Daerah (Sastra Jawa) Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) Universitas Sebelas Maret (UNS), Christiana Dwi Wardhana, isih akeh patrap utawa solah bawa sepela kang mengku wigatine etika Jawa. Wong sing njawani kuwi nalika mangan mesthi lungguh anteng tanpa kakehan swara, yen mamah panganan ora kumecap.

”Aku isih kelingan, nalika aku isih cilik tau ditapuk  cangkemku jalaran nalika mangan nywara, pancen ngono kuwi dianggep ora njawani,” piterange Christiana.

Mangan kanthi ngadeg ing adicara tinamtu kadidene pawiwahan jan-jane uga dudu budaya Jawa, kuwi budayane wong Kulon.  Wong Jawa ora bisa nampa patrap mangan sinambi ngadeg, mlaku mrana-mrene, guneman lan guyon.

Nalika ana wong loro utawa luwih sapatemon, sipat njawani kang bener yakuwi ngrungokake apa sing dikandhakake dening wong liya. Nalika nggatekake lan ngrungokake omonange wong liya ya aja disambi dolanan handphone utawa ngrungokake Ipod.

”Anakku tak seneni jalaran dijak omong dening wong sing luwih tuwa malah dolanan handphone. Tak saut HP-ne. Kuwi ora bener, kurang sopan,” pratelane Christiana. Miturut Edy Sulistiyono, wus pitrahe manungsa ing tlatah Jawa ora bakal ilang Jawane. ”Nalika isih ana wong Jawa urip, Jawane uga urip,” pratelane Edy.

Advertisement

Jawa bakal urip lan manjing harmonis ing antarane laku uripe wong Jawa kasebut. Sanajan siji loro wus rumangsa ilang Jawane amarga njupuk kabudayan liya, kuwi dudu mayoritas. Budaya Jawa, miturut Edy, tansah kuwawa manjing ing jaman apa wae. Watake budaya Jawa kuwi yektine kadidene samodra, bisa dileboni apa wae nanging ora bakal ilang jati dhirine.

Apa kang dumadi ing pribadi Obama, miturut Edy, nuduhake lamun watak lan sipat kang njawani kuwi bisa ditampa lan trep marang saben  manungsa. Lire, kabeh manungsa kuwi seneng lan cocok marang watak alus, tepa selira, ngregani liyan, andhap asor lan sapiturute.

 

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif