Jagad-jawa
Kamis, 28 Februari 2013 - 15:00 WIB

Nggegulang Generasi Bangsa Kuwi Kewajibane Bebrayan Ageng

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Ilustrasi Kelas Inspirasi Gerakan Indonesia Mengajar (JIBI/Solopos/Dok.)

Para pasarta Kelas Inspirasi ing workshop sing mapan ing Gedung A Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret (FKIP UNS) Solo, Setu (16/2/2013). Ing workshop kuwi, para pasarta Kelas Inspirasi ndhudhah cara dadi guru sing apik lan becik

Kelas Inspirasi yakuwi kridhane para profesional ngedum ilmu lan pengalaman gegayutan profesine marang bocah-bocah ing sekolah dasar (SD). Adicara kang digagas Indonesia Mengajar  sing dipangarsani Anies R Baswedan (Rektor Universitas Paramadina Jakarta) kasebut diadani kutha-kutha ing Indonesia, yakuwi, Jakarta, Surabaya, Pekanbaru, Bandung, Jogja lan Solo.

Advertisement

Ing Kutha Solo, Kelas Inspirasi mapan ing 10 SD lan ana 98 profesional sing maragani dadi guru suwene setengah dina. Para guru setengah dina kuwi asline saka maneka jinis profesi, yakuwi wartawan, public relations, apoteker, montir, desainer, animator, pegawe perpajakan lan liya-liyane.

Miturut Supriyadi, guru ing SDN Dukuhan, Kerten, Laweyan, Solo sing dadi salah siji SD papan adicara Kelas Inspirasi, adiacara kasebut apik banget lan wigati tumrap para guru lan murid.

“Murid antuk swasana anyar, sanajan mung sedina. Akeh murid padha seneng, lan akeh sing pengin ana acara kaya ngene iki maneh,” ujare Supriyadi. Kelas Inspirasi uga nambah kawruhe para guru sing saben dina nggegulang para siswa ing SDN kuwi. Para guru dadi tambah kawruh kanggo njurung para siswa murih duwe gegayuhan sakdhuwur-dhuwure.

Advertisement

“Muga-muga wae ora mung sepisan iki. Yen bisa saben semester nalika ana wektu longgar bisa dimupangatake kanggo adicara mangkene iki,” pratelane Supriyadi sing ing SDN kesbut dadi guru olahraga.

Guru senior ing SDN Serengan 2 Solo, Suwarsih, mratelakake pehak sekolah sumadya kapan wae nyengkuyung Kelas Inspirasi mewana bakal diadani maneh. “Akeh ilmu anyar sing bisa dikawruhi para siswa lan guru,” ujare Suwarsih.

Salah siji siswa Kelas VI SDN Dukukan, Kerten, Laweyan, Solo Novita, 11, nelakake rasa bungah lan senenge jalaran antuk ilmu anyar saka para pasarta Kelas Inspirasi. ”Diajari akeh, diajari wawancara, dicritane keprite kepenake dadi wartawan, bisa lunga tekan luar negeri, ketemu artis. Uga diajari gawe desain sandhangan,” ujare Novita.

Advertisement

Lambang, 10, siswa Kelas V SDN Serengan 2, Solo, rumangsa  begja kemayangan jalaran bisa guneman lan kalawan wong ing Australia, amarga salah siji pasarta Kelas Inspirasi ing kelase nggawa piranti kang kasambung Internet lan program Skype.

Kelas Inspirasi, miturut Supriyadi lan Suwarsih, kuwawa ndhudhah rasa preduli saka warga bebrayan ageng lamun pendhidhikan kuwi ora mung kuwajibane para guru ing sekolah. Pendhidhikan tumrap generasi bangsa iki uga dadi tanggung jawabe kabeh warga bebrayan ageng.

Miturut Dekan Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Sebelas Maret (FKIP UNS), M Furqon Hidayatullah, Kelas Inspirasi kadidene ngesok hawa seger ing jagad pawiyatan ing sekolah-sekolah.  Para profesional kanti suka lila ngedum pengalaman urip kang tundhone bakal njurung kridhane para siswa murih temen-temen nggayuh urip kang becik ing tembe mburi.

”Siji kang prelu digatekake, yakuwi ora uwal saka kompetensi pendhidhikan. Kurikulum lan kompetensi pendhidhikan tetep kang utama. Kompetensi kuwi ora liya nggayuh kawujude manungsa kang paripurna lair lan batin,” ujare Furqon. Miturut Furqon, lumantar Kelas Inspirasi kuwi para guru kang sejati uga antuk pengalaman anyar kang ing tembe mburine bisa didayakake murih anggone nggegulang para siswa bisa sansaya luwih apik.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif