Jagad-jawa
Kamis, 31 Januari 2013 - 10:31 WIB

PURWAKA: Sumur Lumaku Tinimba

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Bambang Ikhwanto Dosen Pendidikan Bahasa lan Sastra Daerah Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo. (FOTO/Istimewa)

Bambang Ikhwanto
Dosen Pendidikan Bahasa
lan Sastra Daerah
Universitas Veteran
Bangun Nusantara Sukoharjo. (FOTO/Istimewa)

Rikala semanten ”sumur lumaku tinimba” satunggaling paribasan ingkang pangertosanipun bilih tiyang pinter makaten dipun embakaken sumur, minongka tuk sumbering toya kabetahanipun titah gesang bebrayan.

Advertisement

Tiyang pinter kasebat lajeng kersa lelana njajah desa milang kori (lumaku), wontening sadhengah panggenan kendel sumene sawetawis paring sesuluh dhumateng tetiyang ingkang wonten ing ngriku.

Para tetiyang ingkang pinaringan sesuluh sami remen tumanggapipun karana sesuluhipun medhar seserepan utawi perkawis ingkang piguna saha murakabi menggahing gesang bebrayan (tinimba).

Advertisement

Para tetiyang ingkang pinaringan sesuluh sami remen tumanggapipun karana sesuluhipun medhar seserepan utawi perkawis ingkang piguna saha murakabi menggahing gesang bebrayan (tinimba).

Kawontenan samangke, lelampahan kados kababar ing nginggil sampun tangeh kalampahanipun, karana tiyang pinter sampun waradin ing pundi-pundi awit saking kemajenganing sadaya seserepan tuwin ngrembakaning cara panyebaring pawartos.

Punika ndadosaken masyarakat mangertosi kados pundi lumampahing peprentahan nagari lan kados pundi kedahipun, saengga para warga masyarakat saged mastani pundi para pangarsa ingkang tumindak leres saestu, pundi ingkang tumindak leres namung kangge aling-aling culikanipun.

Advertisement

Pamanggih kula, mesthinipun pakulinan utawi tradhisi kados ”sumur lumaku tinimba” makaten kedah dipun tulad dening sinten kemawon, mliginipun para pangemban pangembating praja, langkung-langkung para pangarsaning nagari punapa kalenggahanipun.

Dados pangarsaning nagari punika embanipun sumur kalawau, lajeng kersa lumaku (lelana njajah desa milang kori), wekasanipun peparing dhumateng masyarakat ingkang piguna lan murakabi (tinimba).

Cethanipun bilih pangarsaning nagari punika minongka tuk sumbering sadaya kabetahanipun masyarakat, pramila pangarsa kedah mangertosi punapa kemawon ingkang dipun betahaken dening rakyatipun kanthi saestu mboten namung adhedhasar palaporan kemawon.

Advertisement

Isinipun palaporan kasebat dereng kantenan leres utawi ingkang dipun laporaken mboten sami kaliyan kasunyatanipun. Pikajengipun sageda pikantuk pangalembana saking pangarsa, tundhanipun ndadosaken dudutan pangintening pangarsa saged klintu utawi kirang trep punapa mboten jumbuh kaliyan kabetahanipun, saengga kirang piguna saha kirang murakabi dhumateng gesang bebrayan masyarakat.

Pakarti ”sumur lumaku tinimba” kados seserepan nginggil, tuladhanipun kados ingkang dipun tindakaken dening Joko Widodo (Jokowi) prayageng pangemban pangembating praja minongka pangarsaning paprentahan utawi Gubernur DKI Jakarta.

Panjenenganipun yektos nindakaken “sumur lumaku tinimba” ingkang kasusra mawi sebatan ”blusukan”. Kasunyatanipun panci leres, sadaya sami nguningani bilih panjenenganipun anggenipun ”blusukan” mboten namung murih pikantuk pangalembana, ananging yektos-yektos badhe mangertosi kawontenanipun warganipun.

Advertisement

Wontening ”blusukan” punika Gubernur DKI Jakarta pirsa piyambak bilih para pamong praja anggenipun nindakaken paprentahan kirang prayogi antawisipun: tansah randhat anggenipun mlebet kantor saengga ngganggu saha ngirangi anggenipun ngladosi dhateng rakyat.

Pangertosan ingkang kaandharaken punika nedahaken bilih ”blusukan” kados ingkang dipun tindakaken Jokowi, Gubernur DKI Jakarta, makaten wosipun sami kaliyan ”sumur lumaku tinimba”, prayogi katulad saha katindakaken dening pangarsaning nagari ing tataran punapa kemawon.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif