Jagad-jawa
Kamis, 31 Januari 2013 - 08:33 WIB

Spiritualitas Kulawarga Jawi

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Dhanu Priyo Prabowo Panaliti Sastra Balai Bahasa Yogyakarta. (FOTO/Istimewa)

Dhanu Priyo Prabowo
Panaliti Sastra
Balai Bahasa Yogyakarta. (FOTO/Istimewa)

Salebeting gesang ing ngalam donya, manungsa kaangkah saged pinanggih ing karahayon. Semanten ugi tumrapipun tiyang Jawi. Wonten ing madyaning kabudayan Jawi, gegayuhan luhur ingkang idheal dados pepinginan ingkang tansah dipunwucalaken amargi manungsa lajeng saged tanggap ing grahita. Tiyang ingkang grahitanipun gesang batosipun santosa.

Advertisement

Grahita punika saestunipun ngajab manungsa supados manungsa saged laras antawisipun pepenginan kaliyan tumindakipun. Tiyang sugih grahita saged maspadakaken pribadinipun saking awisan-awisan ingkang wonten murih ing tembenipun saged mbangun brayat ingkang sembada antawisipun wanita lan priya.

Pikajenganipun wanita anggenipun jatukrama sageda pikantuk kaliyan priya ingkang sepisan: alus budinipun, bagus ing warna, sembada ing pasariranipun. Kapingkalihipun: awatek setya ing rabi, tuhu asih, mboten melik ing wanita sanes. Kapingtiganipun: ageng guna-kayanipun, tanpa pakareman utawi saradan, saged momong, ngremenaken manah.

Advertisement

Pikajenganipun wanita anggenipun jatukrama sageda pikantuk kaliyan priya ingkang sepisan: alus budinipun, bagus ing warna, sembada ing pasariranipun. Kapingkalihipun: awatek setya ing rabi, tuhu asih, mboten melik ing wanita sanes. Kapingtiganipun: ageng guna-kayanipun, tanpa pakareman utawi saradan, saged momong, ngremenaken manah.

Kapingsekawanipun: ambeg legawa, kandel-kumandel dhumateng rabinipun, mujudaken ing panyuwunan, cumondhong karsa raharja. Pikajengan kados makaten wau ketingal idheal, ananging punika dados pangajabipun saben wanita supados priya minangka jejering pangarsaning kulawarga saged dados gondhelan saha pangayomaning brayat.

Wondene pikajenganipun priya sageda jatukrama pikantuk wanita ingkang: sulistya warni tuwin rahayu ing budi, setya tuhu dhumateng guru-laki, wasis rumanti angrukti bale griya, gemi (saged nata ngubetaken guna-kaya), awatak nriman, tuwin mboten butarepan.

Advertisement

Wewatekanipun wanita punika: gemi (saged ngrimat, mboten ngebreh, saged nyimpen wados), suci (setya tuhu dhumateng guru-laki), nastiti (patitis ngetang, ngeman dhumateng lampah ingkang mboten mikolehi), ngatos-atos (yitna mboten sembrana dhumateng tatanan solah muna-muni mboten tilar ing duga-watara), gemati (mboten keguh anggenipun open-open saha mulasara sariraning guru-laki), mangertos (saged nuju karsa, sumerep wahyananipun mangsa-kala), miranti (taberi jagi-jagi menawi wonten karya sawekdal-wekdal, sampun ngantos kedadak ing betah satemah kecipuhan), rigen (kuwawi nata-mranata ngrakit-ngrukti), tegen (jenak, mboten ndadak klentu wewengan ngantos rampung garapanipun), mugen (mungkul manah sawiji, tanpa mawi mangro tingal).

Wewatekanipun wanita ingkang kados makaten wau mboten sawenehing gegayuhan ingkang tanpa bukti, amargi mboten rumiyin utawi samangke, kathah wanita ingkang mrantasi damel ing balewismanipun (ingkang kedahipun dados tanggel jawabipun kakung). Sedaya wau nedahaken bilih wanita Jawi punika mboten namung jejering ”kanca wingking”, amargi wanita saged dados sesulihipun kakung nalika kulawarga saweg wonten ing prakawis.

Wanita saged dados sesulih ing salebeting bale griya amargi ing kabudayan Jawi wonten piwucal-piwucal ingkang njurungaken wanita dhumateng ing kawicaksanan. Saged dados wicaksana amargi wanita mangertos ingkang dados sirikanipun. Wondene sirikanipun wanita punika wonten sedasa prakawis, inggih punika (1) watak cugedan, butarepan, (2) dhemen tilar griya amung adhapur remen-remen, (3) mboten ngapunten lepating kakung, namung mbujung leresipun piyambak, (4) lancang-calak, kados kuwasa piyambak, (5) mboten bekti dhumateng guru-alki, amung tansah memadoni, waton anyulani, (6) sok purun medhar wewados, ngucap prakawis ingkang damel rikuh-wirangipun guru-laki, (7) jenak jejagongan kaliyan priya ingkang sanes sisihanipun, (8) sumengit, mboten asung kurmat dhumateng tiyang sepuh, mara sepuh, (9) gumedhe, remen pamer, ngunggul-ngunggulaken dhiri, lan (10) boros, ngebreh, dupeh namung kantun pikantuk.

Advertisement

Wondene para priya, ing alam kabudayan Jawi, ugi dipunwucal supados piyambakipun satimbang utawi salaras murih anggenipun nindakaken jejibahanipun saged maremaken wanita, inggih punika kedah saged kangge papan pangeyoman, kedah saged dipunguroni, kedah pantes dipuntresnani, kedah pantes dipunajeni, kedah pantes dipunjagekaken guna-kayanipun, kedah saged njagi kaurmataning brayat, kedah saged nyekapi betahipun bryat, kedah saged ambombong manah, kedah saged damel bingah ingkang samurwatipun, saha kedah saged anenarik dhumateng kautamen. Priya Jawa kedah sembada minangka suhing kluwarga.

Kejawi punika, murih saged sembada, priya Jawi kedah saged nebihi awisan dhumateng rabinipun, (1) siya, kasar, sumengit, (2) cupar, ugi tansah sarwa maido, (3) ngundhat-undhat ngundhamana, (4) memoyok amemada, (5) sugih awisan saha sanget anyenyancang, (6) mathet sanget dhumateng kabetahan, (7) cengkiling, purun milara ing rabi, (8) kolon, mboten ngoman-omani, (9) kemproh, ngantos numusaken raos jijik, (10) nglobot, ngantos damel kucem. Sedasa awisan tumraping tiyang jaler minangka tetungguling bale somah punika asung piwucal menawi dados tiyang jaler Jawi kedah anggadhahi gembolan menggah saratipun tiyang ingkang pantes dipuntulad.

Awisan suwau ngajab supados tiyang jaler dados sumbering katentreman ingkang sanyata tumraping brayat, mboten namung dhumateng sisihanipun, ananging ugi dhumateng para putranipun. Kathah brayat Jawi ingkang padintenanipun saged sempulur tuwin para putranipun sami pinter-pinter (sanajan saking kluwarga biasa-biasa kemawon) jalaran ing satengahing brayatipun tuwuh raos ayem lan ayom.

Advertisement

Ing jaman modheren kados samangke, jejeripun tiyang jaler/bapa saged nyrambahi lestantunipun brayat menawi piyambakipun saged nebihi awisan-awisan kados ingkang kaandharaken suwau. Kathah kemawon pangarsaning bale griya jaman samangke ingkang sami kirang nggatosaken brayatipun amargi kabekta ing kathahing pedamelan/sibuk.

Pawadanipun: mbujung cekaping betah! Tundhonipun, anak-anakipun lajeng wiwit mboten purun ngajeni tiyang sepuhipun amargi bapakipun mboten suka patuladhan sanyata ing bale somahipun. Menapa ingkang ginelar ing madyaning bebrayan lan kabudayan Jawi suwau estunipun dados local genius ingkang kedah dipungegulang. Gesang saya dangu saya awrat mboten dados pawadan lajeng kulawarga Jawi nilar local genius ingkang dados  bothekanipun gesang. Sampun ngantos ungeling paribasan: mburu uceng kelangan deleg.

Kathah kulawarga Jawi kecalan kekiyatan spiritualipun amargi nyondhongi dhumateng gesang ingkang hedonis, gesang ingkang namung gumantung kaliyan gebyaring jagad. Wucalan Jawi bab bakohing kulawarga ingkang dipundarbeki dening Jawi saeba endahipun menawi saged dipuncakaken ing madyaning bale griya saben dintenipun. Pramila wigatos sanget tiyang Jawi sugih ing grahita.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif