Jagad-jawa
Kamis, 7 Februari 2013 - 14:00 WIB

Budaya Adiluhung Kalah Kalawan Dhuwit

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panitya Pamilihan Kepala Desa (Pilkades) Ngabeyan ngetung kertu swara ing Balaidesa Ngabeyan, Kecamatan Kartasura, Sukoharjo, Senin (3 Desember 2012). Pilkades mujudake laku demokrasi kanggo ngudi pemimpin kang suwung pamrih lan rame ing gawe.

Panitya Pamilihan Kepala Desa (Pilkades) Ngabeyan ngetung kertu swara ing Balaidesa Ngabeyan, Kecamatan Kartasura, Sukoharjo, Senin (3 Desember 2012). Pilkades mujudake laku demokrasi kanggo ngudi pemimpin kang suwung pamrih lan rame ing gawe.

Ing Kabupaten Sukoharjo durung suwe iki diadani pamilihan kepala desa (pilkades) ing 125 desa. Saiki wancine warga bebrayan agung ing Sukoharjo nagih janjine para kades kang kapilih lan wus ditetepake minangka jejering pangarsa paprentahan ing saben desa kuwi mau.

Advertisement

Ngumbar janji nalika kampanye pancen gampang, nanging mujudake janji butuh daya lan niyat kang emen-temen. Kepala Desa Gentan, Kecamatan Baki, Sukoharjo, Uke Kurniawan, nelakake nalika wus kapilih dadi  kades pancen duwe kuwajiban kanggo mujudake kabeh apa kang tau dikandhakake nalika kampanye.

”Desa Gentan kene butuh reformasi sistem administrasi, para pamong desa kudu bisa luwih tertib. Saiki wus ana ana presensi sidik jari. Dadi ya ora bisa teka telat utawa mulih luwih dhisik,” ujare Uke nalika ditemoni Espos kang Balaidesa Gentan, Slasa (5/2).

Advertisement

”Desa Gentan kene butuh reformasi sistem administrasi, para pamong desa kudu bisa luwih tertib. Saiki wus ana ana presensi sidik jari. Dadi ya ora bisa teka telat utawa mulih luwih dhisik,” ujare Uke nalika ditemoni Espos kang Balaidesa Gentan, Slasa (5/2).

Uke nelakake sasuwene rong sasi ngembani kuwajiban minangka kades pancen ora gampang. Janji kang tau dikandhakake nalika kampanye ing sangarepe warga Desa Gentan ora gampang diwujudake. Sistem administrasi kang angel lan njlimet kudu didandani, nanging nganti saiki durung kasil temen-temen.

”Durung suwe iki ana warga nandhang lara tumor ing gulu, ora duwe kertu Jaminan Kesehatan Masyarakat (Jamkesmas) utawa  Jaminan Kesehatan Daerah (Jamkesda). Jalaran sistem administrasi sing ruwet aku kudu wira-wiri ngurusi supaya bisa operasi kanthi gratis,” ujare Uke.

Advertisement

Uke mratelake nalika pilkades dheweke ora cucul prabeya politik kang akeh. Niyat dadi cakades wus thukul setaun kapungkur awit prihatin ndheleng warga masarakat kang nandhang lelara nanging ora antuk pambiyantu saka pemerintah.

”Masarakat utawa warga bebrayan agung sejatine seneng nalika digatekake lan diwongke. Nguwongke kuwi ateges ora prelu nganggo dhuwit supaya antuk panyengkuyung,” ujare Uke. Miturut Uke, warga bebrayan agung jaman saiki sansaya pinter.

Saiki warga bebrayan agung wus mudheng apa kuwi money politics saengga luwih ngati-ati lan ora gelem milih calon pemimpin sing mung ngendelake dhuwit utawa bandha donya kamanya kapribadene ora bisa dadi tepa tuladha.

Advertisement

Dhalang Wayang Kampung Sebelah, Ki Jlitheng Suparman, nelakake lamun wulangan warisane RMP Sosrokartono, suwung pamrih tebih ajrih utawa sepi ing pamrih rame ing gawe, angel ditrapake ing sistem lan jaman saiki. Falsafah urip, ideologi kang adiluhung wus kalah kalawan dhuwit.

”Mula, sepi ing pamrih kuwi saiki kaya-kaya wus ora ana, yen ta ana ya tipis banget,” pratelane Ki Jlitheng. Jaman saiki angel banget golek panguwasa sing sepi ing pamrih rame ing gawe. Pemimpin kang suwung pamrih kuwi langka banget.

”Aku ora yakin wredine sepi ing pamrih rame ing gawe bisa kawujud ing sistem pemerintahan saiki. Sing mratah ya sistem transaksional, kabeh kudu nganggo dhuwit. Sapa sing duwe dhuwit, bisa maju,” pratelane Ki Jlitheng.

Advertisement

Saiki, miturut Ki Jlitheng, kang luwih wigati yakuwi piye carane nenangi lan ndayakake budaya gotong royong, urip rukun lan tepa selira ing madyaning bebrayan agung. Menawa saperangan gedhe warga bebrayan agung bisa kukuh madeg lan tumindak lelandhesan budi luhur, samengkone sistem lan budaya kang kleru bisa didandani lan pemimpin kang suwung pamrih bisa njedhul lan disengkuyung.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif