Jagad-jawa
Kamis, 7 Maret 2013 - 12:15 WIB

Budi Pekerti Kuwi Landhesan Kamanungsan

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Sawijining bocah pamit marang wongtuwane sakloron nalika arep mangkat sekolah. Patrap pamit kanthi ngaras tangane wongtuwa mujudake peranan wulangan tata krama ing budaya Jawa. Patrap mangkene iki jan-jane uga lumaku ing tlatah sanjabane wewengkon suku Jawa.

Sawijining bocah pamit marang wongtuwane sakloron nalika arep mangkat sekolah. Patrap pamit kanthi ngaras tangane wongtuwa mujudake peranan wulangan tata krama ing budaya Jawa. Patrap mangkene iki jan-jane uga lumaku ing tlatah sanjabane wewengkon suku Jawa.

Wujud kabudayan Jawa ora mung gaman keris, wangunan joglo, utawa ricikan gamelan. Kabudayan Jawa kuwi uga kawujud ing basa, etika lan solah bawa. ”Diwiwiti kanthi wujud verbal, sabanjure laku uripe manungsa, banjur produk peradaban,” ujare Ketua Institut Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Sahid Teguh Widodo, nalika ditemoni Espos ing kantore, Selasa (4/3).

Advertisement

”Solah bawa kang alus lan sopan, ora mung ana ing Jawa. Kuwi bisa diwulangake dening saben wongtuwa ing ngendi wae. Nanging, Jawa duwe pakem ing sesrawungan. Marang wong tuwa, enom, cilik lan panguwasa utawa priyagung,” pratelane Sahid. Tradhisi ngurmati marang wong liya kasebut dudu feodalisme, nanging budaya kan ngandhut ngelmu urmat marang wong liya.

”Gamblang lan cetha banget nalika sipat-sipate Obama ndadekake dheweke nggayuh kalungguhan mula. Sipat lan solah bawa sopan kuwi pondhasine moral. Basane apik nanging ora e sopan, ya dadine ora becik,” piterange Sahid. Miturut Sahid, generasi mudha Jawa jaman saiki jan-jane isih akeh sing mancik lan gondhelan marang kabudayan Jawa, sanajan ora sithik sing ninggalake Jawane.

Advertisement

”Gamblang lan cetha banget nalika sipat-sipate Obama ndadekake dheweke nggayuh kalungguhan mula. Sipat lan solah bawa sopan kuwi pondhasine moral. Basane apik nanging ora e sopan, ya dadine ora becik,” piterange Sahid. Miturut Sahid, generasi mudha Jawa jaman saiki jan-jane isih akeh sing mancik lan gondhelan marang kabudayan Jawa, sanajan ora sithik sing ninggalake Jawane.

Dhosen Filsafat Ilmu ing Program Pascasarjana Universitas Sebelas Maret (UNS), Oesman Arif, ngandharake lamun wong Jawa kuwi ora ngasorake sapa wae, sanajan kuwi mungsuh. “Obama nuding Mitt Romney nganggo jempol. Nuding nganggo jempol kuwi ngurmati, sanajan kuwi mungsuh ing pemilihan presiden,” pratelane Oesman

Mula, miturut Oesman, wigati banget tumrap wong Jawa tansah ndhudhah oyot kabudayane nganti sumbere. ”Gelem ngombe banyune, nanging ora ngerti sumure. Nalika sumure reged lan kasatan, lagi bingung. Mula sumber kabudayan kuwi kudu digatekake dening wong Jawa, kudu diopeni,” Oesman nandhesake panemune.

Advertisement

Tanggung Jawab

 

Kabudayan Jawa ing wujud etika nggunakake basa, solah bawa dan prilaku pancen wus ora diwulangake kanthi temen-temen ing sekolahan-sekolahan. Kurikulum Basa Jawa ora kuwawa nyakup kabeh landhesan etika Jawa minangka sumber nggegulang generasi.  Miturut dhalang lan dhosen ing Akademi Seni Mangkunegaran (Asga), Ki Demang Edy Sulistiyono, mulangake kabudayan Jawa ing jagad pawiyatan formal kuwi wigati supaya generasi mudha ora kelangan jati dhiri.

Advertisement

Kudune wong Jawa kuwi isin lan ora lila nalika ana wong liya gumregut sing sinau lan ngetrapake kabudayan adiluhung Jawa, dene wong Jawa malah ora ngerti lamun kabudayan Jawa kuwi ngandhut wulangan adiluhung kang asipat universal, bisa ditampa dening sapa wae lan saka ngendi wae.

Pendhidhikan budaya Jawa kang becik kudu sinartan wulangan budi pekerti, kudu ana guru budi pekerti. Dwija budi pekerti ora mung dwija, nanging ngerti temen-temen apa Jawa kuwi. Ing jaman saiki, sing diwulangake rata-rata mung kulite, satri pathine ora tau didhudhah. Samesthinya ing saben sekolahan ana dwija budi pekerti ing saben sekolah. Iki sing bisa nguwatake jati dhiri lan kapribaden wong Jawa kang temen-temen njawani.

Kajaba kurikulum ing jagad pawiyatan formal, miturut Oesman,  media massa kudune aja mung mertakake lan nggiyarake asil-asil buday amanca kang racake saperangan akeh ora trep kalawan jati dhiri budaya Jawa, mligine babagan etika. Media massa pancen ngrembaka dadi bisnis, nanging, miturut Oesman, kudune aja nganti lali marang kuwajiban lan tanggung jawab supaya generasi mudha ngadeg jejeg ing pondhasi kabudayan Jawa minangka oyot kabudayan lan jati dhiri.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif